Professional Documents
Culture Documents
Khutbah Jumat Maulud
Khutbah Jumat Maulud
Nggeh meniko, ,امتث ال اوام ر اهلل واجتن اب نواهي ه على علم وبص رية nggeh meniko ndereki sedoyo
perintahipun Allah SWT. Lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun ngangge ilmu pengetahuna agami.
Supados kulo lan panjenengan sedoyo sageto pikantuk kawilujengan ing ndunyo ingkang sementara
, nggeh meniko panggenan ingkangدار القرار meniko lan khususipun ing akhirat, ingkang merupakan
abadi.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Alhamdulillah tahun meniko kito sedoyo tasik saget manggihi wulan Rabii’ul Awwal utawi Maulud.
Wulan Rabii’ul Awwal meniko klebet wulan ingkang nggadahi sejarah besar kangge dunia
umumipun, lan kangge kito umat Islam khususipun, Inggih meniko dinten kelahirane Rasulullah
Muhammad SAW., ingkang sampun kulo lan panjenengan sedoyo peringati kaleh dinten ingkang
kepengker.