Professional Documents
Culture Documents
Firoh Word
Firoh Word
Kelas:IX-D
No:11
Wonten salah satunggaling desa inggih menika Desa Makmur, wonten keluarga ingkang gesangipun
rukun lan sae inggih menika keluarga Bapak Wahono. Bapak Wahono kagungan putra naminipun Prima.
Prima bocah ingkang sopan lan alus anggenipun ngendika, ananging amargi srawung kaliyan bocah
ingkang mboten jelas, unggah-ungguhipun Prima sampun benten.
Ibu :“Ora iso ngono kuwi Pak, cah enom sakiki wes akeh gek do ora reti unggah-ungguh, ojo nganti
Prima melu-melu.”
Kunto:“Prima….!”
Prima:(mlayu mekdal saking griya) “Weh sipek yo brow aku njupuk kunci motor disek.”
Kunto:“Yo, beres.
Prima lajeng mlebet kamaripun mbakyune badhe nyambut kunci motor, amargi motoripun badhe
dingge mancing.
Prima:“Mbak, aku jileh kunci motore!”
Prima:“Mancing.”
Prima:“Dilit wes.!”
Prima:“Yo”
Prima banjur metu saking kamaripun mbakyune, lajeng pamit kaliyan ibu ne.
Lia :“Ibu,,,,”(sinambi ndelik wonten wingking ipun ibu) “Tapi aku mengko digawakke iwakke gek
gedheeeeeeeeeee banget. Yo mas yo?”
Prima:“Yo!”
Prima lajeng mancing kaliyan kanca-kancan ipun. Saking penakke mancing prima ngantos kesupen
wekdal.
Prima:“Waduh, aku muleh disek yo. Motore arep dinggo mbakyuku je.”
Kunto:“Lah rak sido mbakar iwak po, Brow?”
Dereng ngantos dijawab, Prima lajeng lunga. Nalikanipun madosi kunci wonten sak, dompetipun
kecer. Ananging Prima mboten mangertos amargi ndang gage muleh.
Saksampun ipun Prima lunga, nilam ningali ingkang lewat dalan menika saking tumbas bumbu
masak.
Saksampun ipun wonten griya, Nilam lajeng nyaoske bumbu masakipun dhumateng ibu Nisah.
Ibu:“Ow yo. Duite peken wae ndok , nek mbok nggo tuku LKS.”
Nilam:“Mboten sah bu, kula sampun nabung kok kangge tumbas LKS.”
Nilam lajeng mlebet kamar. Lan bukak dompet ingkang ditemu wau. Dompet wau onten fotone
ananging mboten wonten identitas sinten ingkang nggadhahi dompet menika.
Nilam:(sinambi ningali foto wonten dompet) “Sopo yo iki? Ganteng tenan.” (mesam-mesem)
Wonten dalemipun Prima, Prima bingung madosi dompetipun. Prima tanglet kaleh
keluarganipun.
Ibu:“Sampeyan ki ngopo to Le? Ket mau kok mubeng-mubeng, opo gek ilang?”
Prima:“Yo neng sak, tapi mau tak tilekki wes orak eneng.”
Ibu:“Oalah….mulakno nek deleh dompet ki ora sak nggon-nggon. Neng omah iki rak eneng gek jupuk
dompetmu.”
Prima:“Dek..dek…”
Mifta:“Ono opo Mas?”
Prima:(Bentak Mifta) “Rasah ngapusi! Tok nggo dolanan neng ngendi dompetku, heh?”
Ibu:“Karo adhine ki ora kasar-kasar ngono kuwi. Karo sing luwih tuo ora boso, karo adhine mbentak-
mbentak. Gek lelakon opo iki….” (ngelus dada)
Mifta:“Pak Bapak….mau mas Prima natali atu kalo ibu kalo mbak Zulfah.”
Bapak:“Yo wes rak popo. Jenenge we lagi kelangan dompet. Wajar nek muring.”
Zulfah:“Prima nate ngendika menawi mboten saged pelajaran matematika. Bu Nisah niku tiyang ingkang
ndemenakake Pak, mengke Prima ugi lajeng dipun ajari unggah-ungguh. Pripun Pak?”
Bapak:“Yo wes nek ngono. Zul, mengko ajaken Prima neng gone Bu Nisah!”
Zulfah:“Nggeh Pak.”
Rita:“Opo?”
Rita:“Wakedewe ki anak punk men! Suwe-suwe kriting rambutmu nek les matematika. Mosok anak
punk rambute kriting. Hahaha….”
Rita:“Yo wes brow….aku lan Kunto bakal ngewangi goleki dompetmu kok."
Prima:“Tenan loh cah… wah sampeyan kabeh pancen sohibku paling josss!”
Dinten Minggu sampun kalampahan, sakniki dinten Senin. Dinten ingkang dipuntunggu Nilam
kangge mbalekaken dompetipun Prima. Prima les matematika wonten dalemipun Bu Nisah.
Ibu:(Mriksa garapanipun Prima) “Iki wes bener, kurang nulis rumuse neng duwure. Yo wes, gandeng wes
sore sakiki dipungkasi wae.”
Ibu lan Prima maos Basmalah. Prima lajeng pamit kalih Bu Nisah.
Ibu:(Mriksa garapanipun Prima) “Iki wes bener, kurang nulis rumuse neng duwure. Yo wes, gandeng wes
sore sakiki dipungkasi wae.”
Ibu lan Prima maos Basmalah. Prima lajeng pamit kalih Bu Nisah.
Prima:“Assalamualaikum.”
Ibu:“Waalaikumussalam.”
Nilam:“Prima,,.”
Prima:“Yo.”
Nilam:(Maringke dompetipun marang Prima) “Maaf geh, wingi aku urung sempet menehke dompet
kuwi.”
Nilam:“Nggeh.”
Nilam lan Prima lajeng mantuk. Saksampunipun mangertos menawi Nilam ndemenakaken, Prima
dados bocah ingkang demenakaken ugi. Kanca-kancanipun ingkang badhe ngewangi goleki dompetipun
Prima malah mboten ketemu lan Prima mboten srawung kalih kanca-kancanipun ingkang mboten sae
rumiyin