BAHASA - JAWA (1) (AutoRecovered)

You might also like

Download as rtf, pdf, or txt
Download as rtf, pdf, or txt
You are on page 1of 4

ASESMEN TENGAH SEMESTER II

SD MUHAMMADIYAH INOVATIF MERTOYUDAN


TAHUN PELAJARAN 2022/2023
Nama : Kelas : VI (Enam)
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari, tanggal :

A. Wenehana tanda ping (x) ing aksara a, b, utawa c sing dianggep bener!
1. Sesorah utawa pidato iku sarana ngandharake gagasan ing sangarepe wong akeh
kanthi tujuan kang gumathok. Ajar sesorah bisa kawiwitan menehi pengumuman ing
kelas. Banjur sesorah atur pambagyan ing acara perpisahan kelas.
Miturut wacan ing dhuwur sesorah podo karo ….
a. pacelathon
b. micara
c. omong
d. pidhato
2. Urutane isi sesorah yaiku ….
a. salam, atur pakurmatan, pambuka, surasa, penutup, salam panutup
b. atur pakurmatan, salam, pambuka, surasa, penutup, salam panutup
c. salam, atur pakurmatan, pambuka, surasa, salam panutup, penutup
d. salam, atur pakurmatan, surasa, pambuka, penutup, salam panutup
Wacanen kanthi patitis!

Bapak Kepala SD Muhammadiyah Inovatif Mertoyudan ingkang


kinurmatan
Bapak saha Ibu Guru kula ingkang pantes kinabekten
Bapak Ibu Pengurus Komite Sekolah ingkang kula kurmati
Para kadang lan adhi-adhi kula, saha para rawuh sedaya ingkan bagya
mulya

3. Nitik saka ukarane, pethikan ing dhuwur klebu perangan … sesorah.


a. salam
b. atur pakurmatan
c. surasa
d. pambuka
4. Gatekna ukara ing ngisor iki!
1) Nyuwun pangapura awit kaluputane nalika ngucap lan patrape nalika sesorah.
2) Mrayogakake anggone lenggah nganti sarampunge pahargyan/acara.
3) Ngucapke salam panutup.
Ukara ing dhuwur klebu babagan cengkorang sesorah ….
a. surasa
b. pambuka
c. panutup
d. satata basa
5. Parikan iku kaya dene pantun
Ukarane mesthi kedadean 2 gatra
Gatra 1 diarani gatra pambuka
Gatra 2 diarani gatra ….
a. isi
b. panutup
c. surasa
d. pambuka
6. Naskah pacelathon iku basa lisan kang di wujudke ….
a. tulisan
b. suara
c. video
d. film
Gatekna naskah geguritan ing ngisor iki kanggo jawab soal no 7-9!
Jono: “Jon, kowe wes oleh naskah geguritan hurung?”
Tono: “Uwis Ton, nanging embuh mengko cocok karo tema sing didhawuhke Pak
Guru apa ora, ya embuh!”
Jono: “Olehmu nemu ana ngendi, Ton?”
Tono: “Majalah. Bapakku langganan majalah kuwi wiwit aku isih cilik nganti sakiki.
Ndilalah ing rubrik geguritan ana judul sing rumangsaku cocok karo tema
Kerja Keras, Judhule Esuk Iki”
Jono: “Langganan? Wah siip, aku bisa nyilih.Ya wis mengko ben diwaos Pak Guru
wae.
7. Pacelathon ing duwur bahas babagan ….
a. naskah pidhato
b. naskah lagu
c. naska geguritan
d. naskah drama
8. Paraga ing dhuwur cacahe ana … wong.
a. 2
b. 3
c. 4
d. 5
9. Tema geguritan sing di golekki karo Tono lan Jono, yaiku ….
a. kerja kelompok
b. kerja sehat
c. kerja bakti
d. kerja keras
10. Yawis mengko ben di waos Pak Guru wae.
Di waos tegese ….
a. di tulis
b. di waca
c. di serat
d. di dekte

B. Genepana ceceg-ceceg ing ngisor iki!


1. Sesorang sakwise ngucap salam banjur ….
2. Sesorah ing pahargyan perpisahan sing pokok diaturake yaiku ….
3. Basa kang digunakake ing sesorah yaiku ….
4. Sesorah atur pambagya patrape tangan yaiku ….
5. Ibu lunga menyang kantor.
Yen di kramakke dadi ….
6. Karangan kang wujude guneman para paraga kang tumindak arane ….
7. Pacelathon paling shitik ditindakake dening paraga kang cacahe ….
8. Wiwitane lan pungkasan ucapan ana ing pacelathon di tandhani tanda ….
9. Ing pacelathon saben ganti paraga sing ngucap, nulise naskah ganti ….
10. Ing pacelathon saben wiwitane ukara nggunakake aksara ….

C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanti bener!


1. Tulisen urutaning seseorah kanti urut!
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
2. Gawea atur pakurmatan sesorah perpisahan kelas VI!
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………..
3. Gawea parikan 1 wae tema “Perpisahan Kelas”!
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
4. Tulisna kepiye maturmu marang Pak RT menawa didhawuhi bapakmu ngaturake
undangan!
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………..
5. Gawea pacelathon 6 larik tema “Gotong Royong”!
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………

You might also like