Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 7

TUGAS BASA JAWA

BAB NYUSUN CERKAK

Nama Anggota

1. Aji Setyo Nugroho (XII IPA 3/01)


2. Alif Dian Fatwa (XII IPA 3/03)
3. Ananda Nugraha (XII IPA 3/05)
4. M. Bimasakti (XII IPA 3/23)

SMA NEGERI 6 KOTA MADIUN


Jl. Suhud Nosingo No. 1 Kota Madiun
Web : https://.sman6madiun.sch.id , E-mail : sman6madiun@yahoo.com
Kode Pos : 63132 TLP (0351) 453448
TAHUN AJARAN 2022/2023
CENGKORONGAN CRITA

 Tema : Pendidikan
 Judul : Lomba Cerdas Cermat
 Paraga : 1. Faiz
2. Daffa
3. Anis
4. Reza
 Watak :
1. Faiz : pinter, percaya diri
2. Daffa : apikan, ndukung kancane
3. Anis : apikan, seneng guyonan
4. Reza : apikan, lucu
 Latar :
Panggonan : sekolah, lantai nduwur sekolah, perpustakaan sekolah
Wektu : isuk, bengi, mulih sekolah
Swasana : seneng, tegang
 Alur : Maju
 Garis besar crito : Awal mulane yaiku pas dina sebtu muleh sekolah arep diadakake
lomba cerdas cermat ing sekolahan sing diadakake ing lantai nduwur sekolahan. Faiz
kepengen melu lomba kuwi, Faiz nawani Daffa bakal melu lomba apa ora, tapi Daffa
ora gelem akhire Faiz melu lomba cerdas cermat kuwi ananging dheweke nakoki
kanca-kancane setuju apa ora nek dhewehe melu lomba cerdas cermat kuwi. Kanca-
kancane setuju yen Faiz melu lomba cerdas cermat kuwi. Sakwise nakoki kuwi Faiz
lan kanca-kancane moro perpustakaan arep sinau gawe lomba cerdas cermat kuwi.
Sakwise iku jam wes nunjukake jam 15.00 Faiz, Reza, Daffa, Anis lan kanca-kanca
liyane muleh menyang omahe dhewe-dhewe. Jam 9 bengi Faiz dredge amarga sesok
dheweke arep melu lomba cerdas cermat. Singkate wis isuk Faiz budhal menyang
sekolahan isuk, Faiz ketemu kancane lan kancane nakoki Faiz nek dhewehe uwis siap
apa urung. Guru-guru lan kancane Faiz pada ngewehi motivasi lan seemangat
menyang Faiz ben dhewehe ora dredge. Faiz wis rampung nggarap soal sing akeh
ananging dhewehe dredeg pengumumane pemenang lomba kuwi. Singkate
pengumuman lombane wis diumune sing dadi juarane yaiku Faiz, Faiz seneng lan
bersyukur, dhewehe ya ngucapake panuwun marang kabeh wong sing ndukung
dheweke.

CENGKORONGAN CERKAK

1. Bakal ana lomba cerdas cermat ing sekolahan.


2. Faiz kepengen melu lomba cerdas cermat lan nakoki kanca-kancane.
3. Kanca-kancane pada setuju nek Faiz melu lomba cerdas cermat.
4. Faiz lan kamca-kancane ning perpustakaan gawe sinau sesok lomba cerdas
cermat.
5. Reza ijin menyang wc amarga dheweke kebelet.
6. Faiz lan kancane mulih jam 15.00 sore.
7. Faiz bengine dredeg amarga sesok arep melu lomba cerdas cermat.
8. Sesoke Faiz budhal menyang sekolahan.
9. Gurune lan kanca-kancane Faiz ngewehi motivasi lan semangat menyang Faiz.
10. Reza uwis bar nggarap soal cerdas cermat kuwi.
11. Wektu pengumuman Reza dredeg sapa sing bakal dadi juarane.
12. Faiz seneng amarga dhewehe dadi juara lomba cerdas cermat dheweke banjur
ngucapake panuwun marang kancane sing uwis ndukung.
LOMBA CERDAS CERMAT

Nang dina sabtu pas mulih sekolah ana pengumuman babagan arep dianakne
LCC utawa “Lomba Cerdas Cermat”, sing arep dianakne dina senin lan
panggone neng lantai dhuwur.

“Faiz, kepiye miturut kowe, kowe arep meloni lomba kuwi ora?” Dafa ngesem,

“Miturutku sih lomba kesebut menarik uga sih”, kondho Faiz sing banjur
mlaku nuju

kancane “Dafa, kepiye yen kowe melu lomba kuwi?, ya ora kanca-kanca”, Dafa
lan

Faiz lungguh “iya aku lan Mia setuju karo usulan Dafa kuwi”, Lisa lan Mia
njawab

barengan

“Ehmm, yawis lah aku tak melu lomba kuwi”, Faiz ngesem

“Nah ngunu, kuwi lagi kancane awake dhewe”, Dafa ndeleng Faiz “Eh kanca-kanca

awake dhewe menyang perpustakaan yo”, Faiz ngajak kabeh kancane “iya yo aku

uga pengen maca buku”, kabeh kancane njawab karo barengan.

Faiz lan kabeh kancane menyang perpustakaan sekolah, neng tengah dalan Reza

pengen lunga menyang toilet “eh Anis aku arep menyang toilat sedhela ya, aku wis

ora kuwawa ki” Reza jaluk izin marang Anis “haha, iya cepet menyang toilet kana”

Anis nggumuyokake Reza “nuwun ya”, Reza mlayu karo cepet nuju toilet, banjur Faiz

lan kancane lunga menyang perpustakaan meneh “akhire nganti uga neng
perpustakaan”, kondho Dafa marang kancane kabeh lan dheweke banjur nggoleki

buku-buku sing pengen diwaca “Anis, yen kowe arep nggoleki buku, kowe dhisikan

ae soale aku pengen nggoleki buku cerito dhisik”, Faiz mlaku nggoleki-golek buku

sing lagi digoleki “iya aku uga pengen nggoleki buku Matematika”, Anis nuli ngesem

lan Dina, ngira uga nggoleki-golek buku cerita bahasa jawa kanthi tema pendidikan

sekolah dan persahabatan.

Reza sing mau menyang toilet mau banjur bali menyang perpustakaan meneh, neng

tengah dalan dheweke ndeleng cah wedok sing ayu lan wedok kuwi nuli nyeluke

“Heh Reza cepet mrene”, Reza nuju bocah wedok kesebut “ana apa?, kok kowe reti

jenengku?”, Reza bingung “aku wis reti jeneng mu saka Faiz”, cah wado kuwi njawab

kanthi bahasa jawa cekak“oh ngunuh to, jeneng mu sapa?”, Reza ngesem marang

Bela “jenengku Bela”, wedok kuwi ngesem uga “kowe kelas pira Bela?”, takon Reza

karo isin-isin.

“Aku kelas VII, kowe mau arep nengendi?”, Bela kuwi ngesem meneh “ouh iya aku

lali, saiki aku arep menyang perpustakaan lan kanca-kanca ku wis nunggu aku ket

mau, aku arep menyang perpustakaan dhisik ya Bela”, Reza banjur mlayu nuju

perpustakaan “iya”, Bela ngesem.


Reza wis tekan neng perpustakaan lan dheweke nggoleki kancane. Nuli dheweke

ndeleng Dafa lan Faiz lagi maca buku “Dafa, Faiz cepet mrene, sedhela meneh wis

jam 15.00 ki!”, Reza nyeluk karo mlaku nuju dekne kabeh “yo awake dhewe nggoleki

sing liyane”, Reza kemrungsung.

“Anis yo awake dhewe mulih ayo, wis sore ki!” Nuli Anis mulih bareng kanca sing

liyane kajaba Faiz lan Dafa ora mulih bareng dekne kabeh, amarga arah omahe beda.

Nang bengi dina Faiz njaga-jaga kanggo nyiapake lomba sing arep dianakne nang

dina senin kuwi, ora krasa saiki wis jam 9 (songo) mbengi wayahe dheweke kanggo

turu.

Nang dina senin Faiz deg-degan amarga dheweke arep melu lomba saiki, karo rai sing

kuwatir lan radha PD dheweke mangkat menyang sekolah. Ora krasa dheweke wis

ketuk ana sekolahan, radha suwe banjur teka kancane lan dekne kabeh nyedhaki “Faiz
saiki kowe wis siap durung kanggo ngalahke mungsuh sekolah liya?” Kancane pitakon
marang Faiz “Iya Insyaallah aku wis siyap”, dheweke ngesem .“Apik yen ngono mesti
kowe bakal dadi juara”, Dafa celatu sing ditulis ing cerita bahasa jawa iki.“ Yo awake
dhewe munggah menyang lantai ndhuwur kanggo siap-siap!”, Faiz lankancane lunga
menyang lantai ndhuwur . “Iya cepet yuh sadurung telat”, Dafa katon semangat banget
Faiz lan kancane wis ketuk neng lantai ndhuwur, nuli wilda mlaku menyang arah
palungguhane kanggo siap-siap “semangat yo Faiz”, kancane menehake semangat marang
dheweke, karo wayah sing terus mlaku ora krasa lomba iki kawiwitan.Faiz kanthi yakin
ngerjakne tugas sing akeh kuwi, ora krasa wayah wis kari 5 (limang) menit meneh, lan
Faiz wis ugo meh ngrampungke soal-soal ana lomba kuwi. Sanajan dheweke ngadhepi soal
sing angel ning dheweke ora nyerah, guru-guru lan kanca-kancane kabeh menehi motivasi
marang dheweke, wayah wis entek lan Faiz uga wis ngrampungke kabeh soal sing akeh
kuwi. Kanthi rai sing bungah dheweke ora ngira bisa nutugake soal lomba. Wayah sing
gawe deg-degan iki wis kliwat, amarga saiki wektune kanggo meruhi sapa pemenang saka
lomba cerdas cermat kuwi.Pemenang saka lomba cerdas cermat akhire diumumke, lan
kaya sik wis pada dikarepke pemenang saka lomba cerdas cermat nang dina iki yaiku Faiz,
sakwise dheweke dadi juara dheweke banjur bersyukur lan ngucapke panuwun marang
kabehe sing wis menehake semangat marang dheweke. Lan akhire dheweke dikenal dadi
anak sing cerdas ugo pinter neng sekolahne.

You might also like