Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

Assalamualaikum warohmatulloh wabarokatuh.

Hang ingsun hurmati kepala dinas Pendidikan Banyuwangi,


Hang ingsun hurmati bapak/ibu dewan juri
Lan kanca- kanca kabeh kang isun banggakno

Puji syukur kehadirat Allah SWT, kang wis nguweni rahmat lan hidayahe kanggo awakdewe,
dadine awadewe biso ngumpul ning panggonan iki ambi seger waras. Lan sholawat salam,
ayok awadewe panjatno dumatheng Nabi Muhammad SAW.

Ing kesempatan iki, isun arep nguwarai pidato hang temane : Melestarikan Budaya
Banyuwangi. Teko penjelasan iki, isun ngarepno awadewe kabeh biso nglestarikno budaya
Banyuwangi khanti apik.

Hadirin kang ingsun hormati


Awakdewe kabeh pastine wes ngerti Banyuwangi mulo wis kesuwur sugih seni lan budaya
usinge uga wisata alame kang indah. Kaya dene kesenian ana gandrung, kuntulan, barong,
janger lan liya-liyane kang wis kesuwur sampek manca negara. Semana uga tradisi-tradisine
kang ono ring Banyuwangi uga mageh diuri-uri sampe seprene.
Banyuwangi mulo hing keneng dipisahaken nyang kang aran kesenian. Kadhung wis urusan
kesenian, Banyuwangi sing keneng dikalahaken. Kabeh katut, kabeh milu nyengkiwing milu
guyub, milu ubeg lan sing gelem mung sukur-sukur ana. Kerana kabeh kesenian ring
Banyuwangi wis kesohor apike.
Salah sijine contoh kesenian hang ono ring banyuwangi yaiku gandrung, kesenian gandrung
iki wis akeh wong weruh, sing mung ring Banyuwangi byaen taping sampe dikenal uwong-
uwong manca Negara.
Kesenian gandrung kang wis dadi maskote Banyuwangi iki pastine wis identik ambi
Banyuwangi. Tarian gandrung kang gambaraken rasa sukur lan dhemene para tani ambi
Gusti Allah Kang Maha Agung kerana asilpanene. Sak njerone tarian gandrung lan gendhing
kang digawa uga nduweni isi nasehat, sindiran, kanggo ngibur ati lan liyan-liyane. Dadi
kelendi carane awakdewe ngelestarikno budaya kang diduweni? Nah, upaya kang biso
dilakukno antarane:
Awakdewe kudu bangga ambi kebudayaan dewe, contohe ngenalaken nang masyarakat
kadung budaya Indonesia khususe Banyuwangi iki akeh maceme. Mergane, ngelestarikaken
budaya lan tradisi daerah uga kewajiban setiap warga bangsa, terutamane hang ono ing
daerah iku.
Konco-konco kabeh,
Kadung gedigu, dadi awadewe hang generasi enom iki luwih apik kadung awadewe nyadari
kadung kebudayaan Banyuwangi iku harta kang hing tergantikno. Kebudayaan Banyuwangi
hing biso diciptakno ambi gampang, opo maning ambi waktu hang singkat. Ayo padha
ngerumat lan ngerawat kesugiane bangsa makne tetep arum lan wangi.
Mergane, ayo awadewe njogo lan ngelestarikno kebudayaan Banyuwangi iki bareng-bareng
sedoyo.
Sakwise cukup iki kang isun sampekno kurang lebihe isun njaluk sepurane
Wabilahitaufik walhidayah wassalamualaikum wr.wb

You might also like