Soal Bahasa Jawa Azka

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 8

1. Tuladhane dolanan tradisional yaiku….

a. Free fire

b. Mobile legends

c. Playstation

d. Dhakon

2. Wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadeyan kanthi runtut saka
wiwitan nganti pungkasan utawa kronologis, diarani….

a. Teks deksripsi

b. Teks argumentasi

c. Teks narasi

d. Teks eksposisi

3. Bapak pucung dudu watu dudu gunung

Tan ana kang tresna

Kabeh uwong mesthi sengit

Kang kanggonan den lus-elus tinangisan

Tembang ing dhuwur awujud cangkiram, batangane yaiku….

a. Untu

b. Cantheng

c. Udun

d. Andheng-andheng

4. Saben preian akeh wisatawan kang padha plesiran. Plesiran tegese….

a. Sekolah

b. Nyambut gawe

c. Sinau

d. Rekreasi

5. Saben esuk saka pucuke Gunung Bromo ….kumebul sundhul akasa.


Tembung kang trep kango njangkepi ukara ing dhuwur yaiku….

a. Tanduran

b. Beluk

c. Sesawangan

d. Geni

6. Basa kang diracik utawa dipaes supaya katon endah diarani….

a. Basa rinengga

b. Purwakanthi

c. Dasanama

d. Tembung Yogyaswara

7. Parikan yen ing basa Indonesia tegese….

a. Puisi

b. Drama

c. Syair

d. Pantun

8. Tetembungan “driji mucuk eri kalebu tuladha….

a. Panyandra

b. Penyendhu

c. Pepindhan

d. Parikan
I.    Wenehana tanda ping (X) ing aksara a, b, c utawa d yang kang dadi jawaban
benar !

Kanggo nomer 1-5


Sekar Pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong aurip
Ala lan becik punika
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den  kaesthi siyang ratri

1. Tembung  sekar tegese ....


a. nyekar
b. tembang
c. macapat
d. pangkur

2. Tembang ing dhuwur ngemu pitutur supaya wong kuwi padha mangerteni ….
a. ala lan becik
b. kasenengan
c . kamurkan
d. kasusahan

3. Tembang Pangkur ing dhuwur ana....gatra


a. 5
b. 6
c. 7
d. 8

4. Tembang macapat ing dhuwur arane ....


a.Mijil
b. Pocung
c. Pangkur
d. Gambuh

5. Tegese tembung ratri ana tembang ing dhuwur  yaiku ....


a. awan
b. bengi
c. sore
d. jenenge bocah

kannge nomer 6-10


Reroncene Adang Tani
Kaanggit dening Trie Sutajaya
Ijo royo-royo
Gumelar sak ngisore langit biru
Angin tumiyup
Dolanan godhong pari
Kadang tani padha mesem
 nyawang parine wis kuning
Ati ayem tentrem
Pari kuning
Minangka reroncene urip
Tembe mburi

6. Sing nulis geguritan ing dhuwur yaiku ….


a. Pak tani
b. Kadang tani
c. Sedulur kampung
d. Trie Elang Sutajaya

7. Isine gegurutan ing dhuwur yaiku pak tani seneng atine amarga
a. ora panen
b. nandur pari
c. arep  panen
d. panen gedhe

8. Tegese tembung mesem ana ing geguritan mau yaiku....


a. ngguyu seneng
b. arep panen
c. rasa lara
d. ati ayem

9. Kepriye atine kadang tani  nalika nyawang sawahe ?


a. ing tembe mburi
b. atine ayem
c. kepingin ngguyu
d. kepingin lunga

10. Geguritan ana dhuwur ana ... gatra.


a. 10
b.11
c.12
d.13

eks wacan kanggo no 11-16

Sendhang Sani
Sunan Kalijaga lan Ki Rangga sarta para santrine pada nuju padepokan Sunan
Muria. Nadyan papan dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora duwe kesel
babar blas. “Kaya wis tekan kadipaten Pati Pesantenan, sedela meneh tekan
padepokan Muria,” ngendikane Sunan Kalijaga marang murid-murid.
Nalika wanci sembahyang dhuhur, Sunan Kalijaga ngajak leren ing sak ngisore wit
gedhe, banjur dhawuh marang Ki Rangga supaya golek banyu kanggo wudhu. Ki
Rangga lan kancane padha bingung amarga ing papan kono garing ora ana
banyune.
Karakit saka Buku Rakyat dari Pati (yudono KS dan Mulyono)
11. Cerita ing dhuwur kelebu ....
a. dongeng
b.  legenda
c. cerbung
d. cernak

12. Panggonan sing garing kuwi panggonan ....


a.  ora ana banyune
b. akeh banyune
c. ana sendange
d. akeh lebune

13. Sendhang Sani ana ing wewengkon tlatah....


a. Pati
b. Kudus
c. Demak
d. Pesantren

14. Sunan kalijaga lan pandhereke ngaso ana....


a. sapinggire sendhang
b. ngisor wit gedhe
c. Sendhang Sani
d. pinggir desa

15.  Ki Rangga lan kancane padha bingung amarga garing ora ana ….
a. banyu
b. watu
c. geni
d. angin

16. Tembung nadyan ana ing wacan tegese....


a. ora gelem
b. nanging
c. supaya
d. dadi

17. Kegiyatan maca naskah/teks kanthi tujuan nemokake kesalahan diarani ....
a. ngringkes
b. maca
c. nyunting
d. nulis carita

18. Panulisan tembung ana ukara kudu bener, ngaggo aksara kapital utawa aksara
cilik. Punika cara  penulisan nganggo ....
a. isi ringkesan
b. tanda wacan
c. ukara
d. ejaan kang bener
19. Nalika kanca carita ana ngarep kelas kanca liane kudu menehi....
a. ngece
b. suara
c. hadiah
d. saran

20. Kewan kuwi arep kanggo memetri desa(...), tandha wacan  kang trep ing njero
kurung yaiku ….
a. koma
b. titik loro
c. titik koma
d. titik

Teks kanggo nomer 21-29.


    
Nalika semana, kasultanan Demak dipimpin pangeran Made Pandan, duwe putra
arane Pangeran Pandan Arang. Sawijing dini pangeran, putra, lan abdine lelana
tekan alas banjur bukak alas kanggo nandur lan pomahan. Durung ngrasakake
hasile, Pangeran seda ninggal weling “Ngger anakku. Olahen papan iki kanthi
temen. Aja pisan-pisan ditinggalake amarga mengkone dadi panggonan kang reja.”
Sawijining dina pangeran Pandan Arang ngendika “Rakyatku lemah subur nanging
ana wit asem kang thukule arang-arang banjur papan iki tak jenengi semarang,saka
tembung asem kang arang-arang”

21.Irah-irahan kang trep yaiku ....


a. Semarang
b. Kutha Semarang
c. Artine Semarang
d. Asal Usul Semarang

22. Tembung reja ing cerita dhuwur tegese ….


a. seda
b. subur
c. tentrem
d. ijo royo-royo

23. Paraga ana cerita ing dhuwur ....


a. Pangeran Made Ppandan
b. Pangeran Pandan Arang
c. Rakyate
d. Pangeran Made Pandan, Pangeran Pandan Aran, Rakyate

24. Pangeran Made Pandan seda ana ing ....


a. pomahan ing alas
b. desa Pandanaran
c. kesultanan Demak
d. alas kang gedhe

25. Watake Pangeran Pandan Arang manut carita kuwi yaiku ....
a. manut marang wong tuwa
b. welas asih marang abdine
c. seneng nglawan bapake
d. sakti mandraguna

26. Pesene Pangeran Made Pandan kanggo putrane  ana carita  ing dhuwur
yaiku ....
a. rajin sinau lan nabung
b. bekti marang wong tuwa
c. ora ninggalake papan kuwi
d.njenengi papan kuwi dadi Sermarang

27. Sing njenengi Semarang yaiku ....


a. Pangeran Made Pandan
b. Pangeran Pandan Arang
c.  Baru Klinthing
d. Pandanaran

28. Tembung Semarang asale saka ....


a. asem larang
b. asem kang arang-arang
c. wit asem garing
d. meseme arang-arang

29. Panggonan iku dijenengi Semarang amarga ing panggonan kuwi ....
a. subur lan aneh anget
b. akeh tethukulan ijo royo-royo
c. thukul wit asem sing arang-arang
d. tandhuran asem thukul ana karang

30. Ing cerita “Srikandi Madeg Senopati”, Srikandi kuwi garwane ....
a. Pandhawa
b. Raden Werkudara
c. Raden Janaka
d. Prabu Kresna

31. Srikandi madeg senopati kuwi mujudake....


a. wanita luwih kuwasa
b. emansipasi wanita
c. perangane wanita
d. kadikdayan kaum wanita

32. Cerita Srikandi Madeg Senopati duwe pitutur....


a. saben mungsuh kudu dipateni
b. kita kudu duwe watak satriya
c. kabeh kudu wani perang
d. aja wedi  karo mungsuh

33. Pasangan Aksara Jawa ‘ha, pa, sa lan nya “ ditulis ana ing ... aksara kang
dipasangi.
a. sandhuwure
b.sangarepe
c.samburine  
d. sangisore  

You might also like