Materi Cerita Rakyat 1-1

You might also like

Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 6

Carane gawe sinopsis :

• Maca naskah asli


• Nyatet gagasan utama kang wigati
• Ngrantam (nyusun) maneh gagasan utama dadi
paragraf
• Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis
utamane
• Sinopsis ora kena owah saka lakune crita asli
Nalika arep gawe sinopsis kudu migatekake :

• Koherensi : perangan ukara siji lan sijine nduweni


sesambungan
• Keruntutan isi : anggone nulis sinopsis kudu urut critane
• Diksi utawa pamilihing tembung kudu trep lan jumbuh karo
ragam basane
• Ejaan kang digunakake kudu bener lan jumbuh karo tata basa
baku basa Jawa.
• Tanda baca kayata panggunakane tandha titik (.), koma (,),
tandha pitakon (?), tandha pakon (!) lan sapanunggale
Desa Banarawa lagi nganakake pesta desa. Wong-wong ing desa
padha masak kanggo nyiyapake pesta. Kabeh padha njupuk bagian, ora ana
kang keri. Wong-wong padha nyiyapake ubarampe pesta kang minangka
wujud rasa syukur marang Gusti kang Akarya Jagad. Ing tengah-tengahing
padha nyambut karya mau, ana bocah kang ala rupane, pesing lan amis
gandhane.
Mangerti kahanan kang kaya mangkono, wong-wong padha ora
seneng, amarga manut kapercayane masyarakat, bocah ala iki bakal nekakake
memala, ora oleh berkah anggone pesta. Kagawa rasa ora seneng mau, mula
bocah ala rupane ditundhung kanthi kasar. Bocah mau bisane mung nangis,
karo mlaku sempoyongan amarga wis pirang-pirang dina ora mangan, bocah
ala rupa mau lunga lan ngadoh saka wong-wong mau. Kanthi ati kang lara
lan nabet jroning ati amarga tansah digawe kasar lan diina, bocah kang ala
rupane mau mlaku menyang kampung tanpa arah lan jluntrunge. Anggone
mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa gubugan kang sepi kahanane
lan adoh saka masyarakat. Gubug mau mung dienggoni wong tuwa wedok
Gatekna paragraph ing ngisor iki, minangka ringkesan saka 2
paragraf nginggil!
(Gatekake keruntutan isi, diksi, ejaan, tanda baca lan struktur ):
Tanda baca

Sawijining dina, ing desa Banarawa lagi nganakake pesta desa.


Para warga padha nyiyapake ubarampe kanggo acara mau.
Dumadakan, ana bocah kang ala rupane, pesing lan amis
gandhane teka marang desa. Amarga wong desa kuwatir yen
bocah ala bakal nekakake memala, kanthi kasar bocah mau
ditundhung metu saka desa. Kanthi ati kang lara lan mlaku
sempoyongan amarga durung mangan pirang-pirang dina, bocah
mau lunga mlaku tanpa jluntrung banjur tekan daleme Mbok
Randha.
Diksi (pamilihing tembung)
Mugi tansah pinaringan ngelmu
Sugeng Sinau kang mupangati

Jempol
Kelas iki pancen

You might also like