Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

Watak Tembung Sengkalan

Tembung-tembung sing dianggo ing angka taun:


1. Watak siji (eka) : bumi, srengenge, rembulan, lintang, Allah, Gusti, manungsa, tunggal,
wutuh, bunder, urip. Perangane badan kang cacahe mung siji utawa awangun bunder
dasanamane kayata  sirah, gulu, irung, ati, lan sapanunggalane.

2. Watak loro (dwi) : barang kang cacahe loro, ugo opo wae sing jodho dasanamane
kayata tangan, kuping, sajodho, swiwi, mripat, suku, karna, bau, alis, sungut, lan
sapanunggalane. Kriyane tembung-tembung kasebut; nembah, lumampah, ndulu,
mabur.
3. Watak telu (tri) : barang kangmawa geni, kapinteran dasanamane kayata obor, geni,
panas, sorot, pinter, wasis, guna, urub, banter, putri, estri, jurit, welut, cacing lan
sapanunggalane.

4. Watak papat (catur) : barang kang ateges banyu, gawe dasanamane kayata tuk, segara,
samodra, karya, sendang, keblat, kreta, rata, lan sapanunggalane.
5. Watak lima (panca) : barang kang ateges buta, panah, angin, lima, piranti, dalan,
pandhawa, alas, gaman, galak, lan sapanunggalane.

6. Watak enem (sad) : tembung kang atages obah, kayu, rasa, pait, eca, wit, mangsa,
tawon, kumbang, lan gegolonganing kewan asikil enem (sadpada) dasanamane.
7. Watak pitu (sapta) : tambung kang atages swara, gunung, pandhita, jaran, swarga,
ageng, bungah, lan swara numpak dasanamane.

8. Watak wolu (hasta) : tembung kang ateges, kewan rumangkang (reptile) dasanamane
kayata rahayu, basuki, ula, baya, cecak, gajah, esti, kethek, kadhal, lan sapanunggalane.
9. Watak sanga (nawa) : barang kang ateges bolong kembang dewa ambu (ganda),
dasanamane kayata gapura, leng, bablas, wangi, bolongan, lawang, guwa, terus, dewa,
ganda, lan sapanunggalane.

10. Watak kothong/nol (das) : tembung kang ateges ora ana utawa dhuwur kayata ilang,
mati, swarga, sirna, das, nir, suwung, kothong, lowong, tanpa, lan sapanunggalane.

You might also like