You are on page 1of 4

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SD IHSANIYAH 1 KOTA TEGAL


Jalan Waringin No. 27 Telp. 341942 Tegal
E-mail : sdihsaniyahpusaka@yahoo.co.id

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 SD/MI


TAHUN PELAJARAN 2021 / 2022

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : V (Lima)
Hari, Tanggal : Senin, 6 September 2021
Waktu : 09.30 – 11.00 WIB

PETUNJUK UMUM
1. Tulislah namamu di sudut kanan atas pada lembar jawaban !
2. Bacalah soal-soal dengan teliti dan benar!
3. Kerjakan soal-soal yang mudah dahulu!
4. Teliti kembali hasil pekerjaan sebelum kamu serahkan kepada gurumu !

I. WENEHANA TANDHA PING (X) ING AKSARA A, B, C, UTAWA D KANG BENER, LAN
ISENANA NGANGGO TEMBUNG UTAWA UKARA KANG TREP!

KD 3.1
Wacanen teks pidhato ing ngisor iki!
Pidhato Perpisahan

Assalamu’alikum Wr.wb

Ibu Nadiyatul Qomariyah minangka Kepala Sekolah ingkang kula bakteni. Bapak/Ibu Guru SD
Ihsaniyah 1 ingkang kula bekteni. Bapak/Ibu tiyang sepuh saking mas lan mbak kelas VI ingkang
kinurmatan Mas lan Mbak kelas VI ingkang kula tresnani.
Sak derengipun kula matur, mangga kula derekaken asung puja dhumateng Gusti Allah SWT.
Awit dinten menika kita taksih saged kempal wonten aula sekolah kanthi bagas waras, kalis ing rubeda
nir ing sambikala.
Keparenga kula pun Danish Syabil Ananda minangka sesulih siswa-siswa ing SD Ihsaniyah 1
ngaturaken sugeng rawuh ing acara perpisahan siswa - siswi kelas VI kang cacahe 63, ingkang purna
anggenipun sekolah kanthi lancar samudayanipun. Kula minangka adik kelas ngaturaken selamat
kangge mas lan mba kelas VI ingkang sampun lulus sadaya kanthi biji sae. Sadaya wau awit saking
panggulawentahipun sadaya Bapak/Ibu Guru utamipun Ibu Guru Siti Istiawati ingkang ngasta kelas
VI ingkang tansah sabar mbimbing siswa.
Mugi-mugi Mas kalian mbak saged nerasaken sekolah wonten ing SMP, taksih pinter lan emut
dhateng Bapak/Ibu guru.mbangun miturut dateng tiyang sepuh, saha mboten kesupen dhumateng Gusti
Allah.
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Kupat bumbu santen, menawi lepat nyuwun
pangampunten. Nuwun.
Wassalamaualikum Wr. Wb

1. Pidhato kuwi diwacakake ing acara perpisahan kanggo ….


a. Kanca kang pindah sekolah
b. Guru kang pindah sekolah
c. Siswa kelas VI kang lulus
d. Wong tuane kang seda
2. Siswa kang lulus cacahe ….
a. Seket enem
b. Sewidak
c. Sewidak telu
d. Pitung puluh
3. Sing pidhato ing acara perpisahan kelas VI jenenge …..
a. Siti Istiawati
b. Mas lan Mbak
c. Maharaja
d. Danish Syabil Ananda
4. Sak derengipun kula matur, mangga kula derekaken asung puja dhumateng Gusti Allah SWT.
Ukara ing pidhato kuwi kelebu perangan ….
a. purwaka
b. surasa basa
c. pangarep-arep/ panutup
d. salam pambuka
5. Keparenga Kula Danish Syabil Ananda minangka sesulih siswa-siswi ing SD Ihsaniyah 1. Tembung
sesulih tegese ….
a. ganti
b. wakil
c. nyilih
d. ngomong
6. Guru kang ngasta kelas 6 jenenge ….
a. Nadiyatul Qomariyah
b. Siti Istiawati
c. Danish Syabil Ananda
d. Mba lan Mas
7. Mugi-mugi Mas kalian Mbak saged nerasaken sekolah wonten ing SMP, taksih pinter lan emut
dhateng Bapak/Ibu guru.Ukara iku ing pidhato kelebu ….
a. purwaka
b. surasa basa
c. panutup/ pangarep-arep
d. salam pambuka
8. Kang kelebu suarasa basa ing pidhato perpisahan mau, yaiku ….
a. Ibu Nadiyatul Qomariyah minangka Kepala Sekolah ingkang kula bakteni. Bapak/Ibu Guru SD
Ihsaniyah 1 ingkang kula bekteni.
b. Mekaten ingkang saged kula aturaken. Kupat bumbu santen, menawi lepat nyuwun
pangampunten. Nuwun.
c. Sak derengipun kula matur, kula derekaken asung puja dhumateng Gusti Allah SWT.
d. Kula minangka adik kelas ngaturaken selamat kangge Mas lan Mba kelas VI ingkang sampun
lulus sadaya kanthi biji sae.
9. Basa sing digunakake ing pidhato perpisahan sekolah mau yaiku ….
a. basa ngoko
b. basa inggris
c. basa Indonesia
d. basa krama inggil
10. Perangane pidhato kang njelasake isi pidhato diarani ….
a. surasa basa
b. purwaka
c. panutup/ pangarep-arep
d. salam pambuka
KD 3.2
Wacanen crita wayang iki kanthi setiti!

Karna Madeg Senopati


Perang Bratayuda, perang gedhe antara Pandhawa lan Kurawa manggon ing Tegal Kurusetra
wis nuwuhake raja pati lan kurban kang ora sethitik. Akeh satriya kang wis padha nemahi pralaya.
Senopati Kurawa, Pandhita Drona wis gugur ing madyaning Tegal Kurusetra kaperjaya dening
Drestadyumna. Sak durunge gugur, Pandhita Drona wis merjaya raden Abimanyu senopatining
Pandhawa.
Adipati Karna satriya ing ngawangga madeg Senopati Kurawa maju ing palalagan. Sejatine,
Karna wis mangerti yen mbelani Kurawa dudu tumindak becik. Nanging, Karna wis kaputangan
budi karo Duryudana Raja Hastina kang ambeg angkara murka, Mulane dheweke gelem sabaya.
Adipati Karna iya aran Suryatmaja iku putrane Bathara Surya lan Dewi Kunti,mula Karna
iku kelebu drajating wasu, yakuwi manungsa setengah dewa. Mula kuwi ora mokal yen karena
kasinungan kadigdayan kang linuwih. Kinantenan panah kuntawijayadanu, pusakane Karna wujud
keris aran kiai kaladete (kyai jalak). Aji - ajine Karna yaiku aji kalalupa (bisa ngetokake buta akeh
banget) lan naracabala (bisa ngetokake gengaman maneka warna )
Mangerteni yen senopatine Kurawa kang maju ing palagan Adipati Karna, Pandhawa banjur
ngutus Raden Gatotkaca dadi Senopatine. Raden Gatotkaca putrane Werkudara lan Dewi Arimbi
majun ing palagan. Raden Gatotkaca Satriya ing pringgodani sekti mandraguna.
Adipati Karna lan Gatotkaca padha bandayuda. Raden Gatotkaca gugur ing palagan nalika
panah Kuntawijayadanu nimbus ing dadane.

11. Perang gede antara Pandhawa lan Kurawa diarani ….


a. perang Puputan
b. perang Baratayudha
c. perang Hastina
d. perang Palagan
12. Adipati Karna kuwi putrane ….
a. Dewi Kunti
b. Werkudara
c. Duryudana
d. Drestadyumna

13. …. Gambar wayang ing sisih kiwa jenenge ….


a. Gatotkacha
b. Adipati Karna
c. Prabu Duryudana
d. Prabu Kresna

14. Sejatine, Karna wis mangerti yen mbelani Kurawa dudu tumindak becik. Nanging, Karna wis
kaputangan budi karo Duryudana Raja Hastina kang ambeg angkara murka, Mulane dheweke
gelem sabaya. Tembung sabaya tegese….
a. perang
b. mbelani
c. musuhan
d. jengkelan
15. Raja Hastina kang ambeg angkara murka jenenge ….
a. Bathara Surya
b. Suryatmaja
c. Duryudana
d. Adipati Karna
16. Senjatane Karna yaiku ….
a. panah kuntawijayadanu
b. caping basunandan
c. panah pasopati
d. gada rujakpala
17. Wacana ing dhuwur kuwi yeritakake Perang Bratayuda, antarane Pandhawa lan Kurawa. Perang
Bratayuda manggon ing …..
a. Hastina
b. Sawo jajar
c. Ngamarta
d. Tegal Kurusetra
18. Kang dadi Senopatine Kurawa sakdurunge Adipati Karna yaiku ….
a. Abimanyu
b. Drestadyumna
c. Duryudana
d. Pandhita Drona
19. Putrane Werkudara lan Dewi Arimbi kang diutus dadi Senopatine Pandhawa yaiku ….
a. Raden Gatotkaca
b. Raden Arjuna
c. Pandita Drona
d. Adipati Karna
20. Raden Gatotkaca gugur ing palagan nalika ….
a. Mabur ing angkasa
b. Nganggo caping basunandan
c. Panah pasopati ngenani janggani
d. Panah Kuntawijayadanu nimbus ing dadane

II. ISENANA CECEG-CECEG ING NGISOR IKI NGANGGO TEMBUNG KANG


MATHUK!

KD 3.1
21. Pidhato ing basa jawa uga diarani ….
22. Mekaten ingkang saged kula aturaken. Kupat bumbu santen, menawi lepat nyuwun pangampunten.
Nuwun. Ukara ikun kelebu perangane pidhato yaiku ….
23. Perangane pidhato yaiku … .

KD 3.2
24. Adipati Karna klebu drajating wasu, yaiku . . . .
25. Aji - ajine Adipati Karna yaiku … .

You might also like