Teks Deskripsi

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

TEKS DESKRIPSI

Teks deskripsi yaiku karangan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo
menehi panjlentrehane saka sawijing objek. Objeke bisa arupa panggonan, manungsa, barang
lsp). Teks deskripsi duweni ancas kanggo nggambarake objek kang saknyatane.
Jinise Teks deskripsi:
1. Deskripsi objektif
Salah sawijine jenis karangan kang nggambarake objek ora dikantheni opini pribadi saka
panulis
2. Deskripsi subjektif
Salah sawijine jenis karangan kang nggambarake objek kang dikantheni opini pribadi
saka panulis

Topik-topik kang bisa dikembangke dadi tulisan deskripsi, yaiku:


 Kahanan ruang ( tuladha ruang gerbong sepur kelas ekonomi lsp)
 Kahanan barang (tuladha alat transportasi)
 Proses (tuladha urutaan prosesi upacara adat)
Tedhak Siten

Apa kwi Tedhak Siten ?


Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa
6 lapan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak
tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan
"udhun-udhunan".
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti)
utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat
tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 =
245).
Sebabe dianakake Tedhak Siten
Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni
makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula
dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah.
Umbarampe upacara tedhak siten
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
         Pengaron sing diisi kembang setaman.
         Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
         Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip,
manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
1.    Pari sabengket
2.    Kapuk sabengket
3.    Piranti nulis
4.    Bokor kang diisi beras kuning (kapirata)
5.    Werna-werna jinis dhuwit
6.    "Perhiasan"
         Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
         Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
         Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip
sing arep dilakoni anak.
         Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo
ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
         Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.

Urutane Upacara tedhak siten


    Tedhak jadah pitung warna: yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang
diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng, iku
kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko
mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
         Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip
ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah tebu iku bisa
duwéni solah bawa kaya déné arjuna.
         Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh
dolanan lan ubarampé pagawéan kayata kertas, gunting, pethèt lan liya liyané, dolanan utawa
ubarampé pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni pagawéan
mau.
         Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga
kayata banyu kembang sing kanggo acara siraman anak mau.

You might also like