Aji Saka

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 2

Aji Saka

Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong sakan Tanah Hindhustan anom jenengé Aji
Saka. Dhèwèké putrané ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané
mulang kawruh rupa-rupa. Dhèwèké banjur péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing
Tanah Jawa. Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo
abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi
padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku. Déné Aji Saka
karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora olèh
lunga saka kono. Saliyanė iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa,
ora olèh dielungaké marang sapa-sapa. Aji Saka banjur tindak karo abdinė loro menyang ing
Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk
Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh
sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.
Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu
dadi siswané. Para siswané padha tresna marang Aji Saka amerga dhèwèké seneng tetulung.
Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai randha Sengkeran dipèk anak karo nyai
randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswané Aji Saka. Anuju sawijining dina
sang prabu Děwata Cengkar duka banget ora ana wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka
banjur saguh dicàosakế sang nata dadi dhaharané. Sang nyai randha lan patih dadi kagèt
banget. Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku ora usah kuwatir yèn dhèwèké ora bakal
'mati. Banjur Aji Saka diaterake ngadhep prabu Dewata Cengkar.
Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging
Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwuné, yaiku nyuwun lemah saiket jembaré. Sing ngukur
kudu sang prabu dhéwé. Sang prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur
lemah diasta dhéwé. Iketé Aji Saka dijèrèng. Ikètë tansah mulur baé, dadi amba serta dawa.
Iya dituti wae déning sang prabu. Nganti notog ing segará kidul. Bareng wis mèpèd ing
pinggir segara, iketé dikebûtaké. Dewata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segará malih
dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna.
Seka panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggåntèni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang
Kamolan ajejulük prabu jaka, iya prabu Widayaka. Déné patihé isih lestari kyai patih
Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadèkakė bupati, ngarané tumenggung Duduga lan
tumenggung Prayoga.
Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang
prahu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih serta para bupati. Sang prabu
kèngetan abdiné sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang
Duduga lan Prayoga kepriyé wartanė si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa
mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing keri ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha
krungu pawarta manawa gustinė wis jumeneng ratu ana Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak
sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewaleré gustiné, ora pareng lunga-
lunga seka pulo Majethi, yèn ora tinimbalan.
Nanging si Dora nékad arep sowan dhéwé. Si Sambada ditilapakė. Banjur mangkat ijèn wae.
Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau
banjur diajak bali déning si Dora, Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan
ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gelem diajak.
Mireng aturé si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur Dora,
didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yên meksa ora gelem
didhawuhi dirampungi lan kerisé dibalèkaké.
Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yèn mentas sowan
gustiné. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si
Sambada ora ngandel marang kandhané si Dora. Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha
kekerangan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayané. Wasana banjür padha nganggo
gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha
mati kabèh.
Sang Prabu ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawetara suwéné teka durung sowan - sowan
mangka didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga.
Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné si Dora la si Sembada
ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman.
Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak ana ing sandhingė. Pusaka bạnjur dijupuk arep
diaturaké marang gustiné.
Dudugà lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané gustinė lan mratélake kahanané. Sang
Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawartané, awit pancen kaluputaně dhëwé wis kesupèn
pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngèti abdiné loro
iku.
Aksara Hanacaraka jenengé dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki si uniné "hana
caraka", Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé-ana rongpuluh làn nglambangaké
kabèh foném basa Jawa: Urutan aksara iki kaya mengkéné:
ha na ca ra ka

da ta sa wa la

pa dha ja ya nya

ma ga ba tha nga

Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:


"Hana caraka" tegesé "Ana utusan",
"Data sawala" tegesé "Padha garejegan"
"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"
"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang"

You might also like