Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Assalamualaikum Wr.

Wb

Nuwun, Para Pepundhen, Para Sesepuh, Para Pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu, Para
rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan.

Langkung rumiyin, mangga kula dhereaken muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT,
ingkang sampun kaparenga kanugrahan ingkang arupi kasarasan. Sahengga, ngantos wekdal menika
panjenengan sedaya saged ngrawuhi anggenipun gadhah damel tasyakuran penganten menika.

Para Rawuh ingkang kinabekten,

Salajengipun, kaparenga kula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para
kadang kaluarga, inggih menika:

1. Adicara kaping sepisan inggih menika pambuka.

2. Dene, Adicara kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran.

3. Adicara kaping tiga inggih menika upacara Ijab qabul.

4. Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih penganten.

5. Adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana lan atur pambagya.

6. Adicara kaping enem inggih menika manasuka.

7. Jangkep adicara kaping pitu, pungkasan inggih menika panutup.

Bapak/Ibu, tamu undangan ingkang kinurmatan

Mekaten wau urutaning adicara ingkang badhe kalampahan ing wekdal menika. Saderengipun, mangga
kula dhereaken maos basmallah. Dhumateng tamu ingkang ngrasuk agami sanes, kula sumanggaaken
miturut kapitadosan piyambak-piyambak. Dedonga kawiwitan……dedonga cekap.

Adicara ingkang kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran saking Retnasih. Dhumateng
sedherek Retnasih kula sumanggaken.
———————————————————

Menika wau waosan kitab suci Al-Quran saking sedherek Retnasih.

Dene, adicara ingkang kaping tiga inggih menika Upacara Ijab Qabul. Dhumateng Bapak petugas ingkang
sampun kajibah, sasana saha swasana kula aturaken.

———————————————————

Para rawuh sedaya, mekaten upacara ijab qabul ingkang sampun kalampahan kanthi gancar.

Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih penganten. Dhumateng Ibu perias
wekdal saha papan kula aturaken.

———————————————————

Mekaten Upacara Panggih penganten sampun kalampahan kanthi gancar.

Dene, adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana saking Bapak Agus. Dhumateng Bapak
Agus, kula sumanggaaken.

———————————————————

Matur nuwun, bapak Agus ingkang sampun ngaturaken tanggap wacana lan atur pambagya.

Adicara kaping enem inggih menika manasuka. Dhumateng grup campursari “Bagas Waras”, kula
sumanggaaken.

———————————————————

Mekaten wau canpursari “Bagas Waras” ingkang sampun ngregengaken acara menika.
Dungkap paripurnanipun adicara, monggo dipun tutup acara menika kanthi maos hamdallah
sesarengan. Menawi sadangunipun kula ngadeg wonten ing ngarsa panjenengan sami nglantaraken
reroncening adicara pawiwahan menika wiwit kanthi panutup. Kathah babagan ingkang kirang ing trap
sila saha subasita tumraping laku saha pacelathu, kula nyuwun agunging pangaksami.

Cekap semanten atur kula.

Wassalamualaikum, Wr. Wb

You might also like