Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 5

PAS BASA JAWA KELAS XI

MULTIPLE CHOICE

1. Geguritan iku kanggo gampange diarani ugo..


a. Kakawin jawa kuna
b. Kidung jawa pertengahan
c. Temvang macapat
d. Tembung campursari
e. Puisi jawa modern/gagrag anyar
2. Supaya bisa mangerteni isine geguritan, kita kudu mangerteni …
a. Tegese tembung
b. Pralambang tembung
c. Pamacane tembung
d. Ekspresi wajah
e. Wong sing ngarang
3. Maca endah geguritan iku kudu …
a. Banter swarane tanpa ana sing bisa ngalahake
b. Cepet lan cetha supaya ora ngentekake wektu
c. Sopan, yen perlu disalini dadi basa krama dhisik
d. Diwaca lan diapalake geguritane, banjur ditembangake
e. Didhasarake wewatakan, tatakrama, sopan santun lan njawani
4. Gatekna geguritan ing ngisor iki.
Biyung
(Dening Roewandi)
Kangenku tumetes ing dlancang
wis suwe dakbuwang
Mlebu Kranjang pangangen angen
Durung kabuncang ing pepeteng

Netramu pasuryamu edhum


ing Dhada ingkang durung tidhem
Amebegan kemrungsung
Kusung-Kusung kaya kambrugan ruyung

Netramu pasuryamu sumringah


Sumyah kang anyawang bungah
ilang rasa susah lan daredah
Senajan padharan daharu mengangah

Kangenku tumetes ing dlancang


Amung Seratan ora timbang
Tresnamu ngebaki mleber ing dhadha
Dhadha kebak tangis guyu parisuka

Biyung kangenku daklumpukne


Swarga tundha pitu sinebaran
Ganda aruming mawar swargaloka
Sugengmu durung nate dakpunjung mlathi rinonce endah
ati micara dhuh biyung nyuwun aksama
Dakkangeni dakpunjung donga swarga

(PS No 13-30 Maret 2019)

Tembung biyung iku nunggal teges karo tembung ...


a. ibu
b. bulek
c. budhe
d. eyang putri
e. mbak yu
5. Tembung netra nunggal teges karo tembung
a. irung
b. rambut
c. talingan
d. pikiran
e. mripat
6. Yen manut isine geguritan “Biyung” kasebut yaiku kahanan biyunge ...
a. isih sugeng seger waras
b. lagi lara lan ora karuan papane
c. isih lunga ado hora bali-bali
d. wes sepuh ora ana sing ngramut
e. wes seda utawa tilar ndonya
7. Latar geguritan “Biyung” yaiku …
a. gumbira
b. sungkawa
c. nggregetna
d. getun/keduwung
e. ayem tentrem
8. Bacutna itungan iki, “eka, dwi, tri, ….”
a. papat
b. sekawan
c. gangsal
d. catur
e. panca
9. Tembung liyane pidhato yaiku …
a. wara-wara
b. sesorah
c. pirembugan
d. pacelathon
e. wawan rembug
10. Gatekna prethelan ing ngisor iki.
Perangane tanggap wacana ing dhuwur uga diarani …
a. purwaka basa
b. surasane basa
c. wasana basa
d. salam pambuka
e. pambagyaharja
11. Isine bab atur panuwun marang rawuhe para tamu, lan nyuwun pangapura menawa anggone
nampa tamu lan nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa micara ana
tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tumindak sing ora mranani penggalih
yaiku ...
a. uluk salam
b. purwaka
c. wigatining atur
d. pangarep-arep
e. panutup
12. Raka besok arep pidhato ing acara perpisahan kelas. Sing rawuh yaiku kepala sekolah, bapak
ibu guru lan kanca kanca kelas sewelas. Anggone Raka miwiti pidhato yaiku ...
a. Wilujeng enjing,
Kepala sekolah saha bapak/ibu guru ingkang kula urmati, kanca-kanca ingkang kula
tresnani.
b. Wilujeng enjing,
Kepala sekolah saha bapak/ibu RT ingkang kula urmati, kanca-kanca remaja desa ingkang
kula tresnani.
c. Wilujeng enjing,
Kepala sekolah saha bapak/ibu guru ingkang kula urmati, bapak/ibu wali murid ingkang
kula tresnani.
d. Wilujeng enjing,
Kanca-kanca kelas X ingkang kula tresnani saha bapak/Ibu guru ingkang kula urmati.
e. Wilujeng enjing,
Kanca kanca kelas X ingkang kula urmati saha bapak/ibu guru ingkang kula tresnani.
13. “Bapak bapak dalah ibu-ibu, ing samangke kathah sesakit demam berdarah ing pundi-pundi.
Pramila sumangga panjenengan sadaya sami-sami njagi karesikaning salebet tuwin
sakjawinipun griya. Langkung-langkung, got-got sakiwa tengening griya.”

Pethikan pidhato ing dhuwur nduweni ancas …


a. menehi panglipur
b. menehi kawruh
c. elik-elik
d. pawarta pangajak
e. pitutur
14. Kang ora kalebu dasanamane tembung pranatacara yaiku …
a. pranata adicara
b. pambagyaharja
c. pranata laksitaning adicara
d. sesorah
e. pewara
15. Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah SMA Negeri Jatiwangi ingkang kula
urmati. Bapak-ibu guru miwah staf karyawan -karyawati SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula
urmati. Boten katalumpen kadang-kadang kula siswa siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi winantu
ing karaharjan.
Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan sokur dhumateng
ngarsanipun Gusti ingkang Maha Luhur. Awit saking rahmat lan hidayahipun, kula lan
panjenengan kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan,
kasarasan, miwah kabahagyan.
Prethelan ing dhuwur perangan tanggap wacana diarani …
a. Purwaka basa
b. Surasa basa
c. Wasana basa
d. Salam pambuka
e. Pambagyaharja
16. Piranti kanggo upacara tedhak siten kayata ing ngisor iki, kajaba ….
a. pangaron
b. andha tebu
c. kurungan
d. andong sabengket
e. pari sabengket
17. Kang dikarebake ing upacara tedhak siten yaiku …
a. karebe bocah sehat
b. kasiapan bocah kanggo nglakokake kahuripan kang bener ing mangsa ngarep
c. cehake manungsa karo bumi
d. atur puji syukur marang Gusti kang murbeng dumadi
e. kanggo ngendhoni kedadeyan sing ala
18. Ubarampe kang umum dibutuhake kanggo upacara tedhak siten yaiku …
a. Sesaji slametan, jadah pitung werna, lan kembang setaman
b. Sego tumpeng, jajan pasar, sisir, pari, lan kapas
c. Sesaji slametan, jadah pitung werna, udhik udhik, lan andha tebu
d. Sesaji slametan, jenang, dhuwit, jungkas, lan janur
e. Sesaji slametan, pangilo, jungkas, jenang, lan andha
19. Adat istiadat pahargyan, pengetan, lan slametan ing bebrayan Jawa katinadaake mingka acara
pribadi lan umum. Adicara kang katindaake pribadi ing ngsior iki, kajaba …
a. Tingkeban
b. Brokohan
c. Nyelapani
d. Grebeg Maulud
e. Tedhak siten
20. Ancas dianake upacara adat tingkeban yaiku …
a. Kanggo keslametan bapa biyunge
b. Kanggo keslametan aki lan nini
c. Kanggo keslametan calon ibu lan jabang bayine
d. Kanggo tolak bala
e. Kanggo keslametan jabang bayine
21. Ing ngisor iki seng dudu kalebu urut-urutan ing upacara tingkeban yaiku …
a. siraman
b. menek andha tebu
c. medhot lawe
d. brojolan
e. salin rasukan
22. Jadah pitung werna ing acara tedhak siten tegese…
a. Yen donya anak isih sitik utawa ciut
b. Undhak-undakan urip sing arep dilakoni anak
c. Supaya mbesuk lek anggone nggayuh gegayuhan mantep lan cepet kasile
d. Supaya dadi bocah pinter besuke
e. Ngemutake anak yen urip kudu waspada saka godaan kang werna werna
23. Sing dimaksud selapanan sing ditindaake sawise bayi umur…
a. 7 dina
b. 40 dina
c. 100 dina
d. 35 dina
e. 3 dina
24. Cengkir gadhing digambare tokoh wayang yaiku …
a. Arjuno - Dewi Sukesih
b. Kamajaya - Dewi Ratih
c. Nakulo - Dewi Supraba
d. Sadewo - Dewi Sundari
e. Janaka – Dewi Arimbi
25. Ing acara mantes busana calon ibu sing mbobot diutus ganti ageman jarit nganti rambah
kaping…
a. Lima
b. Enem
c. Pitu
d. Wolu
e. Sanga

You might also like