Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Nandur lan Ngrumat Banyu sarta Hawa Seger

Dandhanggula
(slendro)

1) Wruhanira kang durung menggalih/ lamun donya kèh krisis kang toya/ kasangsaran iku wohé./
Lan uga krisis iku/ sumambung ing segering angin./ Sesuker warna-warna/ nyaket saru-siku./
Memala kang mrana-mrana/ ènthèng, abot, tumempuh ing kita sami/ datanpa bisa éndha.//

2) Lamun iki pranyata wigati/ banyu resik klawan seger hawa/ cumawis ing kana kéné./ Sengara
bisa tuhu/ njagakaé sinambi ngisis./ Ngedumel tanpa mendha/ dudu cara iku./ Sebab-sebut
mbuwang larah,/ kebal-kebul, hawa sukr kang lumadi/ nebihken jangka mulya.//

3) Gandrung-gandrung mrih cipta kadugi,/ gegadhangan maujud lan nyata:/ banyu resik ngawé-
awé;/ lan uga hawa mathuk/ milir midid sumebar wradin./ Binabar kang dèn réka/ trengginas
ing laku./ Ringin, bulu, prèh, lan gayam,/ mas karèbèt ngrengga tanah tanpa aji/ kaduga sedya
mulya.//

4) Nyata yekti timbalan pinundhi/ kang sumandhang maring umating Hyang/ ngumandhang ing
nubariné./ Tan mawang anèm sepuh/ bau suku tumandang aglis./ Rinengga ing gambira/ tan
rinaos ngrengkuk./ Sarwi asung atur sembah/ mring Njeng Gusti siyang dalu datan kari/
rumeksa kita samya.

Nandur lan Ngrumat Banyu sarta Hawa Seger


Sinom
(Grandel)

1. Noleh nengen noleh ngiwa,/ kumembeng ing sanubari./ Bumi sambat ngaruwara/ pinisesa
klawan wengis./ Mbebujung wetu mencit/ nasib bumi dipunsingkur./ Tan mawang drajat,
pangkat,/ mlarat, sugih, tanpa pilih,/ tapis gusis nrajang wrata kang wancana.//

2. Pringas-pringis cangkemira./ Mripat nyawang kriyip-kriyip./ Cungar-cungir irung ngganda./


Kipat-kipat tangan kalih./ Wit krisis nyata nenggih/ seger hawa, resik banyu./ Sesambat
rerintihan/ ing ngarsane Kang Masuci./ Ingkangmangka iku dadya piwalesnya.//

3. Nora bengi nora awan/ telenging tyas ngudi becik/ mamrih toya uga hawa/ resik, seger, datan
prei./ Sanyata arsa dadi/ ugerira samya sengkud/ tumandang mangun karya/ nanem toya hawa
resik./ Datan supe nggennya ngrumat klawan setya.

You might also like