Professional Documents
Culture Documents
Identifikasi Bathara Kala Kangge Lelampahan Ing Mangsa New Normal Herman Sinung Djanutama
Identifikasi Bathara Kala Kangge Lelampahan Ing Mangsa New Normal Herman Sinung Djanutama
Identifikasi Bathara Kala Kangge Lelampahan Ing Mangsa New Normal Herman Sinung Djanutama
BATHARA KALA
KANGGE LELAMPAHAN ING MANGSA NEW NORMAL
Herman Sinung Djanutama
Punika seseratan ancasipun badhe amratelakaken sawijining analisis. Nggih punika analisis kanthi
lelambaran tata pawikan Jawi, ingkang kaimpun saking werni‐werni pratelan. Kawruh‐kawruh
ingkang sakalangkung murakabi punika saged dipun serep antawisipun saking pewayangan,
kitab‐kitab, prasasti‐prasasti, saha saking matematika Jawi (petung), falakiyah, lan
sapanunggalanipun. Pramila gegayuhanipun saged dumugi ing sawijining teknologi ingkang
migunani tumrap tiyang ngakathah, bot punika kangge tiyang Jawi, kalangkung kangge sedaya
kamanungsan ing mercapada.
Seseratan punika ugi andunungaken menggah pawikan Jawi punika kalebet sawijining tata
pawikan episteme ingkang teknologinipun saged dipun garba1 –kanthi asas kombinatori‐ kaliyan
teknologi‐teknologi konvensional. Amrih saged nyengkuyung kridhanipun jaman anetepi asas
erleben2, ugi anetepi lampahan “amemayu ayuning bawana”, anggenipun ngejawantahaken tata
peradaban sedaya kamanungsan ingkang tata titi tentrem kerta rahardja. Pramila pamanggih
pangimpun, pawikan Jawi mboten saged dipun wastani mitologi. Menggah pamanggih makaten
punika manawi dereng dumugi nyuraosi ing penggalih prekawis tata peradaban saha koripan ing
tanah Jawi. Mugi den taberi amarsudi ing suraosipun pawikan Jawi.
“New Normal” kalebet ngemu makna gagrak enggal. Menawi nyuraosi aji mumpungipun Sunan
Kalijaga3:
mumpung padhang rembulane
mumpung jembar kalagane
dha suraka surakira
Minangka lumebet ing kawontenan enggal punika wonten sangat jaman kangge angimpun
pranata pawikan enggal, utawi pawikan ingkang nyampurnakaken episteme konvensional
sapunika. Inggih punika saged katata saking metafisikanipun, falsafahipun, saha gelaran sains,
dumugi ing produk teknologinipun. Sedaya punika upaya‐upa‐cara nganggit minangka sadrema
anglarasaken kaliyan reroncen nalar pikiripun ilmiyah milenial. Wondene sedaya pawikan,
kawruh, seserepan, petungan, metode pinicara, dumugi ing produk‐produk teknologinipun
sampun wonten ing folder‐folder ingkang kawejang wonten ing artefak‐artefak warisan saking
para luhur tiyang Jawi/Nuswantara/Indonesia.
Wondene Bathara Kala ingkang badhe dipun tayuh data‐data pawikanipun, menggah
dunungipun wonten sekawan bageyan badanipun. Inggih punika wonten parameyanipun, gulu‐
tekakipun, dhadha/jajanipun, saha gegeripun. Menawi dipun tetela kanthi asas korelasional,
1
Ateges anjumbuhaken teknologi‐teknologi kina saking pawikan Jawi kaliyan teknologi‐teknologi konvensional
milenial. Ancasipun kangge sampurnaning gesang sedaya titah. Anetepi asas “migunani marang sapada titah” saha
“amamayu” ayuning teknologi ingkang sampun kagelar. Tebih saking ancas nyirnakaken episteme saha teknologi
western ingkang sampun ngejawantah 300 warsa saking Revolusi Industri James Watt.
2
Saking pangucapipun Socrates, tangguh kalian sabdanipun Kangjeng Nabi SAW, “Saiki kalangkung becike
tinimbang wingi. Sesuk kalangkung becike tinimbang saiki.”
3
Kidung Ilir‐ilir, saking Kangjeng Sunan Kalijaga.
tangguh kalian bageyan‐bageyanipun badan manungsa ingkang ketaman jinising virus ingkang
dipun “coding” kanthi aran corona4.
Wonten ing tata pawikan Jawi5, badan utawi jasat punika wonten 2 pasebutan, nggih punika
badan turas saha badan latip. Badan turas inggih punika jasat, jisim, jasmani, utawi badan
wadhag. Badan latip inggih punika badan alus, badan rohani, utawi badan suksma. Wonten ing
badan latipipun Bathara Kala inggih punika dumunung wonten parameyan, jangga, dhadha, saha
geger ipun tinulis sekawan data informasi. Menggah data‐informasi nipun mekaten6.
Mantra ing Parameyan Bathara Kala
(Mantra Purwaning dumadi)
Hong7 Prayoganira Sang Hyang lan Bathari Pratiwi
Wijil ayoganira Sang Agilar‐gilar
Ing siti pinuwan, aning samudra kumambang alembah‐lembah
Ana daging dudu daging, ana getih dudu getih
Aranmu Sang Kemaliya kapa salak akiris akilamaya
Kadya manik samustika kulup
Mangarat‐arat anekakaken prabawa ketuk lindhu lan prahara
Lesus gung aliliweran, keter pater tan pantara murub
Ingkang aluludra gesang aneng Triloka muni weh kang Padma Kalacakra saking Sang Hyang
Jagadgirinata
Aum8 awigenam mastuhu Namasidham.
Mantra ing Telaking Bathara Kala
(Sastra Tinekak/Sastra Telak).
Aum awigenam mastuhu Namasidham.
Sang Kala lumereng sangkaning lara.
Wisnu kena ing lara, lungguh ing otot lan ampere
Kang lara mulya‐mulya dening Bathara Brama.
Brama kena ing lara, lungguh ing daging lan ing getih
Kang lara mulya‐mulya dening Bathara Guru
Guru kena ing lara, lungguh ing tutuk turune malumah lan sarandhune awak.
4
Coding ipun angginakaken fungsi asam amino saking Harold Urey. Lajeng kanthi super‐nano‐teknologi dados
kajilmakaken dados unit‐unit parentah. Sedaya upaya‐upacara punika kagelar ing salebetipun toya. Mila anasir
toya dadosa anasir pokok ingkang saged dipun andelaken.
5
Saged dipun presani wonten ing Serat Karana Djati, wonten ing salebetipun Kitab Primbon Atassadhur
Adammakna. Kaca 38.
6
Ringgit wacucal lampahan “Kala Tundhung”. Ingkang ambadharaken saha ambabar folder‐folder punika Kyahi
Semar Badranaya.
7
Hong minangka firman/sabdanipun Gusti Allah Kang Amurba Amisesa. Saged dipun tuweni ing Sinuwun HB I,
Kitab Solawatan Mataraman.
8
Aum ateges Hong wilaheng. Maknanipun sami kalian Hong
Kang lara mulya‐mulya dening Sang Hyang Wenang.
Sang Hyang Wenang tan kena ing lara mring Sang Hyang Tunggal, kumpul manunggal ing rasa.
Rasa tunggaljati, jati tunggalan rasa jati mulya
Mulya saking Kang Maha Kawasa.
Aum awigenam mastu Namasidham.
Mantra ing Dhadha Bathara Kala
(Mantra Kalacakra/Sastrabedhati)
Sastrabedhati punika paring sasmita perkawis inversi arah vektor utawi kosokbalen. Ancasipun
vektor‐vektor pancabaya ingkang “angarah ing mami9” dipun inversi dadosa angarah kosok
balikipun. Sejatosipun punika piwulangipun saking Sang Hyang Wisnu, teknologi amrih kalis
mboten dados mamangsanipun Sang Hyang Kala. Titiyang dinawuhan ngungelaken (mengeng,
frekuensi) rerajahan Kalacakra10 punika. Menggah waosanipun wonten 8 prekawis ukara wolak‐
walik, inggih mekaten.
Yamaraja ‐ Jaramaya
Yamarani ‐ Niramaya
Yasilapa ‐ Palasiya
Yamidura ‐ Radumiya
Yamidusa ‐ Sadumiya
Yadayuda ‐ Dayudaya
Yasiyaca ‐ Cayasiya
Yasihama ‐ Mahasiya
Tegesipun kados mekaten. Yamaraja‐Jaramaya ateges “He, Pangrencana, padha mariya luwih”.
Sing sapa arep tumindhak ala, aja tumeka. Yamarani‐Niramaya, ateges “He, Kang anekani, ilanga
kaluwihanira”. Sing sapa ketemu marang ingsun, mesthi kawuwulan. Yasilapa‐Palasiya, ateges
“He Kang marai luwe, amaregana”. Sing sapa bakal gawe gelo, malah gaweya lega. Yamidura‐
Radumiya, ateges “He, Kang agawe mlarat, anyugihna, anyukupana”. Sapa sing niyat agawe tuna,
malah ngrejekenana.
Salajengipun rerajah Yamidusa‐Sadumiya, tegesipun “He Kang anyikara, mariya nangsaya”. Sapa
sing niyat arep gendhaksikara, malah gaweya beja. Yadayuda‐Dayudaya, tegesipun “He Kang
amerangi, laruta kuwatira kakuwatanira”. Sing sapa niyat dadi mungsuh, ilangan kasektenira.
Yasiyaca‐Cayasiya, tegesipun “He kang paracidra, padha kagel welasa”. Sing sapa mitenah, aja
tega tuwuh melase. Yasihama‐Mahasiya, tegesipun “He kang dadi ama, padha nyingkira, yogya
asiha”. Balia maring asalira. Aja padha ngrusak lan angrusuhi.
Mantra ing Geger Bathara Kala
(Mantra Caraka Balik)
9
Kangjeng Sunan Kalijaga, Kidung Montrawedha, Dandhanggula.
10
Primbon Atassadhur Adammakna, kaca 76.
Punika sawijining mantra dungo panuwunan ingkang paring sasmita kosok balen ugi.
Kawigunanipun sami kaliyan ingkang kapratelakaken ing nginggil. Menggah waosanipun Caraka
Balik mekaten.
Nga‐Tha‐Ba‐Ga‐Ma
Nya‐Ya‐Ja‐Dha‐Pa
La‐Wa‐Sa‐Ta‐Dha
Ka‐Ra‐Ca‐Na‐Ha
Coding Technology
Teknologi saking ukara technai11 winastanan sedaya wahana, wacana, saha warana ingkang
sageda nyengkuyung sedaya tandhang damel titah anggenipun ngecakaken kasaenan ing
mercapada. Teknologi mila ngemu sedaya rerekayasa lan rerekadaya produksi ingkang saged
anglimpadaken kasaenan, kautaman, kamukten, saha kamulyanipun produk12. Wondene produk‐
produk kreatif punika ingkang saged anglimpadaken “sipat kandel” tiyang Jawi anggenipun
lumebet ing jaman New Normal ingkang badhe kalampahan.
Salah sawijining teknologi ing jaman milenial punika nggih Coding technology, mila dipun kiyas
makaten.
The basics of all technology nowadays is coding,
technology is a basic of a world today.
Coding technology punika kalebet ing Artificial Intelligence. Inggih punika kecerdasan damelan
ingkang rerekayasa punapa kemawon amrih saged tandhang damel anetepi instruksi. Coding
wujudipun “instruksi‐instruksi code” kawitanipun kangge damel prentah kinerjanipun computer.
Nanging wonten kasus corona, umpaminipun, coding punika sampun awujud asam amino
(enzim). Enzim/asam amino punika ngemu “instruksi‐instruksi code” kangge pemrograman
ingkang nudhuhaken tandhang saha watakipun virus.
Kados pundi lelampahanipun ingkang binasakaken “instruksi‐instruksi code” punika, saged dipun
serepi wonten ing pratelan‐pratelan perkawis Artifisial Inteligence kala wau ing nginggil.
Umpaminipun wonten seserepan Bahasa Pemrograman ing Ilmu Komputer. Menawi wonten ing
mikro‐biologi utawi mikroba‐mikroba kados virus ing nginggil, sapunika dipun pratelakaken
wonten ing seserepan perkawis nano‐teknologi utawi super‐nano‐teknologi. Utawi wonten ing
seserepan perkawis energy, frekuensi, lan vibrasi. Kadosta ingkang dipun kiyasaken ing Tesla
Quotes mekaten.
11
JF Lyotard, Ziarah Posmodernisme, Yogyakarta.
12
Lampahanipun anetepi asas “sendhang ilining warih” inggih punika: Ing ngarsa sung tuladha/Ing madya mangun
karsa/Tutwuri handayani. Sedaya rerekan inginggil dadosa amanat jaman kanggenipun para ngulama, pujangga,
satriyaning praja. Ingkang anyangga pranata ing larik madya/tengah, sanginggilipun tiyang ngakathah ingkang daya‐
dinayan, sangandhapipun para petinggi nagari ingkang kejibahan produksi tuladha kasaenan. Karsa ingkang kreatif
saged dipun tuwuhaken wonten ing larikan madya punika.
If you want to find the secrets of the universe,
think in terms of energy, frequency, and vibration.
Dwitunggal Particle and frequency
Menawi korelasinipun materi, partikel, virus, mikroba, kaliyan frekuensi, vibrasi, lsp, saged
mresani seserepan wonten Fisika Kuantum. Energy materi/partikel saking Albert Einstein “E =
mc2” kaliyan rencangipun Max Planck. Energy frekuensi saking Max Planck “E = hf”. Menawi
dipun garba, dadosipun mekaten.
E = mc2
E = hf
mc2 = hf
Saged dipun uningani bilih materi, partikel, virus, lsp punika dwitunggal kalian frekuensi, vibrasi,
intensitas gerlombang, lsp, punika dwitunggal “m ~ f” kanthi faktor‐faktor konstanta alamiyah
h/c2. h punika konstanta Plack 6,62607015x10 pangkat ‐34 Js. Minangka c punika kecepatan
cahaya 3x10 pangkat 8 m/s. Pramila saged dipun serepi bilih frekuensi, gelombang, intensitas,
amplitude, vibrasi, lsp, sageda langsung reaksinipun kangenipun struktur materi, partikel,
molekul, struktur Kristal, lsp.
Emoto’s Experiment of Water Chrystal
Punika minangka sawijining conto kasus korelasi antawisipun dedungan kalian struktur kristal
toya. Prof. Dr. Emoto saking nagari sakura, migatosi korelasi nipun antawis puja‐brata kaliayn
struktur kristal toya. Menawi tetiyang dedunga kanthi sarana punapa kemawon, saged damel
pranata kristal toya kalangkung sae saha endah. Mila saged migunani damel kasaenan tumrap
kesehatan titiyang. Jalaran 80% jasat badan punika saking anasir toya. Punika jagad‐alit. Ewa
semanten jagad‐ageng, dunyamaya utawi planet Bhumi punika nggih anasir toya nipun 71%.
Mituruti pawigatosan The United States Geological Survey World Science School.
Pramila dedunga, puja brata, punapa kemawon saking kula‐panjenengan, frekuensinipun saged
damel pranata ingkang kalangkung sae, sehat, saha endah tumrap sedaya titiyang, bot saking
pranata jagad alitipun menggah jagad agung ipun. Jalaran “instruksi‐instruksi code” saking
rencana pancabaya nipun Sang Hyang Bathara Kala, sageda dipun owahi coding ipun. Nuwun.
Singgah‐singgah kala singgah
Pan suminggah kala‐durga sumingkir
Singa ama singa wulu
Sing suku singa sirah
Singa tenggak klawan kala singa buntut
Padha sira sumingkira
Muliha asal ireki
Sun langgeng amuja mantra
Pan jaswadi putra ing kodrat manik
Laa ilaha ilallahu
Muhammad Rasulullah
Salallahu ngalaihi wasalamu
Wa ngalaekum wa salam
Puniku pupuji mami13
13
Kidung Warawedha, saking Kitab Primbom Atassadhur Adammakna, kaca 116. Namung kanukil 2 pada, ingkang
sepisanan kaliyan ingkang paungkasan pada angka 12.