Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 8

GUGUR GUNUNG

Babak 1

Ing wayah esuk sekitar jam 7, Pak RT lagi mlaku mlaku ndelengi lingkungan sekitar lan badhe
nentukake menawa sido gotong royong utawa ora. Waktu iku ngepasi pak haji lagi ngopi ndek teras
omah lan pak rt lewat ngarep omah e pak haji. Pak rt dijeluk pak haji diken mampir ngeteh bareng ln
sarapan kalih ngebincang kangge gotong royong nang ndeso.

Pak haji: “Eh, Pak RT enten nopo pak, isuk” kok sampun mubengi ndeso.”

Pak RT: “oh Niki pak haji, nembe ndelengi lingkungan kok reget pol, kurang kesadaran warga iki kyk
e”

Pak haji: “Nggih pun pak, Mampir rumiyen, ngeteh”

Pak RT: “ nggih pak, matursuwun unjukanipun”

Pak RT: (wajah gumun) “iki lingkungan nopo TPS yo pak Jane?”

Pak Haji: “TPS niku nopo pak?”

Pak RT: “Tempat pembuangan sampah”

Pak haji: “waduh!!, lha pripun pak tindakane, kulo nggih kulo mbatin akhir-akhir Niki”

Pak RT: “Sesokkan dinten minggu to pak, piye nek ngadake kerjabakti ngeresiki desa?”

Pak Haji: “Wah!!, Nggih, niku ide bagus pak”

Pak RT: “ Nggih, mengke kulo siarke wonten masjid mawon pak”

Pak haji: “Nggih pak, niku ditelaske disek teh e pak”

(Banjur teh wes telas pak RT pamit)

Pak RT: “Nggih pak sampun, matur suwun banget Nggih, sampun disuguh, kulo pamit balik sekalian,
Ten Masjid nyiarke berita niki”

Pak haji: “nggih pak, sami². Hati² nggih pak”

Pak RT: “Sipp!!”

(Pak RT pun balik neng omah sedurung tekan ngomah pak RT mampir neng masjid nyiarke berita iku)

Babak 2

(Esuk e Pak RT nutuki kentongan kanggo ngundang warga sing ajeng tumut gotong royong, warga
pada mulai kumpul siji persiji, lan Pak RT langsung ngewenehi perintah)

Pak RT: “Ayo bapak² lan ibu² langsung mulai wae kerja baktine, sehurung panas e nambah”

Bu Lilis: “Walach walach, lha iki ibu-ibu laine ono ngendi pak?”

Pak RT: “Nek nunggu liane bakalan sue niki Bu, wis mpun langsung kerjabakti mawon”

Pak Haji: “ Bener niku pas ayo gek do kerjo”

Bu Lilis: “Nggih pun manut bapak²”


Bu Lilis : “ Lha niku enten tambahan, Bu Yulis kalih Ajeng”

( Bu Yulis karo Ajeng lagi tekan neng pos ronda)

Ajeng : “ Bagian Kulo nopo nikii??”

Pak RT : “gae kopi wae jeng kangge bapak-bapak”

Ajeng : “nggih pak”

Bu Yulis : “Kulo nopoo pak?

Pak Rt : “Bu Yulis nyapu – nyapu mawon bu”

Bu Lilis : “ih Bu Yulis koyo ratau melu kerja bakti wae ndadak takok, beytewe pak rt bagian kulo nopo
pak?”

Pak RT: “ jenengan bagian mbubuti suget mawon Bu”

Bu Lilis: “Tega banget sih pak, i kan jijik”

Pak RT: “nggih pun, karepmu buk”

(kegiatan kerja bakti berlanjut, tapi tiba” enek suara uwong seng mebangi pohon nganggo gergaji,
seng krungu suara ne gor Ajeng mergo kabeh do fokus kerja bakti)

Ajeng: (Ajeng ngomong dewe karo mlaku) "kok koyo krungu suoro wong gergaji yo, pdhl kan bapak"
e lagi do kerja bakti"

(kabeh ijek fokus karo kegiatan ne kerja bakti, sewaktu kui pak Wahyu lagi mlaku ameh melu kerja
bakti tapi telat amarga Tangi ne kawanen, pas neng dalan pak Wahyu ngerti pak Bejo lagi motongi
kayu, dikiro ne pak Wahyu pak Bejo didawuhi pak RT motongi kayu)

Pak Wahyu: “monggo pak Bejo”

(pak Bejo gor meneng wae ora krungu disapa pak Wahyu, pak Wahyu lanjut mlaku melu kumpul
warga kerja bakti)

(pak Wahyu wis sampek nak panggon gawe kerja bakti, langsung nemoni pak RT)

Pak Wahyu : Assalamualaikum, pak RT. ngapuntene nggih pak, kula wau tangine kawanen, dadose
jam sak ngeten baru ndugi

Pak RT : Nggih mboten punapa pak Wahyu

Pak Wahyu : Bagiane kulo nopo niki pak?

Pak RT: sik nggih, tak cek e disik

(Pak RT mlaku nang kerumunane wong sing lagi kerja bakti)

Pak RT : kepiye bapak lan ibu-ibu? tugase sampun rampung napa durung niki?

Pak Haji : "Aman.. Pak RT. Kula wau sampun nyapu lan ngubur sampah organik sing bisa didadeknk
kompos"

Pak RT : "Wahh.. keren niku pak"

(Bar kui, Pak RT langsung nyawang suket sing sek durung dibubuti)
Pak RT : "Lho, Iha iki kok sik gurung dibabati to lis? "

Bu Lilis : Oemji pak RT. I tadi kan udah bilang. Kalo I tuh jijik. Nih liat nih, I baru aja meni pedi. Nanti,
kalo I nyabutin rumput, kuku I bisa rusak

Pak RT : Sekarep panjenengan wae lah bu

(Pak RT nyeluk pak Wahyu)

Pak RT : Pak Wahyu, tugase njenengan mbabati suket lan mberseni selokan nggih

Pak Wahyu: Nggih pak

Babak 3

Ajeng: "Bapak - bapak, monggo. Kopine kula geleh mriki nggih"

Bapak-bapak : "Nggih bu"

Pak Wahyu: (Wajah pegel) "Duh... aku ngantuk banget. Aku butuh kopi iki. Ngombe kopi sek ahh... "

Pak RT : "Lho.. Pak Wahyu"

Pak Wahyu : "Hehehe, monggo pak, kopi"

Bu Ajeng : " Pak RT, kula mbalik omah sik nggih, kula wau lagi masak banyu soale "

Pak RT : " Oh nggih mbak Ajeng "

(Banjur iku, pak Wahyu lan pak RT ngombe kopine. Ajeng lagi mlaku bali neng omah e, sedurung
tekan omah, Ajeng ketemu Bu Yulis seng buang sampah sembarangan)

Ajeng: "weh kok koyo Bu Yulis to kui, wah ra beres ki Bu Yulis mosok buang Sampah sembarangan,
pie yo (wajah bingung), oh opo tak video wae ben nko pas wes rampung kerja bakti ne tak dudoh ne
pak RT"

(Ajeng bar kui mbuka hp, ngerekam Bu Yulis seng buang sampah sembarangan)

Ajeng: "nah wes, nko gerek tak dudoh ne pak RT, (tiba" Ajeng kepikiran Karo kompore) ohh iyo
kompor ku lali, haduchh"

(setelah bapak" do ngopi, kabeh do lanjut kerja bakti ne, Ajeng pun yo uwes balik meneh melu kerja
bakti karo rodok sinis ro Bu Yulis, Pak Wahyu lanjut bubuti suket ngerti nek enek pak Bejo seng
nebangi pohon, kebetulan neng cedak e enek Ajeng)

Pak Wahyu: "jeng, meh takok, opo pak Bejo melu kerja bakti?"

Ajeng: "mboten i pak, kulo mboten ngertos pak Bejo ten mriki, lha enten nopo pak? (wajah bingung)

Pak Wahyu: "lha kae jeng ulatono sg nebangi pohon neng kono, pora pak Bejo kui??"

Ajeng: "weh iyo pak bener, wah ra beres iki pak Bejo kok nebangi pohon sembarangan"

pak Wahyu: "weh? ora dikon pak rt to?"

Ajeng: "mboten pak, wong pak Bejo wae ora Rene kok pak"

pak Wahyu: "lha terus pie jeng, pak RT nek renek bukti mesti ga nerimo laporan ne dewe"
Ajeng: "kan saiki wes canggih to pak zaman e, divideo wae lah"

pak Wahyu: "wah iyo bener yo jeng, nganggo hp mu wae jeng"

Ajeng: "walah pak yo deh siap"

(setelah e kui, Ajeng mideo pak Bejo seng nebangi pohon kui, tanpa di sadari pak Bejo sadar nek de'e
divideo Ajeng, Ajeng wes rampung seng mideo Ajeng ndeleh ke hp neng mejo sg tempat e rodok
cedak Karo pak Bejo, Pak Bejo tetep nyobo cool ga panik, de'e due ide, yaiku ngapus video seng enek
neng hp ne Ajeng meneng, soal e hp ne Ajeng ditinggal dewe", tanpa kabeh sadari, ternyata Bu Lilis
yo ngerti pak Bejo nebangi pohon karo ngerti Bu Yulis buang sampah sembarangan, Bu Lilis ngulati
gerak gerik e pak Bejo, Sewektu wes sepi, Ajeng wes fokus karo bagian ne, pak Bejo mlaku rindik"
menyang mejo sg enek hp ne Ajeng karo ngulati kanan kiri ben aman)

Bu Lilis: "wah ra beres iki kyk e, hrs i video, pasti pak RT nanti bela i" ( Bu Lilis jikuk hp ne ngevideo
pak Bejo)

pak Bejo: (uwes nyekel hp ne Ajeng, terus buka hp ne tibak e ora dikunci, langsung wae pak Bejo
ngehapusi video ne, ternyata enek video ne Bu Yulis barang buang sampah) " nah kebetulan ra di
sandi, isoh tak hapus video ku. Weh iki kok enek video ne Bu Yulis barang, wes lah mergo aku apik
atine, tak hapus sisan"

(setelah pak Bejo ngehapusi video ne kui, pak Bejo ameh balik, tapi pak haji ngeluruhi pak Bejo
disek)

pak haji: "eh pak Bejo, kok neng kene to pak, ayo Rene melu ngeteh" disek, wes rampung juga to
kerja baktine"

pak Bejo: (wajah kaget) "eeh enjih pak mboten sah repot-repot, Kulo langsung balik mawon"

pak Haji: "yo ojo ngunu to, wes ayo" (pak haji gandeng tangan ne pak Bejo, diajak kumpul neng pos
ronda, Bu Lilis seng ngerekam uwes rampung trs sok sok an ora reti opo")

Pak RT jeluk kabeh warga dikon kumpul leren disek, sisan ngopi lan omong" an sedelok sehurung
balik

Pak RT: "Ayo bapak bapak lan ibu ibu kumpul disek, leren sek"

Warga: "njihh pak"

(warga pun kumpul neng pos ronda karo nikmati panganan ne)

Pak Haji: "nah wes resik to pak RT"

pak RT: "iyo iki pak Alhamdulillah"

pak Haji: "butuh kesadaran masyarakat e pak ben do jogo keresikan deso"

pak RT: "iyo kui pak bener"

(pak Bejo awal e bingung ameh ngopo, gor meneng wae, ngulati enek Ajeng opo ora)

pak Haji: "eh pak bejo kok gor meneng wae, kene lo melu ngobrol)

Pak RT: "weh iyo pak Bejo Rene disek, wes sue ga ketemu"

pak Wahyu: (wajah males) "sibuk wi pak ngerusak lingkungan"


(setelah pak Wahyu ngomong ngunu di geplak Karo pak RT)

pak RT: "hush ra entuk ngunu kui pak Wahyu, kan pekerjaan ne pak Bejo emang motongi pohon seng
ora ganggu ngunu"

Babak 4

(pak Wahyu gor meneng wae karo nikmati wejangan ne karo sitik ngelirik pak Bejo sinis, pak Bejo
seng sadar nek diulati pak Wahyu ngunu bingung, pak haji lan pak RT sibuk omongan dewe bahas
tentang haji tahun iki)

pak Bejo: "enten nopo to pak Wahyu kok sajak e ora seneng karo aku ngulati ne kok ngunu e ram"

pak Wahyu: "lha ngopo, wong aku due moto kok, mosok ra entuk ngulati sampeyan"

pak Bejo: "yo entuk, opo jangan-jangan sampeyan ngepres yo karo aku"

pak Wahyu: (wajah jijik) "yekk, Astaghfirullah, rasah kepedean ngunu pak"

(pak RT lan pak Haji sadar nek pak Bejo karo pak Wahyu koyo nesunan)

pak RT: "ngopo to ngopo"

pak Haji: "iyo to ngopo kok do padu ki?"

pak Bejo: "mboten ngertos niku pak Wahyu ga jelas pak"

pak Wahyu: "seng ra jelas i koe pak" (nada rodok emosi)

pak Bejo: "lha kulo salah nopo pak?" (nada sok ga reti opo" padahal Wedi)

pak Wahyu: "halah, rasah sok polos deh pak"

pak RT: "wes wes enek opo iki asline??"

pak Wahyu: "iku lo pak, pak Bejo nebangi pohon sembarangan mau makane rodok gundul iki
desone, trs Ra melu kerja bakti kok melu mangan neng kene"

(pak Haji lan pak RT kaget, ora percoyo sg di omongne pak Wahyu)

pak Haji: "loh, mosok toh"

pak RT: "pak, mboten pareng nuduh ngunu kui nek ga enek bukti"

pak Bejo: "iyo iku betul, emng pak Wahyu ne wae ga seneng kulo pak"

pak Wahyu: "kulo enten pak bukti ne, sek sekedap kulo manggil Ajeng"

pak Wahyu: "Ajeng Ajeng rinio cepet"

(Ajeng seng awal e lagi nyapu" langsung moro, Bu Yulis seng kepo yo melu Moro, Ajeng seng ngulati
Bu yulis melu moro nyinisi Bu yulis)

Ajeng: "pripun pak?"

pak Wahyu: "kui dudoh no bukti nek pak Bejo mau nebangi pohon sembarangan"

Ajeng: "oh okee pak, kalih niki kulo njih enten video Bu Yulis guwak sampah sembarangan mau pak
RT, salah to pak niku"
(kabeh sg ng kunu kaget, ternyata pak Bejo lan bu Yulis malah gae reget lingkungan lan gae gersang
lingkungan)

Bu Yulis: "opo iyo lo jeng, rasah ngefitnah koe"

Ajeng: "sopo sg ngefitnah Bu, sampeyan dewe kan mau sg guak sampah sembarangan"

Bu Yulis: "ora yo bu, ra entuk ngefitnah ngunu kui Bu, duso"

Ajeng: "kan Kulo wes ngomong to Bu sopo seng ngefitnah" (nada kesel lan mumet)

Pak Haji: "we lah malah do padu genti, uwes to jeng Bu, saiki ndi buktine nek sg di omong ne pak
Wahyu karo Ajeng bener??"

(Ajeng jikuk hp ne tanpa pamitan, tekan neng pos ronda Ajeng buka hp ne)

Ajeng: "Niki Lo pak enten ten hp Kulo, sek Kulo buka ke"

pak RT: "yo jeng"

(Ajeng uwes buka hp ne, buka galeri, kok ga enek video ne, Ajeng kebingungan)

Ajeng: "loh ndi toh kok ga enek"

pak Bejo: "wah kui ngapusi sampeyan pak Wahyu"

Bu Yulis: "lo to koe ga enek bukti ne kok ngomong ngunu" (wajah lego pdhl mau deg"an)

pak Wahyu: "loh pie to jeng, mau lo enek kevideo, mau bener loh pak rt pak haji kulo karo Ajeng
ngevideo perilaku ne pak Bejo"

pak RT: "lha saiki Pundi buktine, mboten enten to pak, wes deh, saiki Ajeng pak Wahyu minta maaf
Karo pak bejo lan Bu Yulis"

Ajeng lan pak Wahyu: "gak pak"

Ajeng: "mau bener lo pak aku ngerekam"

pak Haji: "lha saiki mboten enten to jeng buktine, duso lo koe nek ngefitnah uwong tanpa bukti,
kudu ne ki tanbbayun sek kalian"

pak Wahyu: (nyolot) " lo mau tenan lo pak, Kulo ngerti nganggo moto ne kulo dewe nek pak Bejo kui
nebang pohon sembarangan"

Ajeng: "kulo enjih mau reti Bu Yulis buang sampah sembarangan loh pak, seng ngeregeti berdua kui
kok seng kenek kita"

pak RT: (kesulut emosi) "lho lha koe berarti ra ikhlas to jeng melu resik-resik ngene ki?, nek ga ikhlas
rasah melu wae mau"

pak Haji: (nenangke pak RT) "pak sabar, mboten sah nesu-nesu, RT lo sampeyan"

pak RT: "lha niku Ajeng ga enek bukti brng lo pak, kok malah ngunu"

(Ajeng sg notabene wong ga isoh di sentak, rodok nangis sitik)

pak haji: "wes saiki ngene jeng, yu, kan ga enek to bukti ne, kita yo gatau sg bener sopo, sg ngerti
mung tenan ora ne Gusti Allah, saiki dari pada nmbah dowo masalah e, wes mintaaaf wae ya"
Babak 5

(bar pak haji ngomong ngunu, Bu Lilis teko dengan gaya ne)

Bu Lilis: "haduch berisik banget deh, ada affah sih ini"

pak Haji: "iki lo Lis, pak Wahyu karo Ajeng ki ngomong nek Bu Yulis buang sampah sembarangan lan
pak bejo nebangi pohon sembarangan"

Bu Lilis: "ouch gitu ya pak, trs itu kenapa pak RT yg handsome kyk hbs marah gitu pak haji?"

pak Haji: "mumet mikir ne kegaduhan ne iki mau Lis"

Bu Lilis: "ouch, beytewe pak haji dn semuanya yg diomongin pak Wahyu sm Ajeng itu bener adane
kok"

pak RT: "rasah melu-melu Lis nek ga enek bukti" (nada rodok banter)

Bu Lilis: "ich pak rt gausa marah-marah dong pak, i ada kok bukti nya, nich liat sendiri)

(pak RT, pak haji, pak Wahyu, pak Bejo, Ajeng lan bu Bu Yulis kabeh delok video sg neng hp ne Bu
Lilis, pas do delok Bu Lilis ngomong)

Bu Lilis: "saya sih gatau ya pak isi video nya apa, tpi itu i ada video pak Bejo itu buka hp nya Ajeng
sembarangan, trs yaudah deh i video siapa tau berguna, trs tadi i juga ga liat pak Bejo kerja bakti, tpi
kok bisa disini ya"

Pak Haji: "weh mau koe ga melu kerja bakti to Jo?, berarti iki sg di omong ne Ajeng karo pak Wahyu
bener no"

(Bejo lan Bu Yulis gor meneng dingkluk)

Bu Lilis: "i juga sering liat Bu Yulis itu buang sampah sembarangan tiap pagi, waktu ngepas i, i joging"

pak RT: "Bu Yulis, pak Bejo, saya ga habis fikir sama yang kalian lakukan "

pak Bejo: "nyuwun ngapuro pak RT, kulo ngelakuke niku mergo kekurangan kayu pak"

Bu Yulis: "kulo nggih nyuwun ngapuro pak, kulo buang sampah sembarangan niku sadar mergo kulo
males mlaku ten tps pak"

pak RT: " yo ora ngunu carane, saiki do wes jujur, seneng kulo tpi kecewa karo sifat e kalian, janji yo
setelah iki ora ngunu kui meneh"

Bu Yulis lan pak Bejo: "nggih pak janji"

pak RT: "ajeng, pak Wahyu, kulo njih nyuwun ngapuro mau ga percoyo kalih omongan sampeyan"

Ajeng: "dih, makane pak, nek enek opo opo ki gausa nganggo emosi" (pak Wahyu nyenggol tangan
ne Ajeng)

pak Wahyu: "wes kui pak RT yo wes minta maaf to jeng, nggih pak mboten nopo-nopo, wau njih
mboten enten bukti nyata, untung enteng Bu Lilis"

Bu Lilis: "haduch pak Wahyu bisa aja, lagian itu klo sdh di hapus bisa di liat to jeng di penghapusan
galeri nek hp mu enek"

Ajeng: "eh iyo ya Bu Lis, Kulo kok mboten kepikiran "


Bu Lilis: "hadech jeng jeng, pak RT itu juga jngn marah marah gitu loh, nanti ganteng nya ilang"

pak RT: "nggih Bu Lilis, nggih pun sederek warga, kulo nyuwun ngapunten kalih kesalahan ne kulo
wau, kulo njih matur nuwun niki mpun di ewangi kerja bakti, saiki wes entuk Bali rpp"

warga: "njiih pak

(kabeh warga do balik omah e masing" tapi ijek enek sebagian warga sg neng pos ronda)

Bu Lilis: " pak RT, mw gx mmpir ngopi dirumah i, kopi i itu import dari luar Loch pak"

pak RT: "wah ngapunten Bu, Kulo mules nek ngombe kopi luar"

Setelah kedadeyan kui, pak Bejo lan Bu Yulis ora meneh nebang pohon sembarangan lan guak
sampah neng selokan, Amarga uwes do sadar nek perbuatan ne kui merugikan lingkungan sekitar.
Deso pun dadi ayem, tentrem, damai ora enek kesalahan pahaman meneh lan kabeh warga uwes
pada sadar karo kebersihan lingkungan. Ayo jaga alam maka alam akan menjagamu.

Amanat

1. Ojo buwang sampah sembarangan

2. negor wit-witan secara liar dadi ala kanggo manungsa dhewe

3. Aja seneng prasangka lan ngukum wong sadurunge ngerti bukti nyata.

You might also like