Professional Documents
Culture Documents
Soal Bahasa Jawa PDF
Soal Bahasa Jawa PDF
KABUPATEN KLATEN
Sukaca nalika isih cilik digulawenthah dening embahe,embahe sugih.Sukaca diugung diuja
sakarep – karepe.Sekolahe ora dadi.Sukaca dadi bocah nakal.Bareng dewasa diomah-omahake
,nanging ora ngerti wajibing wong omah-omah.Sukaca digadhang dadi wong pinter lan becik
bebudene.Wasana tiba kosok balen.Sukaca dadi wong ala.Malah wekasane urip ing sajroning
pakunjaran awit sekuthon nyolong barang darbeke calon maratuwane adhine.
2. Piwulang kang bisa dijupuk saka cerita ing ndhuwur yaiku.....
A. Aja dadi bocah ugungan kang tundhone ora becik lan gawe rekasa
B. Wong kang ora sekolah bakale bodho
C. Wong kang bodho uripe bakal rekasa lan seneng nyolong
D. Bocah kang diugung mesthi tumindake ora becik
E. Bocah ugungan uripe bakal kepenak
(A.)Nalika samana sri atmaja temanten sarimbit anggennya lumaksana wus dumugi ing
wiwaraning wisma pawiwahan. (B) Daya-daya manjing jroning sasana pahargyan. (C.) Srinata lan
Sriratu ari sajuga dennya lumaksana ginarubyug dening sagung kulawangsa. (D.) Sumunar prabane
kadya kencana binabar,pangayah pangejawantah Bathara Kamajaya miwah Bathari Kamaratih
4. Basa rinengga kang nuduhake manawa temanten sarimbit wus siaga mlebu ing ana lawange
pahargyan ing wacana kasebut yaiku .....
A. B D. C
B. A E. E
C. C
5. Tembang ing ndhuwur kasebut kang nelakake patuladhan kang becik saka Panembahan Senopati
karyenak tyasing sasama yaiku...
A. Gawe seneng atine liyan D. tekun
B. Seneng prihatin E. Golek ilmu kanggo urip
C. Ngendaleni hawa napsu
Lemper sawijining jajan pasar kang digawe saka saka beras ketan.ing sajroning lemper ana isine
abon kang digawe iwak sapi.lemper jarwa dhosok saka “yen dialem memper “.Lemper diwungkus
nganggo godhong gedhang kang diwangun kijing.
6. Saka ukara kasebut piwulang kang bisa kajupuk saka jajan pasar lemper yaiku.....
A. Wong urip kuwi kudu tumindak kang becik
B. Ing bebrayan tumindak kang becik supaya dialem
C. Titah kuwi asale saka Gusti lan bakal bali marang Gusti
D. Urip iku kudu bisa sabar ngadhepi pacobaqning urip
E. Wong kang lagi lair iku suci bakal mati ing kahanan kang suci
Ing praja Astina dhuhkitaning Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi jalaran lairing ponang jabang bayi
kang awujud Bungkus.tan ana sanjata kang tumama kanggo mbedhah bungkus.wisiking dewa sang
Bungkus den bucal ing alas krendhawahana.
Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa paring wedharan manawa si Bungkus nembe nglakoni
karmane lan ing tembe bakal dadi satriyautama sarta antuk wahyu kang sinebut “wahyu jati”. Ing
suralaya Bathara Guru nimbali putrane kang awujud gajah sesilih Gajahsena kinen mecah si
Bungkus.Sabanjure Gajah sena budhal tumuju alas Krendhawahana arsa mbuka si Bungkus.Pecahing
Bungkus dadi sapatemon kekarone kaget lan dumadi perang.Gajahsena binanting, sirna jasad sang
Gajahsena,roh lan daya kekuatane manjing jroning anggane Sang Bungkus.
7. Para paraga kang ana ing crita kasebut kaya ing ngisor iki kajaba.....
A. Prabu Pandhu D. Gajahsena
B. Dewi Kunthi E. Korawa
C. Bagawan Abiyasa
R. Sukmana duwe kanca jenenge R. A. Tien Tisnowati kang isih duweni darahing priyayi luhur
turun ningrat. Bocah loro kuwi mau padha nandhang katresnan, ananging hubungan mau ora direstui
marang keluargane R. A. Tien Tisnowati. Amarga R. A. Tien Tisnowati darahing ngaluhur, R. Sukmana
mung wong lumrah, tur anak randha pisan gek ora duwe. Dene nyatane mau bareng kapiyarsan dening
ramane R. A. Tien Tisnowatibanget dukanelan ora merengake R. Sukmana ngaarah putrine, malah
Sukmana nganti diancam yen wani-wani mlaku bareng karo anake arep diundangke polisi, yo wiwit
iku Sukmana karo Tien Tisnowati pisah. Ra let suwe R. A. Tien Tisnowati nulis layang marang R.
Sukmana kang isine ngandhakake menawa R. A. Tien Tisnowati dijodhohke karo R.M. Purwodirjo.
12. Miturut wacan ing dhuwur pitutur luhur kang bisa kapethik yaiku....
A. kudu njodhohake anak karo sing sederajad
B. kudu bisa nglaksanakake karepe rama sanajan ora cocok
C. ora manut kersane wong tuwa
D. ora nrima kang wis ginaris
E. mblenjani janji karo wong sing ditresnani
13. Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan karyawan SMA
Negeri 1 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Ing jaman biyen ing desa Tarub ana salah sawijining randha kang sesulih Mbok Randha Tarub.
Nalika garwane tilar donya, dheweke ngepek bocah lanang dadi anake. Bareng wis diwasa, bocah
mau diarani Jaka Tarub. Jaka Tarub kalebu bocah kang apik budi pekertine. Saben dina mbiyantu
19. Saiki bisa dipirsani kethoprak panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane
dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis, uga kanggone para nayaga lan pradangga
kethoprak wis dadi panguripan. Teknik pagelaran lan carita digawe luwih apik lan ditindakake
kanthi teges lan tumemen. Tuladha mau bisa dipirsani ana ing kethoprak “Siswa Budaya” saking
Tulungagung, Jawa Wetan kang wis misuwurana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.
Tembung pradangga ing wacan dhuwur tegese ....
A. penabuh gamelan
B. pemain
C. pesinden
D. dhalang
E. seniman
Jaman Kalabendu
Dening Supono, S.Pd
Sepi
Amiwiti anggonku anggegurit
Aneh, awang-awang angendanu
Kamangka resik tanpa mega
Aneh, sing katon mung wit
Tumancep pucuking gunung
…………………
24. Pethikan geguritan kasebut kalebu jinising geguritan …..
A. gagrak lawas
B. modern
C. unik
D. gagrak anyar
E. campuran
Benik utawa kancing ing klambi iku barang kang wujude cilik, gepeng, lan bunder.
Pamasanging benik tumempel ing kain, dene carane nggunakake kanthi dilebokake ing bolongan kang
wis rineka saengga bakal klambi bisa tumempel lan nutup rapet. Wujuding benik ora mung bunder
nanging uga ana kang lonjong, kothak, lan wajik. Klambine wong Jawa lumrahe nganggo benik sing
wangun bunder. Dene cacahe benik kang kapasang ing klambi racake ana lima.
25. Ukara lajer ing paragraf kasebut yaiku .....
A. Cacahe benik kang kapasang ing klambi racake ana lima.
B. Benik utawa kancing klambi iku barang kang wujude cilik, gepeng lan bunder.
C. Carane nggunakake benik kanthi dilebokake ing bolongan kang wis rineka.
D. Wujude benik ora mung bunder nanging uga ana kang lonjong, kothak, lan wajik.
E. Pamasanging benik tumempel ing kain.
26. Ukara ing ngisor iki pilihen endi kang ngemot paribasan ....
A. Yen lagi ana wong rembugan mbok aja ngrokok cendhak senengane neges-negesake.
B. Bocah kae ora tau adus mula kringete arum jamban.
C. Eling lan waspada kanggone wong urip iku wigati banget.
D. Wajik klethik gulane jawa luwih becik sing prasaja.
E. Sing sapa ngati-ati bakal slamet nanging yen sembrana bakal cilaka, yitna yuwana lena kena .
Ana salah sawijining perangan gamelan kang wujude wilahan, digawe saka kayu kang dawane ora
padha. Wilahan kayu kasebut banjur katumpangake ing rancakan, sangisoring wilahan ana bumbung
ngadek minangka resonansi. Carane ngunekake kanthi dithuthuk. Swarane nalika dithuthuk antarane
ora padha.
27. Apa jenenge gamelan kasebut ....
Gamelan Jawa iku salah sawijining wujud gamelan kang urip ing tanah Jawa Tengah,
Ngayogyakarta, lan uga saperangan ing Jawa Wetan. Gamelan Jawa beda karo gamelan saka ing tlatah
liyane. Yen gamelan Jawa lumrahe duwe laras swara kang luwih alus. Tabuhane gamelan Jawa uga luwih
alon tinimbang gamelan saka pulo Bali. Gamelan Bali tabuhane luwih cepet lan banter. Dene gamelan
Sundha nduweni swara kang luwih nglaras kanthi kawimbuhan swara suling.
28. Teks kasebut kalebu paragraf ....
A. eksposisi proses
B. eksposisi definisi
C. eksposisi laporan
D. eksposisi perbandhingan
E. eksposisi berita
A. ajserikK[rokvC. D. ajserikM=e[kocuw.
B. ajzmukGelisT|w. E. ajgelsi=p]sj.
C. ajaumukG[wgel.
30. Zakat fitrah dibayar ing akhir Ramadhan. Manawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku .…
A. ?j+kt¿pit]hfiby/ak+i/rmdn\.
B. ?j+ktP+it]hfiby/ak+i/rmdn\,
C. ?j+ktP+it]hfiby/Ak+i/rmdn\,
D. ?s+ktP+it]hfiby/ak+i/rmdn\.
E. ?f+ktP+it]hfiby/Ak+i/rmdn\.
31. Kumbakarna kinen mangsah jurit
Mring kang raka sira tan lenggana
Nglungguhi kasatriyane
Ing tekad datan purun
Amung cipta labuh nagari
Lan nolih yayah rena
Myang leluhuripun
Wus mukti aneng Ngalengka
Mangka arsa rinusak ing bala kapi
Punagi mati ngrana
Miturut tembang Macapat ing ndhuwur, ukara endi kang ora nuduhake patuladhan saka
Kumbakarna ....
A. Nglungguhi kasatriyane
B. Mangka arsa rinusak bala kapi
C. Punagi mati ngrana
Tokoh kang didadekake patuladhan saka tembang Macapat ing ndhuwur, yaiku .....
A. Kumbakarna
B. Suwanda
C. Dewa Surya
D. Karna
E. Sri Kurupati
33. Lalabuhan Triprakara ing tembang Dandanggula serat Tripama, yaiku : guna, kaya lan purun. Guna
tegese .....
A. Kekendelane wis nyata nalika perang
B. Nalika peperangan, bisa ngaturake “bandha” marang nagara
C. Bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul
D. Dadi satriya kang sekti mandraguna
E. Kekarepane mbelani negarane
35. Ing tanah Jawa, wong kang lagi ngandhut ora kena mangan sak angger. Panganan kang ora kena
dipangan nalika ngandhut umpamane : ora kena mangan jantung gedhang, amarga suwe-suwe bisa
gawe janine susut kaya dene jantung gedhang; ora kena mangan lele, amarga bisa gawe sirahe jabang
bayi gedhe kaya dene endhase lele; uga ora kena mangan gedhang dhempet, amarga bisa gawe wong
kang ngandhut nglairake bayi kembar siyam (dhempet).
37. Ana wewaler mangkene, menawa lagi ngandhut, ora kena ngidak sesukere kewan.
Sakpenere wewaler iku duweni filosofi .............
A. Mundhak ngambon-amboni
B. Sesuker kewan kudu disingkiri
C. Supaya ora kena penyakit sing nyebabake keguguran
D. Sesuker kewan apike digawe rabuk
E. Supaya bayine resik nalika lair.
39. ?bliyt=gl\:26:Ap]ilW[h,bx=jtMi@.
Menawa ditulis nganggo Aksara Latin .................
A. Balia tanggal 27 April wae, karo Jatmika.
B. Balia tanggal 26 April wae, bareng Jatmika.
C. Bali tanggal 25 April wae, bareng Jatmika.
D. Balika tanggal 26 April wae, bareng Jatmika.
E. Balika tanggal 25 April wae, karo Jatmika.
Sawise maca geguritan kanthi irah-irahan “Suling” kasebut, tulisen pitutur luhure kang bisa kapethik,
loro wae!
Apa arane gambar gamelan kasebut? Coba gawea karangan eksposisi saparagraf wae ngenani gamelan
(alat musik) iku!