Tangkuban Perahu

You might also like

Download as txt, pdf, or txt
Download as txt, pdf, or txt
You are on page 1of 1

LEGENDA TANGKUBAN PERAHU

Dicaritakake Raja Sungging Perbangkara lunga berburu. Neng tengah alas sang Raja
buang pipis sing ditadhahi ana ing godhong caring.
Ana babi alas jenenge Wayung sing isih tapa pengin dadi manungsa ngombe banyu pipis
iku, Wayung sing meteng lan nglahiorae bayi ayu.
Bayi iku digawa neng kraton karo bapake diparingi jeneng Dayang Sumbi alias
Rarasati.
Akeh Raja sing pengin minang, naming ora ana sing ditampa. Akhire akeh raja sing
padha perang. Dayang Sumbi banjur ngasingke awake dhewe ana ing bukit dikancani asu
lanang, jenenge Tumang.
Nembe asik nenun, tora sing dienggo nenun kain tiba ing ngisar. Dayang Sumbi merga
ngrasa males, ngucap tanpa dipikir dawa, dheweke ngucap barang sapa isa mbalekake
tora sing tiba mau, nek wong lanang bakal didadekake bojone.
Tumang mbalekake tora lan diparingke marang Dayang Sumbi. Dayang Sumbi akhire
nglahiorae putra sing diparingi jeneng Sangkuriang.
Pas Sangkuriang berburu ana ing alas, Tumang dikongkon ngoyak babi wadon Wayung.
Marga Tumang ora manut banjur dipateni deneng Sangkuriang. Atine Tumang diparingke
marang Dayang Sumbi, banjur dimasak lan dipangan.
Sakwise Dayang Sumbi ngerti nek sing dipangan iku atine si Tomang, Dayang Sumbi
dadi murka lan ngepruk sirahe Sangkuriang karo sendhok sing digawe saka bathok
klapa nganti gawe bekas lecet.
Sangkuriang banjur lunga ngembara muteri donya. Saksuwene mlampah menyang wetan
akhire tekan daerah kulon meneh lan ora sadar wis balik ana ing panggonane Dayang
Sumbi, panggone ibune.
Sangkuriang ora ngenali nek putri ayu sing ditemoni iku Dayang Sumbi -ibune dhewe.
Merga padha ora ngertine banjur kedadean padha padha tresna.
Ora sengaja Dayang Sumbi ngerti nek Sangkuriang iku putrane dhewe, merga anane
tandha lecet ing sirahe Sangkuriang.
Nanging Sangkuriang ora gelem trima lan ngeyel njaluk rabi karo Dayang Sumbi.
Banjur Dayang Sumbi nyuwun marang Sangkuriang supados digawekake prahu lan tlaga
kanggo mbendung
kali Citarum , diparingi wektu sewengi. Sangkuriang nyanggupi. Banjur digawe prahu
saka wit sing thukul ana ing wetan, tunggul/pokok wit iku malih dadi gunung Ukit
Tanggul.
Rantinge dikumpulake ana ing kulon lan dadi Gunung Burangrang. Dibantu karo guriang
, bendungan iku wis meh dadi.
Nanging Dayang Sumbi nyuwun marang Sang Hyang Tunggal supados maksude Sangkuriang
iku ora kedadean.
Dayang Sumbi banjur nyebarake irisan boeh raring (kain putih tenunane), pas iku
srengenge metu saka wetan.
Sangkuriang dadi wedi, ing angkara murka bendungan sing ana ing Sainghyang Tikoro
dijebol, sumpelan aliran kali Citarum dibalangke maring wetan lan dados awujud
Gunung Manglayang.
Banyu Talogo Bandung akhire asat meneh. Prahu sing digawe karo susah payah iku
dipancal menyang lor lan malih wujud dados Gunung Tingkuban Prahu.
Sangkuriang trus ngoyak Dayaing Sumbi sing dumadakan ngilang ana ing Gunung Putri
lan malih wujud dadi kembang jaksi.
Sangkuriang dhewe sakbare tekan ana ing panggonan sing diarani Ujung berung akhire
banjur ngilang marang alam ghaib (ngahiyang)

You might also like