Laku sajangkah, basa manca wis diambah Wis doyan sega, hamburger sing sumadya Ana dhakonan, betengan, uga benthikan Dicawisi Barbie, Naruto, Batman, lan Sinchan Jare mono kareben ora keri ing jaman lan peradhaban Kulit sawo mateng Irung pesek Dedeg sedhengan Mripat coklat Lha kok ngowahi padatan Kena wae sinau manca kanggo pengalaman Nanging ... iki lho pangananmu Rasakna dhisik... mamahen mbaka sithik!!! Sawangen galo! Bulene fasih aksara Jawa apadene Bedhaya Gamelan keprungu ing negara Paman Sam Lha nek kabeh diusungimrana, Awake dhewe duwe apa?? Yen ora kokrukti... bakale kowe nangis nggegirisi Banjur arep keklamben apa Yen kembenmu wis ora rupa? Upama... Iyaaa... iki isih ukara upama Lan muga-muga pancen amung pangangen ala.