Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 11

Wangsulana pitakonan sing ana ing ngisor iki kanthi cara milih jawaban sing paling bener

saka pilihan jawaban a, b, c, d, utawa e !


1. Basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kacampur tembung-tembunga krama inggil
tumrap wong sing ajak guneman yaiku basa……
a. Krama lugu
b. Krama alus
c. Ngkoko lugu
d. Ngoko alus
e. Dalek
2. Basa ngoko alus panggoanggone guneman kanggo…..
a. Sedulur enom marang sedulur tuwa
b. Marang wong sing durung raket (akrab)
c. Anak marang Bapak/ibu
d. Murid marang gurune
e. Putu marang eyang.
3. Sampeyan kalawingi punapa tamtu kesah?
Ukara ing dhuwur migunakake basa…..
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus
e. Krama madya
4. Panjenengan yen kersa ora usah kondur saiki.
Ukara ing dhuwur migunakake basa……
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus
c. Krama lugu
d. Krama alus
e. Dialek
5. Aku dhek wingi tuku buku ing Toko Gramedia.
Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama alus kang trep yaiku….
a. Kula dhek wingi tumbas buku dhateng Toko Gramedia.
b. Kula dhek wingi mundhut buku dhateng Toko Gramedia.
c. Kula kala wingi tumbas buku dhateng Toko Gramedia.
d. Kula kala wingi mundhut buku dhateng Toko Gramedia.
e. Kula kala wingi tumbas buku ingToko Gramedia.
6. Ukara ing ngisor iki kang kalebu basa krama alus yaiku…..
a. Rama nembe wangsul saking kantor
b. Eyang midhangetaken tembang campursari
c. Ibu ningali sinetron ing TV
d. Eyang mirengaken tembang-tembang
e. Mbak yu dhahar karo lungguh.
7. Tembung ing ngisor iki kang kalebu basa krama lugu yaiku……
a. Dhahar
b. Panjenengan
c. Kondur
d. Dugi
e. Mriksani
8. Basa krama aluse Rambut yaiku…..
a. Rikma
b. Grana
c. Mustaka
d. Asta
e. Talingan
9. Pak RT sampun………. Menawi mboten saget tindak. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara
kasebut.
a. Ngomong
b. Matur
c. Kandha
d. Ngendika
e. Ngucap
10. Bapak arep tindak Madiun Mbak, Eyang lagi gerah.
Ukara ing dhuwur migunakake basa…..
a. Krama alus
b. Krama lugu
c. Ngoko lugu
d. Ngoko alus
e. Dialek
11. Pak Bagus : “Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu?”
Sunar : “………………………”
a. Dalem kula tebih Pak
b. Griya kula adoh Pak
c. Griya kula adoh pak
d. Omah kula tebih Pak
e. Omah kula adoh Pak
12. Dina diutus ibune menyang daleme simbah nanging Dina ora gelem amarga dheweke arep garap
PR. Dina anggone matur ……..
a. Sepurane Bu, PRku akeh banget.
b. Pangapunten Bu, PRku akeh banget.
c. Nyuwun pangapunten Bu, aku nembe kathah PR. Mbenjing sonten kemawon nggih?.
d. Pangapunten Bu, kula nembe akeh PR. Mbenjing sonten wae nggih?.
e. Nyuwun pangapunten Bu, kula nembe kathah PR. Mbenjing sonten kemawon nggih?.
13. Nalika ngrungokake crita wayang kulit ing radhio, saben arep ganti adegan mesthi kawiwitan suluk
lan janturan kang nyritakake papan panggonan. Mula saka iku pamireng isa ngreteni babagan ....
a. Tokoh
b. alur
c. watak tokoh
d. pesen/amanat
e. latar
14. Ing crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone
dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut pamireng ngreti
yen karep saka crita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku mapan ana ing crita kang
diarani ....
a. Tokoh
b. alur
c. watak tokoh
d. pesen/amanat
e. latar
15. Sanajan Panakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung
cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa
saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Panakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-neka.
Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing diarani ....
a. Tokoh
b. alur
c. watak tokoh
d. pesen/amanat
e. latar
16. Nalika ngancik pathet sanga, satriya kang sesirih ana ing satengahe alas sabubare rampung mesthi
bandayuda karo rata denawa (buta, umume Cakil lan wadyabalane). Pitutur kang kamot ing
lelakon iku yaiku ....
a. satriya kudu wani perang
b. wong kang bakal mulya gedhe pacobane
c. ing alas iku panggonane bebaya
d. buta duwe watak seneng ganggu gawe
e. aja seneng mapan ing papan sepi
17. Ing crita wayang Bharatayuda Jayabinangun, prang antarane Pandawa lan Kurawa iku tundhone
dimenangake dening Pandawa. Sanajan cacahe mung lima, Pandawa isa ngasorake Kurawa kang
cacah satus. Wis kaloka ing jagad Pandawa iku pralambang tindak utama, dene Kurawa iku
pangawak kadurakan, mula ora mokal yen Pandawa iku menang ing yuda. Pitutur kang kamot
sajronng crita iku yen diparibasakake yaiku ....
a. ing ngarsa sung tuladha
b. teteken tekun bakal ketekan
c. titah tan kuwawa mbengkas pesthining Gusti
d. rawe-rawe rantas, malang-malang putung
e. becik ketitik ala ketara
Rungokna crita wayang ing ngisor iki!

Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura

Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku kang pambareb
Dhestrarastra, panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata, lan
Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku kang bakal mbacutake
keprabone dharah Kuru.Drestharastra duwe kaluwihan prigel olah jaya kawijayan. Pandu prigel
babagan olah kridhaning jemparing, dene Wisura prigel babagan olah weliding pedhang lan
sanjata.
Nanging kang jumeneng nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestarastra cacat netra,
dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih.Saka sarasehan agung netepake kang
dijenengake nata Pandu. Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu, amarga
dheweke nglenggana duwe kekurangan kang ginaris dening Gusti Kang Murbeng Jagad.
Miturut pemanggihe, nagara kang dipangarsani titah kang cacat bakal nuwuhake swasana kang
ora becik.
Dhestarastra krama karo Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putri ratu Basubala (Suwala)
ing nagara Gandara duwe putra cacah satus kang diwastani Kurawa. Pandu krama karo putri
loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu Kuntiboja peputra telu Yudhistira, Bima, lan
Arjuna. Nanging sadurunge karo Prabu Pandu, Dewi Kunti wis kagungan putra kang arane
Karna. Dene garwa Pandu sijine asesilih Dewi Madrim, putri Ratu Mandrapati ing Nagara
Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar Nakula lan Sadewa. Widura krama karo Dewi
Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta kagungan putra kekasih Wiyansampana (Sunjaya).
18. Paraga utama ing crita kasebut yaiku ....
a. Prabu Pandu
b. Prabu Matswapati
c. Prabu Dhestarasta
d. Prabu Salya
e. Widura
19. Undherane crita kang jumeneng nata Hastinapura yaiku ....
a. Prabu Pandu
b. Prabu Matswapati
c. Prabu Dhestarasta
d. Prabu Salya
e. Widura
SINTA KADHUSTA DASAMUKA
Kacarita, sang abagus Rama putra Prabu Dasarata ing Kraton Avodya lan Dewi Shinta putri
Prabu Janaka saking Kraton Manthili kadherekaken inakang rayi pun Lesmana, sami Suka-suka
Ing telenging wana Dhandhaka ingkang pancen asri dinulu. Ing sakiwa tengene kang samya
suka suka kebak sesekaran kang lagi amrok nyebarake geganda arum, rinubung kumbang
mencok ngisep sari-sarining sekar.Dewi Shinta ndulu sesawangan kang edi nengsemaken
katetangi raosing manah sinambi mirengaken ocehing kukila mbrengengenge bremara.
Kocapa ing gegana wonten raseksi ingkang mider-mider pados memangsan.Raseksi
kasebut pun Sarpakenaka, rayi Prabu Dasamuka ing Ngalengka.Sawusnya mulat mangandhap
Kagyal Sang raseksi uninga titahing jawata kang lagya suka-suka.Priksa sulistyaning sang Dewi
Shinta lan pasuryane sang pekik sang Rama, tuwuh raos kasmaran, nunten nuju
semedi.Katarima panuwunira sang Sarpakenaka malih rupa dadi wanita ingkang sulistya ing
warni, nunten tumiyup saking gegana anyaketi sang Rama.
Sang Sarpakenaka ngreripih dhateng Rama supados purun njatukrama, nanging sang Rama
datan purun awit sampun kagungan garwa. Awit adrenging manah, Sarpakenaka kajempalani
badhar sanalika malih wujud ingkang sayekti raseksi, nunten miber ngantariksa kondur mring
Ngalengka asung palapuran yen ta piyambakipun rinudapeksamring Rama dalasan atur uninga
yen ing Wana Dhandhaka wonten wanodya sulistya ing warni pantes yen taginarwa minangka
prameswari.
Midhanget aturipun ingkang rayi Sarpakenaka, Sang Dasamuka, katetangi manahipun,
nunten nimbali abdi pun Marica amrih nggiri godha sang Dewi Shinta.Kekalihipun nunten
anyaketi Wana Dhandhaka. Priksa endahing warni sang Dewi Shinta, Dasamuka datan sranta
nunten dhawuh Marica malih rupa dados kidang kencana ingkang ketingal njelma tansah
klinteran ing sacedhaking Rama lan Shinta.Sang Dewi Shinta priksa kidang kencana ketingal
lulut lajeng mothah dhateng Rama amrih kidang dipun pikut. Sang Rama lajeng mbujung
mlajaripun kidang.Yen tebih kidang ketingal lulut, nanging yen dipun caketi lajeng mlajar
tebih.Wusana Rama anggenipun mbujung saya tebih.Priksa Shinta piyambakan, Dasamuka
lajeng anyaketi sarta ndhustha sang Dewi kabekta kondur ing Ngalengka. Inggih jalaran
menika dados bribiking perkawis memengsahanipun Rama lan Dasamuka.
20. Kang lagi suka-suka ing tengahe alas Dhandhaka yaiku………
a. Rama, Shinta, Prabu Dasarata
b. Rama, Shinta, Prabu Janaka
c. Rama, Shinta, Lesmana
d. Shinta, Lesmana, Prabu Dasarata
e. Shinta, Lesmana, Prabu Janaka
21. Kocapa ing gegana wonten raseksi ingkang mider-mider pados mernangsan. Tembung gegana
tegese…………..
a. Bumi
b. Langit
c. Banyu
d. Alas
e. Segara
22. Adhine Prabu Dasamuka kang awujud raseksi yaiku ....
a. Lesmana
b. Indrajid
c. sarpakenaka
d. Wibisana
e. Kumbakarna
23. Shinta sumerep kabregasaning kidang. Piyambakipun gawok, tuwuh prentuling manah kepingin
ngingah kidang rukmi. Tembung rukmi tegese…….
a. Emas
b. Perak
c. Kuning
d. Lincah
e. Ayu
24. Aji-ajine Prabu Dasamuka yaiku
a. Aji Pancasona
b. Caping Basunanda
c. Jimat Kalimasada
d. Panah nagasapa
e. Aji narantaka
25. lbune Anoman yaiku…….
a. Dewi Sukesi
b. Dewi Dursilawati
c. Dewi Siti Sundari
d. Dewi Utari
e. Dewi Anjani
26. Patih nagari Alengkadiraja yaiku……..
a. Patih Prahastha
b. Patih Sengkuni
c. Patih Sucitra
d. Indrajid
e. Arya Kumbakarna
27. Wayang kang nyritakake para dewa, wiwit Sang Hyang Manikmaya, Sang Hyang lsmaya, Sang
Hyang Tejamaya lan kabeh dewa lan dewi diarani……..
a. Kandhewatan
b. Arjuna sasra
c. Ramayana
d. Mahabarata
e. Wayang beber
28. Wayang kang nyritakake lakon Sumantri lan Sukrasanayaiku
a. Kandhewatan
b. Arjuna sasra
c. Ramayana
d. Mahabarata
e. Wayang beber
29. Wayang kang nyritakake Prabu Rama mungsuh Rahwana jalaran ngrebut Dewi Shinta yaiku
a. Kandhewatan
b. Arjuna sasra
c. Ramayana
d. Mahabarata
e. Wayang beber

30. …..

Aksara Jawa ing dhuwur yen diowahi nganggo aksara latin yaiku….
a. Klambine rega 67000 rupiyah.
b. Klambine rega 57000 rupiyah.
c. Klambiku rega 67000 rupiyah.
d. Klambine rega 57000 rupiyah.
e. Klambimu rega 67000 rupiyah.
31. Ing ngisor iki ingkang trep aksara Murda, Kajaba….

a. ……

b. …..

c. …..

d. …

e. ……

32. wulan April lan Oktober. Ukara kasebut yen diowahi nganggo aksara Jawa…..

a. …….

…………
b. ……..

c. ……

d. ……
e. ……

33. ….

Ukara ing dhuwur yen diowahi ing aksara latin yaiku….


a. Panyawangku kandheg ing rasa gela.
b. Panyawangku kandheg ing rasa cuwa.
c. Panyawangku wus kandheg ing rasa.
d. Panyawangku mandheg ing rasa cuwa.
e. Panyawangku kandheg ing rasa nrima.

34. …… ,

Aksara kasebut unine……..


a. Pamit mulih jebule mung ninggal layang.
b. Pamit mulih jebule mung ninggal mala.
c. Pamit dolan jebule mung ninggal layang.
d. Pamit sinau jebule mung dolan.
e. Pamit sinau jebule among dolan.

35. ……… … Aksara Jawa kasebut unine….

a. Kabeh iku among critane.


b. Kabeh iku padha seneng dicritani.
c. Kabeh pada seneng critane.
d. Kebh padha among crita.
e. Kabeh padha seneng crita.

You might also like