Professional Documents
Culture Documents
Sesorah Pambgyaharjan - Dimas Sauki Rahman - X Dpib A - 10
Sesorah Pambgyaharjan - Dimas Sauki Rahman - X Dpib A - 10
Minangka puputing atur, sanadyan pahargyan punika ing tebih saderengipun sampun
rinantam, ewa semanten taksih wonten kekiranganipun inggih awit saking rupeg lan
cupeting kawontenan ingkang sarwa prasaja, lugas datanpa pepaes, miwah boja krama
ingkang boten saged anuju prana, anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang
mungguh, suguh ingkang kirang lawuh, anggen kawula hanampi menggah kerawuhan
panjenengan sami, mawantu-wantu panjenenganipun adhimas Masruri nyenyadhang
lumunturing sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kawula ingkang piniji mangarsa
ngabyantara para tamu, hambok bilih wonten kirang subasita, anggen kawula magut wicara,
hangrakit basa kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangapura. Akhiru kalam billahi
taufik wal hidayah,
Wassalamu 'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh.
Sumber:gogel
Link: https://jatimulyo.kec-petanahan.kebumenkab.go.id/index.php/web/artikel/117/927