Pilihan Novel

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

Pinesthi

Ana bocah sing jenenge Tanti, bocah kuwi katon sumringah ana ing sekolahane. Wajahe ayu lan
pawakane lencir dadeake kanca-kancane padha seneng. Dheweke uga pinter, dadeake guru-
gurune padha kagum karo dheweke. Ngancik ujian sekolah, guru-guru nganakake
kegiatan  kelompok belajar, Tanti entuk sak kelompok karo Pak Kusna lan Hartono. Ing dina iku
cah telu ngrencanaake sinau bareng ngenani pelajaran itung ana ing omahe Hartono. Bareng
kelompok iku mlaku lancar, sing asale ora ngerti saiki banjur ngerti lan dong. Kira-kira jam loro
awan Tanti isih ana ing omah, ditimbali ibune lan didangu ngenani olehe sinau kelompok. Sak
wise didangu, banjur Tanti mangkat sekolah, tekan sekolahan Tanti telat nalikane pelajaran
Bahasa Indonesia. Sak wise bubar sekolah, kira-kira jam setengah wolu, Tanti dieterake Pak
Kusna bali menyang omahe awit wis wengi.

Bengine Tanti ora bisa turu, amarga dheweke tansah kelingan karo Pak Marya sing ngerindu ana
ing ati. Dheweke uga kelingan marang Pak Kusna, yen dheweke ana ing cedhake Pak Kusna,
rasaning atine Tanti tansah ayem lan tentrem. Ora krasa panglamune iku mau nganti srengenge
jumedhul. Banjur Tanti tangi di tangekake dening ibune dikongkon adus lan sarapan sing wus
kacepak ana ing meja. Sak wise iku mau, wetara jam setengah loro dheweke banjur mangkat
sekolah ngontel bareng karo Pak Kusna. Ana ing pratelon cah loro kuwi ketemu karo Pak Marya,
ananging lakune Pak Marya kuwi radha sengit karo wong loro kuwi, ananging Tanti lan Pak
Kusna ngadepi iku mau kanthi biasa wae.

Ora krasa srawunge srawune Tanti lan Pak Kusna saya raket, saben dina dheweke mesthi
ngampiri lan ngeterake mulih. Nalika arep mulih saka sekolahan udan sangsaya deres, nanging
Tanti karo Pak Kusna nekad wae, amarga selak kesoren. Udan saya suwe saya deres, banjur
wong loro kuwi ngiyup ana ing pom bensin. Awake Tanti tansah kepepet-pepet dening Pak
Kusna amarga sing ngiyup wong akih. Gang sadelo banjur udan terang lan wong loro kuwi
banjur mulih. Tekan omah tTanti langsung adus, sabibare adus Tanti langsung mapan ana ing
kamar, dheweke tansah kelingan wektu cah loro kuwi ana ing pom bensin. Wektu liburan teka,
Pak Kusna, Tanti lan kanca-kancane padha liburan ana ing Clereng, ning kana padha mlaku-
mlaku lan blanja. Saya suwe wektu saya sore, banjur Tanti lan kanca-kancane padha mulih,
tekan omah Tanti langsung mapan wae ana ing kamar amarga banget kesele. Esuke kuwi ibune
Tanti teka saka brebes tilik mbakyune. Tanti mung takon piye kabare keluargane sing ana ning
kana. Ora krasa wis awan, banjur Tanti mangkat sekolah dhewean ora dikancani pak Kusana
kaya adat saben dinane.

Sajane atine Tanti bingung wis sawethara wektu dikongkon golek bojo dening bapakne.
Pamentrahe bapakne yen golek bojo aja wong ndesa, pikirane Tanti tansah ruwet. Anggepane
yen Pak Kusna kuwi ora dadi criteria bapakne. Kadadeyan iku mau tansah dadi panggalihe atine,
naganti-nganti dheweke lara lan ora mangkat sekolah. Telung dinane Pak Kusna tilik Tanti ana
ing rumah sakitsinambi gawa rambutan. Ning kana Pak Kusna tansah ngajab-ajab supaya Tanti
enggal waras, banjur Tanti kandha apa sing dadi panggalihe karo pak Kusna, nanging Pak Kusna
namung kandha yen babagan iku mau ra usah dipenggalih. Wektu saya suwe saya awan, arep
mulih saka rumah sakit ananging Pak Kusna aras-arasen, panggalihe  senajan aku ki seneng karo
Tanti nanging aku durung wani ngungkapake.
Wis limang dina Tanti ana ing rumah sakit, banjur dheweke mulih becak tekan Gowongan.
Telung dina Bu Hadi ning omahe kukut-kukut arep pindah ning kidul Negaraamrga dheweke
diangkat dadi guru, dene Tanti ngekos ana ing cedak omahe bapakne. Nalika Tanti teka saka
sekolahan, dheweke entuk kabar saka Bu Kartinah (ibu angkate) yen bapake lagi gerah banget.
Banjur bapakne digawa nyang rumah sakit Pugeran dieterake dening Pak Kusna. Ning rumah
sakit bapakne langsung diperiksa dening dokter, dene Tanti mung nangis wae. Tanti dieneng-
eneng karo Pak Kusna lan diwenehi tembung memanis supaya dheweke ora nangis wae. Wengi
kuwi kira-kira jam sewelas bengi Tanti turu ana ing sacedake Pak Kusna. Pak Kusna namung
nyawang Tanti sing melasi banget. Isuk kuwi cah loro lunga padha ngabari Bu Hadi babgan
larane bapakne, sak wise ngabari bajur wong loro kuwi padha mulih ana ing omahe dhewe-
dhewe.

Ora suwe limang dina bapakne ana ing rumah sakit, banjur bapakne bisa digawa mulih, bapakne
saya suwe saya sehat lan enggal waras.banjur bapakne eling rembugane karo Tanti ngenani
jejodohan. Ananging Tanti sumaur yen dheweke hurung siap, atine Tanti saya bingung lan
mumet ngrasake masalah-masalah sing diadepi.

Dina sateruse lumaku kaya biyasane, ing wanci wulan Mei bapakne lara maneh, sing ngrumati ya
namung Tanti, ngalor ngidul nganti tiba tangi. Ing wanci sore, kaya adat saben dinane, Tanti
ngajak cerita karo bapakne sinambi ngarasi sirah, tangan lan sikile sing ngrasa anyep. Banjur
Tanti ngundang suster, sak wise suster kuwi mreksa bapakne, suster kuwi mau kandha yen
bapakne kuwi wis sedha. Tanti kaget banget banjur dheweke semaput. Tangi-tangi dheweke wis
dipangku dening ibune, banjur dheweke tilik bapakne sing wis selimutan kain putih, ning kana
dheweke dedongakake bapakne. Banjur bapakne kuwi di makamake ana ing Blunyah Gedhe.

Nganti pirang-pirang dina panggalihe Tanti saya ndadi yen ling marang bapakne, nganti ora
krasa Pak Kusna lungguh ana ing sacedake dheweke. Banjur dheweke diajak mlebu nyang ruang
tamu, ning kana Pak Kusna ngungkapake rasaning atine sing wis suwe kapendem, dene Tanti
namung manthuk wae ngrungokake pangandikane Pak Kusna. Panggalihe campur dadi siji, ya
isin ya seneng uga. Pak Kusna uga kandha yen dheweke bakalan nglamar Tanti, Bu Hadi
keprungu iku mau namung nyetujoni wae, atine Tanti Tansah saya seneng.

Kacarita Tanti wis dadi tunangane Pak Kusna, wong loro kuwi padha nganggo ali-ali sing an
tulisane jenenge wong loro kuwi. Rong wulan suwene banjur wong loro kuwi diajak rerembugan
karo Bu Hadi ngenani olehe mantu. Sing arep dadi mantune kuwi pakdhene, sebabe ora duweni
putra, dene syarat ijab iku mau Tanti kudu ana ing omahe pakdhene telung sasi suwene. Wong
loro kuwi kaget banget lan mung pasrah wae.

Esuke kuwi Pak Kusna lan Tanti arep ningali petilasane Pangeran Diponegara, banjur wong loro
kuwi pamitan karo ibune. Tekan kana wong loro kuwi padha seneng-seneng lan guneman
ngenani bab kasetyane dhewe-dhewe. Ora krasa wektu saya suwe, banjur wong loro kuwi padha
mulih, tekan omah wis dienteni ibune ning tersan. Banjur wong loro kuwi diajak rerembugan
karo ibune bab olehe Tanti lunga ana ing omahe pakdhene lan wong loro kuwi uga guneman
ngenani kasetyaan siji lan sijine.
Ing daleme pakdhe lan budhene, Tanti tansah mikir kangene karo Pak Kusna lan ibune. Banjur
Tanti kuwi dikongkon bomah turu dening budhene amarga wis wengi. Dina lan dina wus
dilampahi saya cedak anggone ijab. Kacitra pener jam siji Tanti lan Pak Kusna diijabake, dene
cah loro kuwi  saiki wis sah anggone dadi pasangan sing nyawiji. Saya wengi saya sepi, sedulure
padha wis turu, dene cah loro kuwi isis padha ketap-ketip ana ing kamar. Suwe-suwe gunemane
wong loro kuwi padha ora keprungu, sing keprungu namung unining walang lan kewan-kewan
sing metu wayah wengi.

Tretes Trintim
Diceritaake Kuswahartaka ngalami kadadeyan perampokan ana ing omahe ning daerah Lurung
Kurantil Semarang. Barang sing dijukuk dening perampok yaiku duwek 2jt, sak durunge rampok
kuwi mau njukuk barang-barange Kuswahartaka, rampok kuwi mau padha nyiksa Kuswahartaka
ndisek. Sak wise para rampok padha lunga, Kuswahartaka kepingin banget nyekel para rampok
sing wis ngrampok omahe kuwi, banjur dheweke njaluk tulung marang Detektip Gambira
kanggo nyelidiki kasus perampokan omahe kuwi. Saka asil penyelidikane kuwi, banjur
dimangeteni yen sing ngrampok kuwi jenenge Durmala, lan dheweke kuwi lagi ndelik ana ing
Tretes, Jawa Timur.

Saka sarane ponakane Marwan, terus Kuswahartaka njaluk tulung karo Detektip Handaka sing
asale saka Solo. Saka asil penyelidikane Detektip Gambira sak durunge, banjur Handaka gelem
ngiwangi dheweke lan mangkat nyang Tretes guna ngiwangi Detektip Gambira anggone nyekel
Durmala.

Tekan ning Tretes, Detektip Gambira nyamar dadi wartawan Suara Merdeka sing lagi luru berita
ning hotel Larasing Paraden. Ning hotel, Gambira ketemu karo Muchtarum pengusaha sing sugih
saka Jakarta. Ing dina iku uga para tamu akih sing padha teka ana ing hotel, kaya ta pegawai
DPU saka Semarang, yaiku Suradenta, Yusmanan, dan Martinus. Banjur ana teka maneh wong
wedok ayu sing jenenge Waratinah saka Surabaya. Wong telu sing ngaku-ngaku dadi pegawai
DPU kuwi jebul-jebul polisi sing lagi nyamar anggone nggoleki Durmala.

Ning hotel Waratinah dadi akrab banget karo Muchtarum, yen are ning endi-endi wong loro
kuwi tansah bebarengan. Terus akhire Martinus kuwi nemokake surate Martinah sing ditulis
kanggo Durmala, para polisi padha kaget lan padha nyelidiki Waratinah kuwi sing nyurigai
gerak-gerikke. Anehe Waratinah kuwi ya wis ngerti yen para polisi kuwi lagi padha luru
Darmala.

Banjur polisi telu iku mau terus-terusan ngawasi gerak-gerike Waratinah, ananging kelakuwane
polisi telu kuwi mau kadadeyan bocor amarga Mahendra sing duwe hotel kuwi dituduh
sekongkol karo Waratinah. Seliyane Mahendra, Detekip Gambira uga ngerti yen sing nyamar
dadi pegawai DPU kuwi mau ora liya ya polisi.

Sak wise Waratinah ora bebarengan maneh karo Muchtarum, dheweke meneng-meneng banjur
mlebu kamare Gambira sing lagi adus. Sak wise Gambira wis lebar aduse, dheweke weruh yen
Waratinah lagi ngacak-ngacak kamare, dheweke banjur arep merkosa Waratinah, ananging
usahane iku mau gagal.

Akhire Waratinah bisa metu saka kamare Gambira lan dheweke ketemu karo Muchtarum, wektu
iku Muchtarum awake lagi pucet banget, banjur Waratinah nulungi Muchtarum diajak ana ing
kamare Muchtarum. Sak wise tekan kamar, Muchtarum isish wae awake pucet lan ra isa
ngomong apa-apa, banjur Waratinah luru sebabe geneya kok Muchtarum manakana, dheweke
nemokake lembaran kertas saka Darmala sing isine ancaman kanggo Muchtarum, Muchtarum
dikongkon nyerahake duwek 2,5 jt.

Ning jero surat kuwi disebutake yen panggonane kanggo ketemu yaiku ana ing Kuburane Mbah
Jaga cerak panggonan pemandian. Waratinah banjur nekat lunga mrana senajan wektu iku wis
surup lan meh wengi. Dhewek ngliwati suketan sing dhuwur-dhuwur, amarga dheweke krasa yen
dheweeke lagi ditututi wong. Ning kuburan kuwi ana guwa, ning njero guwa kono Wratinah
nemokake mayit, Waratinah kaget banget lan dheweke banjur dicekel dening Suradenta lan
kanca-kancane amarga dheweke dicurigai dadi pelakune. Sak wise tekan hotel, Mahendra uga
dicekel amarga dheweke dituduh yen dheweke kuwi sekongkol karo Waratinah.

Ning hotel Larasing Paraden, suasane banget sepine, sing ana mung Muchtarum wae. Dheweke
akhire sadar sak wise dheweke weruh mayat sing ana ing jero guwa cedak kuburan mau.
Muchtarum kaget yen dheweke kuwi lagi ditodong peso dening Darmala, amarga Muchtarum
sing wis suwe diincer dening Durmala. Untunge wae ana Handaka sing cekatan langsung nyekel
Darmal sing lagi nyandra Muchtarum.

Bubar iku mau, banjur Handaka nyeritaake prakara sing samesthine, yen Durmala kuwi yaiku
wong sing ngaku-ngaku dadi Gambira. Gambira sing asli dhewe kuwi wis dadi mayat sing
ditemokake ana ing guwa mau. Waratinah sabenere ora kancane Durmala, ananging dheweke
mung dijaluki tulung dening Handaka kanggo ngiwangi dheweke, uga surat sing ditulis Wartinah
kuwi mau mung akal-akalne Handaka wae.

You might also like