Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 9

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GASAL

SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN (SMK) BINA PATRIA 2 SUKOHARJO


TAHUN PELAJARAN 2022 / 2023
LEMBAR SOAL
MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA
Kelompok : Umum Tingkat : XI (sebelas)
Bid. Keahlian : Semua Bid. Keahlian Hari/Tanggal : September 2022
Prog. Keahlian : Semua Prog. Keahlian Waktu : (90 menit)

I. Wangsulana pitakon ing ngisor iki, kanthi milih salah siji ing pilihan wangsulan
A, B, C, D utawa E kang koanggep bener!

1. Tembang macapat iku cacahe ana....


A. 11
B. 12
C. 13
D. 14
E. 15

Tembang macapat ing ngisor iki gatekno !

Ngelmu iku kalakone kanthi laku


Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

2. Tembang ing ndhuwur iku ing serat wedhatama pupuh....


A. Pangkur
B. Pocung
C. Sinom
D. Gambuh
E. Kinanthi
3. Setya budya pangekese dur angkara.
Tembung “pangekese” ana ing ukara kasebut yaiku....
A. Sumringah
B. Nyenengake
C. Pupus
D. Menangake
E. Ngasorake

4. Tembung triloka lekere kongsi tegese...


A. Yen diumbarake bakal dadi memala
B. Ngrembaka saindhening jagad
C. Olong golong anut jinise
D. Jroning dhiri pribadi bakal saya ndadi
E. Nepsu angkara kang gedhe

5. Serat wedhatama ngandhut pitutur luhur kanggo bangun....


A. Solah bawa
B. Budi pekerti
C. Tepaselira
D. Gotong royong 
E. Bangun nagri

6. Tembung “pujangga” nduweni teges....


A. Percaya
B. Wiwitan
C. Pengarang
D. Pinter
E. Wejangan

7. Tembung nyantosani nduweni teges...


A. Ngandel
B. Nguwati
C. Ala
D. Becik
E. Mantep ing pikir
8. Paugeran tembang macapat kang arane utawa cacahe larik saben sapada diarani....
A. Guru lagu
B. Guru gatra[
C. Guru wilangan
D. Guru sastra
E. Guru lamba

9. Tembung “dur” nduweni teges....


A. Ngandel
B. Nguwati
C. Ala
D. Becik
E. Mantep ing pikir

10. Watakipun tembang wirangrong yaiku....


A. Prenesan
B. Parikena
C. Mbrawani
D. Kemrusung
E. Sumringah

11. Tembang Pocung iku cacahe... gatra


A. 6 gatra
B. 5 gatra
C. 3 gatra
D. 4 gatra
E. 8 gatra

12. Tembang macapat pocung duweni pathokane guru wilangan, guru lagu lan guru gatra,
yaiku....
A. 12u, 6a, 8i, 12a
B. 12i, 6a, 8i, 8a
C. 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
D. 12u, 8i, 8u, 8i
E. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
13. Tembang pocung ing serat wedhatama anggitane....
A. R.Ng. Rangga Warsita
B. Yosodipura I
C. KGPAA Mangkunegara IV
D. Ki Ageng Sela[
E. Pakubuwono IV

14. Paugeran cacahing utawa gunggunge gatra / baris/ larik, saben sapada / sapupuh/
sabait diarani....
A. Guru lagu
B. Guru wilangan
C. Guru gatra
D. Slendro
E. Pelog

15. Tibane swara ana pungkasaning gatra kang dinulu diarani....


A. Guru lagu
B. Guru wilangan
B. Guru gatra
C. Waranggana
D. Pelog
E. Slendro

16. Gunggunge wanda saben sagatra diarani....


A. Guru lagu
B. Guru wilangan
C. Guru gatra
D. Slendro
E. Wiraswara

17. Angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur) / not balok.
diarani....
A. Cakepan
B. Titi laras
C. Titi suara
D. Slendro
E. Pelog

18. Syair kang biasane digunakake ing suluk saking pertunjukan wayang kulit purwa utawa
ingkang digunakake saking tembang ngiringi karawitan pakeliran utawa tembang
macapat diarani....
A. Cakepan
B. Titi laras
C. Titi suara
D. Slendro
E. Pelog

19. Angka kang minangka nyatakaké laras utawa dhuwur cendhèké swara ana
ing gamelan. Angka-angkané yaiku angka 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7, diarani...
A. Cakepan
B. Titi laras
C. Titi suara
D. Slendro
E. Pelog

20. Angka kang minangka nyatakaké laras utawa dhuwur cendhèké swara ana
ing gamelan. Angka-angkané yaiku angka 1, 2, 3, 5, 6 diarani...
A. Cakepan
B. Titi laras
C. Titi suara
D. Slendro
E. Pelog

21. Ing saperangan tembang macapat pocung uga bisa ngemot cangkriman ana kang
awujud plesedan, wancahan, pepindhan, lan sinawung ing sekar minangka batangane
kasebut.
Tuladha ing ngisor iki kang kalebu wancahan (cekakan) yaiku....
A. Sega sakepel dirubung tinggi
B. Pitik walik saba kebon
C. Wong wuduunen iku sugih pari
D. Pak boletus
E. Adang sega

22. Ing saperangan tembang macapat pocung uga bisa ngemot pepindan
(memper).Tuladha ing ngisor iki kang kalebu pepindhan yaiku....
A. Ambune arum jamban
B. Pak boletus
C. Wong wudunen iku sugih pari (Paringisan)
D. Bornas kopen
E. Pitik walik saba meja (sulak)

23. Karya sastra awujud prosa kang misuwur kanthi crita kang rinaket urut miturut
pembabakan diarani ....
A. Geguritan
B. Tembang
C. Cerpen
D. Novel
E. Legenda

24. Tema, setting, sudut pandang, alur, penokohan kalebu unsur....


A. Eksposisi
B. Antagonis
C. Protagonis
D. Ekstrinsik
E. Instrinsik

25. Latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang lan napsirake surasa
sawijining karya sastra diarani...
A. Tritagonis
B. Antagonis
C. Protagonis
D. Ekstrinsik
E. Instrinsik
26. Minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan
panggonan, sosial budaya diarani ....
A. Tema
B. Setting
C. Sudut pandang
D. Alur
E. Penokohan

27. Perangan novel kang nggambarake karakter kanggo paraga / pelaku yaiku....
A. Tema
B. Setting
C. Punjering crita
D. Alur
E. Penokohan

28. Parmin entuk peran mragakake dadi anake wong mlarat, naning duwe sikep kalem,
seneng tetulung, prasaja, yen guneman alus. Pratelan kasebut ing perangan novel
kang diarani....
A. Sudut pandang
B. Antagonis
C. Penokohan
D. Tritagonis
E. Protagonis

29. Nilai-nilai kang kamot ing novel arupa nilai kang ndadekake wong luwih ngerti lan
mahami panguripane wong liya yaiku....
A. Nilai etika
B. Nilai sosial
C. Nilai spirit
D. Nilai kolektif
E. Nilai kultur

30. Nilai kang surasane bisa ngadhepi sikep urip lan kapitayane pamaca. Mula pamaca
duwe kapribaden kang percaya marang dhiri pribadine dhewe, diarani....
A. Nilai etika
B. Nilai sosial
C. Nilai spirit
D. Nilai kolektif
E. Nilai kultur

31. Nilai kang ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya diarani
nilai....
A. Nilai etika
B. Nilai sosial
C. Nilai spirit
D. Nilai kolektif
E. Nilai kultur

32. Novel uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masarakat, tundhone pamaca
bisa ngerteni kabudayan ing papan/ daerah liya diarani nilai....
A. Nilai etika
B. Nilai sosial
C. Nilai spirit
D. Nilai kolektif
E. Nilai kultur

33. Novel kang bisa diwaca makaping-kaping[[[ kang tundhone pamaca kepengin nduweni
novel iku diarani nilai....
A. Nilai etika
B. Nilai sosial
C. Nilai spirit
D. Nilai koleksi
E. Nilai kultur

34. Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh lan, nyritakake apa kang dilakoni, lan
ngetokake rasa pangrasa dhewe kanthi tembung-tembunge dhewe diarani....
A. Sesuslih wong kapisan
B. Sesulih wong kapindo
C. Sesulih wong katelu
D. Sesulih wong kapapat
E. Sesulih wong kalima

35. Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, dheweke luwih akeh ngamati
saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita, diarani....
A. Sesuslih wong kapisan
B. Sesulih wong kapindo
C. Sesulih wong katelu
D. Sesulih wong kapapat
E. Sesulih wong kalima

II. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi wangsulan kang pratitis!
1. Terangna apa sing dikarepke “Mbegegeg, Ugege-ugeg, Hemel-hemel, sadulita”.
2. Tulisen (tulisna) tembang macapat pocung kang surasane “Ngudi Ngilmu” banjur
wenehana pathokane lan watake tembang pocung sing kok tulis kasebut !
3. Jlentrehna apa bedane alur maju (progresif) lan alur mundur (flash back progresif) !
4. Tulis lan sebutna irah-irahan Novel abasa jawa 4 bae !
5. Sebut lan jelasna Unsur-unsur Novel Instrinsik lan Ekstrinsik !

SUGENG MAKARYA

You might also like