Soal Bader 8

You might also like

Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 13

PEMERINTAH KABUPATEN GRESIK

DINAS PENDIDIKAN
UPT SMP NEGERI 20 GRESIK
JL. MAYJEN SUNGKONO NO : 01 TELP. ( 031 ) 3985973 -3976846 Gresik
Blog:kbms1 gresik.wordpress.com Email: smpnegeri1 kebomas@

PENILAIAN AKHIR TAHUN


TAHUN PELAJARAN 2021– 2022

Mata Pelajaran :Bhs. Jawa Hari / Tanggal : Sabtu ,11 Juni 2022
Kelas :VIII( Delapan ) Waktu : 60 menit

Q:1)Macam layang ana ….


A:) 6
B:) 7
C:) 8
D:) 9
KUNCI:B

Q:2)Layang ing dhuwur layang …

Malang 16 Juni 2021


Katur dhumateng
Pakdhe Sumitradiharja
Wonten Surabaya
Assalamu’alaikum Wr Wb
Atur pamuji rahayu
Kanthi serat punika keng putra atur pawarta bilih ingkang putra sakulawarga ing Malang tansah
ginanjar wilujeng. Panuwun kula dhateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, mugi -mugi Pakdhe saha
sadaya kulawarga wonten ing Surabaya tansah ginanjar wilujeng, kalis saking rubeda.
Kajawi saking punika, kula ngaturi pirsa bilih tanggal 16 Juni 2021 punika sampun ngancik prei
semester ganep. Ancas kula sadangune prei punika, kula badhe sowan dhateng dalemipun Pakdhe. Kula
badhe ndherek nyipeng watawis seminggu, amargi kula sampun kapang sanget kaliyan Pakdhe, Budhe ,
Simbah, saha sadaya kulawarga wonten ing Surabaya.
Wasana cekap semanten atur kula, manawi wonten lepat atur saha panyerat, kula nyuwun lubering
samudra pangaksami.
Ingkang Putra

Dwi Bagus Anggara

A:) Iber-iber
B:) lelayu
C:) kiriman
D:) ulem

KUNCI:A

Q:3) Panggonan, tanggal nalika layang ditulis, layang ing dhuwur kalebu stuktur perangan layang….
A:) Papan lan titimangsa
B:) Adangiyah
C:) Wasana basa
D:) Peprenah

KUNCI:A

Q:4)Nerangake unggah-ungguhe sing kirim layang ing dhuwur marang sing dikirimi kalebu stuktur perangan layang….
A:) Papan lan titimangsa
B:) Adangiyah
C:) Wasana basa
D:) Peprenah

KUNCI:B

Q:5)Pambuka yaiku….
A:) isi kabar keslametan sing kirim lan pangarep-arep sing dikirimi iya slamet.
B:) nerangake apa bae sing perlu dikabarake.
C:) panjaluk utawa panjurung kang gandheng karo isine layang.
D:) nerangake sesambungane wong sing ngirim layang karo sing dikirimi layang.

KUNCI:A

Q:6)Kanthi serat punika keng putra atur pawarta bilih ingkang putra sakulawarga ing Malang tansah ginanjar
wilujeng.ukara iki kalebu ….

A:) Pambuka
B:) Papan lan titimangsa
C:) Adangiyah
D:) Wasana basa

KUNCI:A
Q:7)Wasana cekap semanten atur kula, manawi wonten lepat atur saha panyerat, kula nyuwun lubering samudra
pangaksami, ukara iki kalebu ….
A:) Pambuka
B:) Wasana basa/panutup layang
C:) Adangiyah
D:) Wasana basa

KUNCI:B

Q:8)Kanggo sapa layang ing dhuwur iku kang katulis ?


A:) Dwi Bagus Anggara
B:) Budhe Sumitradiharja
C:) Pakdhe Sumitradiharja
D:) Ingkang Putra

KUNCI:C

Q:9)Sapa sing nulis layang ing dhuwur iku kang katulis?


A:) Dwi Bagus Anggara
B:) Budhe Sumitradiharja
C:) Pakdhe Sumitradiharja
D:) Ingkang Putra

KUNCI:A

Q:10)Kapan lan ing ngendi layang ing dhuwur iku kang ditulis?
A:) 16 Juni 2021
B:) 17 Juni 2021
C:) 18 Juni 2021
D:) 19 Juni 2021

KUNCI:A

Q:11)Tujuan layang ing dhuwur iku kang ditulis?


A:) sowan dhateng dalemipun mbak Surti
B:) sowan dhateng dalemipun budhe Anisa
C:) sowan dhateng dalemipun Mas surya
D:) sowan dhateng dalemipun Pakdhe
KUNCI:D

Q:12)Ukara kang isine nyritakake sawijining bab, kedadean, utawa sawijining kahanan marang wong liya, kalebu
pengertian ukara….
A:) carita
B:) pitakon
C:) samanta
D:) pamenging

KUNCI:A

Q:13)Ukara kang isine njaluk katrangan marang wong sing maca utawa sing diajak guneman, kalebu pengertian ukara….
A:) carita
B:) pitakon
C:) samanta
D:) pamenging

KUNCI:B

Q:14)Ukara iki umume migunakake tembung pitakon apa, piye, pripun, kados pundi, sinten, sapa lan pira.
A:) carita
B:) pitakon
C:) samanta
D:) pamenging

KUNCI:B

Q:15)Ukara kang isine niat, karep, utawa sedya. Ananging, kang duwe niat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi bae
ukara iki durung kelakon utawa durung katindakake jalaran isih awujud niat , kalebu pengertian ukara….
A:) carita
B:) pitakon
C:) samanta
D:) pamenging

KUNCI:C

Q:16)Ibu nembe mawon tindak dhateng peken, ukara iki kalebu basa ….
A:) ngoko
B:) ngoko alus
C:) krama
D:) krama alus
KUNCI:D

Q:17)Ayo mas, diombe kopinine! ukara iki kalebu basa ….


A:) ngoko
B:) ngoko alus
C:) krama
D:)krama alus

KUNCI:A

Q:18)Pak Ampri apa sampun kondur? ukara iki kalebu basa ….


A:) ngoko
B:) ngoko alus
C:) karma
D:) krama alus

KUNCI:B

Q:19)Yen arep kirim layang kudu mara ing ....


A:) telkom
B:) bank
C:) kantor pos
D:) BPR

KUNCI:C

Q:20)Bapak nulis layang kagem simbah. Tembung “nulis” benere tegese....


A:) nyerat
B:) nyungging
C:) maos
D:) nyengkuyung

KUNCI:A

Q:21)Rip ripan swara kang endah mawa paugeran dijenengake ….


A:) Campur sari
B:) Tembang macapat
C:) Langgam jawa
D:) Langgam lawas
KUNCI:B

Q:22)Tembang macapat ana ….


A:) 9
B:) 10
C:) 11
D:) 12

KUNCI:C

Q:23)Patokane tembang macapat ana ….


A:) 2
B:) 3
C:) 4
D:) 5

KUNCI:B

Q:24)Sebutna pathokane tembang macapat


A:) Guru gatra, guru lagu, guru wilangan
B:) Guru sastra, guru lagu, guru wilangan
C:) Guru gatra, guru swara, guru wilangan
D:) Guru sastra, guru swara guru lagu

KUNCI:A

Q:25)Sakarepe dewe iku watak saka tembang ….


A:) Megatruh
B:) Dandanggula
C:) Mijil
D:) Pucung

KUNCI:D

Q:26)Tembang macapat sing guru gatrane ana 4 yaiku tembang ….


A:) Pucung, maskumambang
B:) Pucung, gambuh
C:) Gambuh, megatruh
D:) Gambuh, dandanggula

KUNCI:A
Q:27)Tembang macapat sing guru wilangane ana 8 kabeh yaiku tembang ….
A:) Kinanthi
B:) Durma
C:) Pangkur
D:) Asmaradana

KUNCI:A

Q:28)Tembang macapat sing guru gatrane ana 9 yaiku tembang ….


A:) Pucung
B:) Gambuh
C:) Sinom
D:) Durma

KUNCI:C

Q:29)Tibaning swara ing pungkasane gatra dijenengake ….


A:) Guru gatra
B:) Guru wilangan
C:) Guru sastra
D:) Guru lagu

KUNCI:D

Q:30)Jumlahe wanda saben gatra diarani ….


A:) Guru gatra
B:) Guru wilangan
C:) Guru sastra
D:) Guru lagu

KUNCI:B

Q:31) Aksara jawa ora isa muni yen ora…..


A:) disandangi
B:) dipasangi
C:) dipandangi lan dipasangi
D:) disandangi lan dipasangi

KUNCI:D

Q:32) Sing nemuake aksara jawa yaiku …


A:) Aji saka “ India “
B:) Aji saka “ Belanda “
C:) Aji saka “ Indonesia “
D:) Aji saka “ Irlandia “

KUNCI:A
Q:33) Aksara jawa uga dijenengake ….
A:) Dantawayanjana
B:) Dentawyanjana
C:) Dentawyanana
D:) Detawyanjana

KUNCI:B

Q:34)
Aksara latine ....

A:) prasetya nak


B:) prasetya nak ya
C:) prasetya ya nak
D:) prasetyaa yaa nak

KUNCI:C

Q:35)

Aksara latine ....


A:) tuku lemper
B:) tukua lemper
C:) mangan lemper
D:) mangana lemper

KUNCI:A

Q:36) Jenang kudus, Aksara jawane ....

A:)

B:)

C:)
D:)

KUNCI:B

Q:37) Tugasku tak garap saben dina,Aksara jawane ....

A:)

B:)

C:)

D:)

KUNCI:B

Q:38) Tetep mituhu marang wong tuwa,Aksara jawane ....

A:)

B:)

C:)
D:)

KUNCI:D

Q:39) Mangan sate gule, Aksara jawane ....

A:)

B:)

C:)

D:)

KUNCI:C

Q:40) sing resik ya olemu nyapu ,Aksara jawane ....

A:)

B:)

C:)

D:)

KUNCI:C

You might also like