Legenda Jaka Tarub

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

LEGENDA JAKA TARUB

Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra
kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika
Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge
dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan
uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-
pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten
wana kangge ulamipun.

Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun
saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge
mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten
surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-
punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub
boten manggih.

Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa
piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana.
Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka
Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka
Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning
tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking
pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten
percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing
tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram
lelangin ing sendang. 

Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu
punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa
satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten
satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari
menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng
dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang
Wulan.

Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub
ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan
nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan
Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub
malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi
ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika
kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal
bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten
brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah
Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget
amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan
menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun
minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani
mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak
sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi
sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma
malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara
kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.

You might also like