Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 10

MAKALAH ADAT

MANTU JAWA

NAMA KELOMPOK:
1. ABI MASNGUD
2. AHMAD ROFI’I
3. GALIH ARELIAN
4. GUS LAYKA
5. ILHAM MAOLANA
6. M. FAQIH ABBAS
7. LIANA SYIFA H
8. NURHAYATI
9. SAYFUNNABILA Z
10. SEPARINA NAZWA

MAN 1 CILACAP
TAHUN AJARAN 2020/2021
Kaca Pangesahan

Makalah Basa Jawi ngenani babagan "Upacara Mantenan " menika sampun angsal persetujuan
dumateng pak Guru Basa Jawi,wonten ing :

Dinten.   : Sabtu
Tanggal : 20 november 2021

Mugi mugi makalah menika saged menehi pangerten utawi ilmu dumateng kita sedaya,kula
panjenengan sami.Amin.

Cilacap ,20 September 2021


Guru Basa Jawa

       
Pak Zaenal
DAFTAR ISI
Kaca pengesahan i
Daftar Isi ii
BAB I 1
Latar Belakang 1
Rumusan Masalah 1
BAB II 2
Sejarah Mantenan 2
Susunan Acara Mantenan 2
Syarat Mantenan 6
BAB III 7
Penutup 7
BAB I
PENDAHULUAN

A.  Latar Belakang


Ing jaman ingkang tambah majeng niki kathah masyarakat ingkang sampun mengker tradisi
adatnya. Piyambake sedaya nganggep menawi taksih numindakake tradisi adat badhe kanaman
kina, kentun jaman, kirang up date uga benten-benten. Amargi wontenipun embel-embel kasebut
katah masyarakat jaman sakmenika langkung remen milih hal-hal ingkang énggal saking ing
tasik numindakake tradisi dangu ingkang dipunanggep kina. Masyarakat sak menika langkung
migatikaken panampilan enggal lebet macem-macem hal. Dados salah satunggal tuladhanipun
yaiku masyarakat jawi. Masyarakat jawa sak menika sampun kathah ingkang ngginakaken basa
indonesia dados basa keseharian ugi sanes ngginakaken basa krama inggil dados basa
keseharian. Kalebet bab rasukan masyarakat jawi ugi sampun mengker rasukan adat nya utawa
(kebaya). Piyambake sedaya namung ngagem kebaya menawi ing dinten utawi momen-momen
tertentu, kados ing kala upacara raben, sunatan uga acara-acara bentenipun. Boten namung
rasukanan lebet nglampahi ritual-ritualnya pun sampun awis dipun tumindakake.
Dados tuladhanipun yaiku ritual ing kala mantenan lebet masyarakat jawa acara mantenan
nggadahi kathah ritual ingkang kedah di tumindakake.Saking sakderengipun ijab qabul ngantos
sasampun ijab qabul.Amargi kathahipun ritual ingkang kedah ing tumindakake masyarakat
nglintu enggan majengaken piyambakipun. Piyambake sedaya masyarakat sakmenika langkung
remen ingkang sederhana (simple),mereka-mereka langkung milih ngirangi ritual-ritual kasebut
kajengipun tetap saged dipuntumindakake

B. Rumusan masalah
1. Kadospundi ritual-ritual ingkang ditumindakake kalo mantenan?
2. Ing mantenan piranti kang digunakaké napa mawon?
C. Tujuan
1. Nyumerepi menapa kamawon ingkang ditumindakake ing kala acara mantenan jawi.
2. Nyumerapi nopo mawon piranti kang digunakaké ing mantenan.
BAB II
Sejarah Mantenan
Saben Pasangan pengantèn uga diladéni kusus déning kaluwargané dhéwé-dhéwé uga ngagem
rasukan kusus kaya pasangan raja lan permaisuri. Tradisi lan pranatacarane mantenan ana ing
Jogja karo  Surakarta, biyen biasane para lingkungan kraton ngadaake acara sing digunakake
kanggo njodohkake anake karo pangeran utawa bangsawan lan tujuane kanggo ngabungake
budaya Jawa karo budaya pembaharuan.AdateMantenan kuwi gabungane ajaran agama Islam lan
adat Jawa piyambak,Amagane hindu lan  wis ana sakdurunge islam ana ing Jawa,Amarga kuwi
Mantenan muncul saka sejarah budaya akulturasi saka Islam ,karo Hindu,sing tetep dilestarake
dening saiki.

Susunan Acara Mantenan                                     


Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwé
rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki
ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus
lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng dalèmé penganten putri, dadi sing dadi
penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep
dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga
diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.

 Lamaran
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng
dalèmé calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga
manten putri setuju yen putrine didadeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng
acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan
rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
 Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten.
Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah
masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng
halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane
wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.

 Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa
Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku,
kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo
pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah
wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.

 Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan
biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras,
sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing
papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta.
 Ijab Kabul
yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji nang ngendi kwi di delok karo
wong akeh kanggo saksi yen wong loro kwi nikahe sah.

 Upacara Panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki
kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah
sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih)
karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk,
Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.

 Upacara Balangan Suruh


Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane
penganten kakung lan putri.

 Upacara Wiji Dadi


Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri
ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara
iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring
keluarga.

 Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas
nompo dadi bageane kulawargo.
  Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak
kloron wis tinompo dadi kulowargo.

  Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko
perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.
  Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono
pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.isine kedelai,kacang
tanah,bengkle beras.

 Dhahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak
kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

 Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep
omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.

 Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

 Kenduren/Resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi
utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga
inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan
penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara
iki.
a.     Dekorasi
Dekorasi dipasang wonten dhalemipun ingkang gadhah dhamel,wernane wonten kathah.
b.    Tarub
Saking bahasa nata (mengatur) lan urub (nyala api) masang tarub gumantung wonten
dhalemipun ingkang gadhah dalem punika.
c.      Pemaes
Upacara paesing calon penganten putri ing wanci sabibaripun upacarasiraman, kajibahan
ditindhakke juru paes utawi dhukun penganten.
Ugi Pirsani
Ningali calon penganten putrid ing griya tiyang sepuhipun
 Pirantine Mantenan
Umbarampe Temanten yaiku
Sanggan Kadosan saking pisang raja setangkep ingkang Sae dipun rias ngagem emas
dipun delehaken
wonten ing nampan utawi baki.
 Bombongan
Kedadean saka pitik jago sik mempeng (wani karo babon), langkung sae mboten jago sik
kalah tarung
 Mas kawin
Minangka syarat saran wajib ngagem titi wekdal ijab qobul. Lamun Mampu dipun
kantheni Srikawin(penggangon mas-masan)Mas kawin menika supados ngelingake
garwane putrid
 Arta Pituken
Minangka saran jangkepe nyekapi kabutuhan pihak calon mantenan putri
Ageman Temanten Putri sak Pengadek
 Pesing
Jarik pisungsung kagem eyangipun calon manten putri menawi taksih sugeng.
 Piranti Paes
Kangge jangkep riyas calon manten putri anggenipun ngadi sarira lan ngadi busana.
 Angsul-angsul
Werninpun wowohan, panganan (lemper,jadah,yangko,tawonan,lsp)
 Plangkah
Sarat menika menawi calon putri anggenipun krama langkung rumiyin tinimbang
mbakyu nipun.
-Janur
-Sesajen
-Tumpeng
-Kendi
-Setunggal set suruh

Syarat-Syarat Mantenan
Syarat-syarat mantenan yaiku :
Ana persetujuan saka ke-2 belah pihak.
Kanggo sing urung umur 21 tahun, kudu ana restu saka uwong tuwa. Utawa sakumpama salah
sijine saka uwong tuwa kang uwis ora ana utawa ora mampu nyampekne kekarepane, ijin bisa
diperoleh saka wong tuwa kang isih sugeng utawa wong tuwa kang mampu nyampekake
kekarepane.
Saumpama wong tuwa wis ninggal utawa ora mampu nyatakne kekarepane, ijin bisa diolehne
saka wali, utawa dulur sing nduweni hubungan getih ning garis keturunan lurus ning dhuwur.
BAB III
PENUTUP

Kesimpulan
Upacara penganten adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-
rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara penganten iki nglambangake
pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung ning suasana sing khusus lan
dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggarakake ning dalemipun penganten putri, dadi sing
dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wong tuanipun utawa keluarganipun penganten putri
ning tetep dibantu keluarga penganten kakung

You might also like