Soal Sumatif Tengah Semester Bjawa Kelas 4

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 6

I.

Wenehana tanda ping (X) ing wangsulan a, b, c utawa d sing paling bene sing lembar
jawab kang cumawis!

Geguritan kanggo pitakon nomer 1-6

Aku Bocah Jawa


Dening : Aji Mestikaningrat
Aku bocah Jawa
Aku rumangsa ora duwe apa-apa
Sing wujude banda donya raja brana
Iku dudu takeran senajan mengkono
Bab budaya lan unggah-ungguh tetep tak ugemi
Tak sunggi nganti lumebu bumi
Aku bocah Jawa
Ora bakal sulap marang gebyaring kahanan
Ngecet lan ngawul-awul rambut
Nato awak gambar tengkorak
Nindhik irung kaya sapi dikeluh
Dudu…..
Dudu iku wujude bocah jawa
Ayo kanca wis wancine
Gumegrah tangi nata panguripan
Tuduhna menawa jawa iku
Punjere budaya luhur

1. Irah-irahan geguritan kasebut yaiku ….


a. Bocah Modern c. Banda Donya
b. Aku Bocah Jawa d. Sulap marang Gebyaring Kahanan
2. Cacahing pada ing geguritan ana ….
a. 5 c. 2
b. 3 d. 4
3. Pada 3 ana ..... gatra
a. 5 c. 7
b. 6 d. 8
4. Tembung Punjere ing geguritan kasebut tegese ….
a. Ngarepe c. Puncake
b. Mburine d. Pusate
5. Miturut geguritan kasebut, bocah jawa kuwi ….
a. Sing nindhik irunge
b. Gumegrah nata panguripan
c. Nato awak gambar tengkorak
d. Ngawul-awul rambut
6. Geguritan kasebut dianggit dening ……
a. Aji Mestikaningrat c. Yunda Dayanti
b. Wiratno d. Afrilia Puji Astuti
7. Cirine bocah sing budi pekertine luhur, yaiku ….
a. Mbolosan
b. Seneng ngapusi
c. Bekti marang bapa lan ibu
d. Seneng gawe nesu wong tua
8. “Asal rukun, mesti kuwat”. Kosok baline tembung rukun yaiku ….
a. Bekti c. Congkrah
b. Jujur d. Sedhih
9. Nalika maca geguritan kang isine ngandharake budi pakarti luhur, praenane kudu ….
a. Sumringah c. Gela
b. Sedhih d. Kuciwa
10. Geguritan iku ditulis migunakake basa kang …
a. Biasa wae c. Dawa
b. Endhah d. Nggladrah
Wacan kanggo pitakon nomer 11-20

Gatekna crita wayang ngisor iki !


Prabu Yudhistira
Prabu Yudhistira iku ratu ing Ngamarta. Putrane Prabu Pandhu Dewanata lan ibune
Kuntitalibrata. Garwane Yudhistira aran Dewi Drupadi, peputra Raden Pancawala.
Yudhistira nduweni watak jujur, ora tau nesu, lembah manah, lan seneng ngalah. Yudhistira
nduweni getih putih lan jiwa suci.
Prabu Yudhistira iku pambarepe Pandhawa, nduwe kasekten kang linuwih. Prabu Yudhistira
nduwe pusaka kang ampuh aran jamus Kalimasada. Pusaka mau awujud kitab kang bisa
nguripke wong sing wis mati. Prabu Yudhistira uga nduwe pusaka awujud payung yaiku
Kyai Tunggulnaga lan pusaka tombak yaiku aran tombak Kyai Karawelang.
Prabu Yudhistira jenenge akeh, ana sing nyebut Puntadewa, Gunatalikrama utawa Prabu
Darmakusuma. Sakjrone dadi raja, Prabu Yudhistira tansah tumindak adil lan ngutamakake
kapentingan rakyat lan ora sewenang-wenang. Mula negarane gemah ripah loh jinawi.

11. Kuntitalibrata iku . . . Prabu Yudhistira.


a. Putrane
b. Garwane
c. Ibune
d. Bibine
12. Garwane Prabu Yudhistira yaiku . . . .
a. Dewi Drupadi
b. Dewi Kunti
c. Dewi Anjani
d. Dewi Arimbi
13. Putrane Prabu Yudhistira asmane . . . .
a. Darmakusuma
b. Tunggulnaga
c. Pancawala
d. Werkudara
14. Prabu Yudhistira kagungan pusaka awujud kitab arane . . .
a. Jamus Kalimasada
b. Panah pasopati
c. Kyai Tunggulnaga
d. Cokro Baskoro
15. Prabu Yudhistira kagungan pusaka Kyai Karawelang awujud . . .
a. Kitab
b. Paying
c. Panah
d. Tombak
16. Ngisor iki watake prabu Yudhistira, kajaba, . . . .
a. Jujur
b. Lembah manah
c. Seneng ngalah
d. Gampang nesu
17. Prabu Yudhistira iku pambarepe Pandawa. Pambarep iku artine . . . .
a. Anak nomer 1
b. Anak nomer 2
c. Anak keri dhewe
d. Anak nomer telu sedulur lim
18. Anak panengahe Pandhawa yaiku . . . .
a. Puntadewa
b. Janaka
c. Wrekudara
d. Nakula Sadewa
19. Ngisor iki jeneng liyane Prabu Yudhistira, kajaba. . .
a. Gatotkaca
b. Puntadewa
c. Gunatalikrama
d. Darmakusuma.
20. Nagarane Prabu Yudhistira yaiku gemah ripah loh jinawi.
Gemah ripah loh jinawi iku artine . . .
a. Tentrem makmur lan subur
b. Tentren lan susah
c. Makmur lan rekasa
d. Sugih lan susah

II. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki kanthi jawaban sing trep ing lembar jawab kang
cumawis!
21. Syair utawa puisi jawa gagrag anyar diarani …………….
22. Geguritan kaperang dadi loro, yaiku geguritan …………… lan …………..
23. Geguritan gagrag anyar migunakake tembung-tembung pilihan utawa ……..
24. Maca geguritan kang isine bab nandang susah lan kasmaran, pamacane kanthi ……
25. Dhong-dhinge basa, pocapan/lafal maca geguritan diarani ……
26. Pambarepe Pandhawa yaiku . . . .
27. Sedulure Pandhawa sing nduweni dedeg gedhe duwur lan gagah yaiku . . . .
28. Gambar wayang ing ngisor iki yaiku . . . .

29. Ibune Prabu Yudhistira asmane . . . .


30. Amarga kesucian atine, Prabu Yudhistira jejuluk satriya getih . . .
III. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki ing lembar jawaban kang cumawis!
31. Sebutna ciri-cirine geguritan gagrag anyar!
32. Bab apa wae sing kudu digatekake nalika maca geguritan?
33. Sebutna 3 jenenge Prabu Yudhistira!
34. Sebutna 3 pusakane Prabu Yudhistira!
35. Sebutna 3 watake Prabu Yudhistira!

You might also like