Download as rtf, pdf, or txt
Download as rtf, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Nama : Adinda Nur Aini

No : 01

Kelas : 12 IPA 1

Assalamualaikum wr. wb.

Katur dhumateng Ibu Dyah Mulati Pusparini ingkang kinurmatan minangka guru pelajaran Basa Jawi
saha kanca-kanca ingkang kula bingahake.

Puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. amargi kanthi rahmat saha hidayahipun kita saged
makempal wonten ing enjing menika kanthi sehat wal afiat. Mboten kesupen shalawat saha salam katur
dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, kang kita tunggu syafaatipun wonten ingkang
yaumul kiyamah.

Ing enjing menika kula badhe ngaturaken pidato kanthi irah-irahan “Dampak Mangsa Rendheng ”.

Mangsa rendheng mujudake salah sawijine nikmat lan kanugrahan kang diparingake dening Allah
SWT. Saiki kita nembe musim rendheng. Katah sing ngrasakake pengaruhe musim rendheng, dampak
positif lan negatif. Dampak positif saka mangsa rendheng bisa dirasakake dening para pedagang ingkang
sadean barang-barang kebetahan ing mangsa rendheng kayata payung, jas hujan, bakul pangan lan
wedang kanggo anget awak, lan uga bakul obat kayata obat pilek lan asrep benter.

Kanca-kanca, saliyane dampak positif, ana uga dampak negatif saka musim rendheng. Mangsa
rendheng saged ngambengi kita nindakake kegiyatan wonten jawi griya. Kejawi puniku, mangsa
rendheng saged nyebabake macem-macem bencana kayata banjir, longsor, rusake lahan pertanian,
muncule macem-macem penyakit mbebayani, lan liya-liyane.

Mula kanca-kanca, kudu luwih eling marang kesehatan lan luwih giat njaga karesikan lingkungan
sekitar, kayata mbucal sampah ingkang panggonane lan mbucal toyo minangka sarang nyamuk.

Mekaten atur kula, mugi-mugi migunani. Nyuwun pangapunten menawi wonten kekirangan saha
salah tembung saking kula ingkang sengaja utawi mboten sengaja. Matur nuwun kawigatosanipun

Wassalamu'alaikum wr. wb.

You might also like