Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 7

NAMA SD Nama :

PENILAIAN AKHIR SEMESTER II


TAHUN PELAJARAN 2019/2020 No. Absen :
Mata : Bahasa Jawa
Pelajaran
Kelas : 3 (Tiga) Nilai :
Waktu : 90 menit
Tanggal :

I. Wenehana tanda ping (X) ana aksara a, b, c, lan d ing ngarep jawaban kang
trep!

1. Apa iku Tembang Macapat Pocung?

a. Tembang Macapat kang digawe c. Tembang macapat yang memiliki


parikan utawa bedekan sifat "kereng, nafsu" (keras bergairah)
b. Tembang kang isi tembangnipun d. Tembang kang nyritake filosofi urip
gambarake tentang pembentukan jati manungsa
diri utawa kemantepan awak dewe
2. Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani…

a. Guru Gatra c. Guru Lagu


b. Guru Wilangan d. Guru Baris
3. Cacahing wanda saben sagatra diarani…
a. Guru Gatra c. Guru Lagu
b. Guru Wilangan d. Guru Baris
4. Ngel –mu – I –ku – ka – la – ko - ne – kan- thi – la – ku. Iku diarani…
a. Guru Gatra c. Guru Lagu
b. Guru Wilangan d. Guru Baris
5. Bedheka Tembang Pocung iki!
Bapak Pucung, dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing sabrang
Ngon – ingone sang bupati
Yen lumampah, si pocung lembehan grana
Apa jawabane?
a. Gunung gede c. Gajah
b. Pesawat d. Sepur
6. Apa iku grana?

a. Irung c. Sikil
b. Lambe d. Bathuk
7. Wacanen crita pengalaman ana ing ngisor iki!
Lunga Menyang Malioboro
Minggu sore Sita diajak bapak, lunga ana ana ing Malioboro. Anggone tekan Malioboro
numpak motor. Ora suwe aku wis tekan ana ing Pasar Sore Malioboro. Bapak pengen
ngersakake klambi batik kanggo Pakde Budi. Sesuk Pakde Budi rawuh ana ing
Yogyakarta. Klambi batik sing dituku iku arep diparingke Pakde Budi kanggo oleh –oleh.
Bapak wis milih klambi batik werna putih coklat motif kawung. Sita uga tumbas miniatur
pit ontel kang isa dipajang ana ing jero kamar. Bapak uga ngajak Sita tuku panganan
dienggo suguhan. Rampung anggone tuku pinuku, bapak ngajak aku mulih.
Apa irah – irahan wacan ana ing dhuwur?

a. Lunga Menyang Malioboro c. Menyang Malioboro

b. Lunga Ing Malioboro d. Tuku batik ing Malioboro


8. Sapa tokoh kang ana ing wacan dhuwur?
a. Sita, Bapak, Ibu c. Sita, Bapak, sing dodolan

b. Sita, Bapak , Pakde Budi d. Sita lan bapak


9. Apa sing dituku ana ing Malioboro?

a. Klambi batik, pit onthel, panganan c. Klambi batik, miniatur pit onthel, lan
panganan
b. Klambi batik lan panganan d. Miniatur pit onthel lan panganan
10. Motif klambi batik sing arep diwenehake yaiku…
a. Motif Gringsing c. Motif Mega Mendung
b. Motif Kawung d. Motif Parang Rusak
11. Ngapa kok Bapak ngajak Sita lunga menyang Malioboro?

a. Tuku oleh oleh dienggo tamu c. Bapak kepingin lunga menyang


omeh e Pakde Budi
b. Bapak kepingin klambi anyar d. Kepengen mlaku – mlaku

12. Kang klebu Tembang Dolanan yaiku kejaba…

a. Ilir - ilir c. Padhang Bulan


b. Sluku – suku Bathok d. Apuse
13. Gatekna lagu dolanan ana ing ngisor iki!
Sluku-sluku Bathok
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit
Sluku tegese…

a. Tangan c. Driji
b. Sikil d. Awak
14. Tegese bathoke ela –elo yaiku…
a. Dzikir c. Diakon ngresiki batin
b. Diakon tumindak becik marang d. Bathok e menga mengo
liyan
15. Gatekna Tembang Dolanan ana ing ngisor iki!
Ilir – ilir
Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodoiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako, sorak iyo!!
Irah – irahan Tembang Dolanan ana ing dhuwur yaiku…

a. Ilir- ilir c. Lir -ilir


b. Tandure sumilir d. Tandure ijo royo -royo

16. Apa sing ijo royo – royo?

a. Blimbinge c. Sawahe
b. Godhong blimbing d. Tandure
17. Sapa kang dikon menek wit blimbing?

a. Cah wadon c. Cah angon


b. Cah lanang d. Wong sing duwe wit blimbing
18. Dodotiro tegese…
a. Ngumbah c. Klambimu
b. Suwek d. Dienggo
19. Aksara Jawa sing durung enthuk sandhangan utawa pasangan (isih wuda) diarani…

a. Aksara Wilangan c. Aksara sandhangan


b. Aksara Jawa Legena d. Aksara Sandhagan Wyanjana

20. Cacahe Aksara Jawa ana…

a. 10 c. 20
b. 15 d. 25

21. Wacane…
a. Da c. Wa
b. Tha d. Dha
22. Aksara ra yaiku…

a. c.

b.
d.

23. Apa wacane aksara jawa ana ing kiwa?


a. Bata c. Rama
b. Cara d. Saha

24. Apa wacane aksara jawa ing kiwa?


a. Singa c. Lawa
b. Lima d. Baya
25. Jagaraga. Aksara kang trep yaiku…
a. c.

b. d.

II. Isenana ceceg – ceceg ana ing ngisor iki!


1. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang pucung yaiku…
2. Getekna Tembang Dolanan ana ing ngisor iki!
Bapak Pucung, cangkeme madhep mandhuwur
Sabamu ing sendhang
Pencoanmu lambung kering
Prapteng wisma, Si Pucung mutah guwaya
Isine Tembang Pocung ing dhuwur yaiku…
3. Wacanen crita pengalaman ana ing ngisor iki!
Bal – balan
Dhek wingi aku bal- balan karo kanca- kanca. Olehku bal – balan ana ing alun-
laun Rembang. Ana ing alun – alun kuwi sing bal – balan akeh banget. saliyane aku lan
kanca- kancaku sakelas, ana uga kelompok liyane. Malah uga ana uga kelompok bocah
SMP lan bocah SMA.
Bal – balan wingi kuwi rame banget amarga pertandingan antarane kelas 3 A
kelasku, karo kelas 3B. Mung kebeneran sekolahku cedak karo aun – alun. Mula
pertandingan e ana ing alun – alun. Saliyane pertandingan bal – balan, alun – alun
Rembang kuwi pancen wis umum yen sore kanggo papan dolanan.
Dhek wingi kuwi, aku dadi penyerang tengah. Kancaku nyerang ana oro yaiku
Bambang lan Sansan. Karene kanca- kancaku, aku kuwi sakbenere ora pati pinter
nanging playuku banter. Dene Bambang an Sasan kuwi ora pati banter playune nanging
jan titis tenan yen nyadhuk bal.
Babak sepisan aku kasil ngegolake nganti kaping loro. Nanging bocah kelas 3B bisa
mbales ana ing babak loro. Mula nganti bubaran ora ana sing menang lan sing kaah.
Senajan seri, aku tetep bungah amarga aku kasil njebol gawange kelas 3B sing dijaga
Supri.
Apa sing dilakoni tokoh miturut ana ing wacan?
4. Kapan wancine tokoh kuwi bal- balan?
5. Sapa sing menang ana ing tandhing bal – balan manut ing wacan?
6. Gatekna Tembang Dolanan ana ing ngisor iki!
Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodotiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako, sorak iyo!!
Apa irah – irahan Tembang Dolanan ana ing dhuwur?
7. Sebo tegese…

8. Wacane…
Tulisen migunakake aksara jawa!
9. Padha ngaca
10. Nyata ana
Kunci Jawaban
I. Pilihan Ganda

1. A 11. A 21. A
2. C 12. D 22. D
3. B 13. B 23. A
4. B 14. A 24. C
5. C 15. A 25. B
6. A 16. D

7. A 17. C

8. D 18. C

9. C 19. B
10. B 20. C

II. Isian
1. Guru Gatra : 4 larik
Guru Wilangan : 12, 6, 8,12
Guru Lagu : u, a, i,a
2. Klenthing
3. Dolan Bal – balan
4. Wayah sore
5. Ora ana sing menang
6. Ilir –ilir
7. Ngarep
8. Kaya raja

9.

10.

You might also like