Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

TEKS PRANATACARA

Nama : Dhea Maharani Elisa

Kelas : XI MIPA 6

Absen : 06

PENGAJIAN AKBAR MENYAMBUT BULAN SUCI RAMADHAN

Assalamu'alaikum Wr.Wb

Ingkang kinabekten panjenengan ipun ustadz Wuntut Wawan Sembodo. Ingkang kinabekten panjenengan ipun Kepala Desa Taji Ibu Indi Astuti. Ingkang kinabekten Takmir
Masjid At-Taufiq Taji. Ingkang kula hormati Ketua Remaja Islam Taji Saudara Hartono, soho para bapak ibu Hadirin Rakhimakumullah. Hadirin-hadirot Rakhimakumullah,
langkung rumiyin monggo kita panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kita pinten-pinten kenikmatan, sehingga wonten ing dalu
punika kita saget makempal wonten ing Masjid At-Taufiq mriki kangge mangeti pengaosan, kanthi wilujeng mboten wonten halangan setunggal punapa.Shalawat soho salam
mugi-mugi kunjuj dumateng Nabi Muhammad Saw, ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah ingkang kita raosaken sak menika, soho ingkang
kita antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah Aamiin. Wonten mriki kawula kajibah minangka pranata adicara, badhe maosaken susunan acara wonten dalu punika :

~ Adicara kaping setunggal inggih menika : Pambuka

~Adicara kaping kalih inggih manika : Wosan ayat-ayat suci Al-Qur'an

~Adicara kaping tiga inggih menika : Sambutan-sambutan

~Adicara kaping sekawan inggih menika : Tausyiah dilajeng Do'a

~Adicara kaping gangsal inggih menika : Penutup

Acara kaping setunggal inggih punika pambuka, monggo acara wonten ing dalu punika kita bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.

~Adicara kaping kaleh inggih punika wosan ayat-ayat suci Al-Qur'an ingkang bande dipun waos dening adek Gita Ayu Sekartaji kalian adek Anik, wedal soho panggenan kula
sumanggaaken.

~Adicara ingkang kaping tiga inggih punika sambutan-sambutan :

• Sambutan ingkang kaping setunggal saking Ketua Remaja Islam Taji, dumateng panjenenganipun saudara Hartono wedal soho panggenan kula sumanggaaken.

• Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala Desa Taji, dumateng panjenenganipun Ibu Indri Astuti wedal soho panggenan kula sumanggaken.

• Sambutan ingkang kaping tiga saking Takmir Masjid At-Taufiq Taji, dumateng panjenenganipun Bapak Samsul Mawarwan,SE wedal soho panggenan kula sumanggaaken.

~Adicara kaping sekawan inggih punika tausyiah dipun lajengaken Do'a, dumateng panjenenganipun ustadz Wuntut Wawan Sembodo saking Jogjakarta, wedal soho panggenan
kula sumanggaaken.

~Adicara kaping pungkasan inggih punika penutup, monggo acara pengaosan wonten ing dalu punika kita tutup kanthi waosan hamdallah.

Mekaten saking kawula menawi wonten atur ingkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedaya kula nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb

You might also like