Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

KENA TILANG PAK POLISI

Dening : Pandu Kartika Dewa (30)

Ning kampung Suka Maju ono uwong sek jenenge Oga.Oga iku uwong kang paling mapan
ing desone. Sifate seng sombong lan seneng pamer ora di senengi karo warga desane. Oga
nduweni montor Ninja warna ireng kang apik tenan lan regane larang. Oga seneng banget
nduwe motor kuwi. Pendak ndinae di pamer ke nang warga desane.

Serong kiri, serong kanan, nabrak kandang pitik, nabrak jemuran, malah tambah seneng. Sek
jenegeng Oga iku nek numpak motor koyo di oyak demit banter banget. Ora iso awas karo
penggendara motor sek liyane.

" Ga, kowe ki mesti nek numpak montor kok seneng biyayakan. Kowe ora wedi mati po
piye???" Ditakoni Bejo

" Rapopo mati kuwi urusane sek nang nduwur dadi santai wae to kwe ki lan ora ana polisi
dadine ora bakal ketauan. Nek ketauan gari nyuap rampung. Duit ku kan akeh tenan"
Yowislah sak bahagiamu."Bales Bejo.

Esuke Oga ameh lungo jalan-jalan nganggo motor Ninja Irenge

“Ah, bosen aku numpak montor ning kampung. Saiki aku tak ning dalan gedhe wae." Tegese
Oga.

Tiba-tiba Bejo teka. "Bud, kowe ameh neng ngendi kok yah mene wes arep metu?? Ojo lali
nggawa helm, stnk, karo SIM ben aman ngko nek ono razia ing dalan gede. Jarene Bejo

"Jo. kowe ki rasah sok sok ngandani. Aku iso ngebut motor ku ki santer dadi santai wae. Nek
ana tilang gari mlayu nek misale kena cekel duit ku yo akeh dadi santai wae koe ki Jo Bejo”
Bales Bejo.

"Kowe ki mesti angel nek diandani. Yowes lah, ati-ati ojo biyayakan nek numpak motore
Kowe ora sah ngatur-ngatur iku motor ku sek duwe aku sek nganggo aku.”Bales Oga.

“Yowes sak karepmu Bud nek ketilang kapok kowe” Bales Bejo.
“Wingi nak wes tak kandani nek ketilang yo gari dinehi duit to polisi ne ki, jaman saiki ki
angger ono duit apa ae iso mbok lakoake dadi santai wae” Bales Oga.

Pas lagi nang dalan Oga kaget ndidlalah nang ngarep ono polisi akeh banget baris jejer koyo
pager.

" Mampus aku. Pak Budi panik. Banjur ndelok dompet.

"Wah, piye ki duitku kok mung satus ewu." Piye le nyogok ki??" Yowis lah, tak ngebut sing
santer ben ora kena tilang” tegese Oga.

Oga langsung tancep gas. Klakson tengen kiwa. Nganti nubruk becak.

"Woyy, nek numpak montor ati-ati" Pengendara liyane padha mbengoki Pak Budi. "Sori-sori
kkesus maseh" Bales Oga

Gara-gara ngebut, Oga ora ndelok ana lubang ning ngarepe. "Gedubrak, preng, klontang,
pyarrr, meeeooonnnggg. Montore Oga tiba nganti spione pecah bodi motere mberet beret ra
karuan , banne copot nganti kena kucing. Pokoe motore sek maune apik, kinclong, resek saiki
dadi mbarut barut kiwo tengene. Untunge Oga ra kenopo kenopo.

"Pak-pak panjenengan mboten menapa-menapa? Untung ae bapak e niki boten nopo nopo”
Ditakoni Pak Polisi.

" kulo boten nopo nopo pak, injeh pak syukur kulo boten kenapa napa” Jawab Oga

" Bapak niki numpak motore kok banter banget mboten ngangge helm lan alat keamanaan
berkendara, surat surat e enten mbonten niki pak?” ditakoni pak polisi

"Waduh suratkula ketinggalan kabeh ten daelem e Pak Polisi.

“Terus aku kudu piye niki Pak Polisi???”

"Kudu ditilang" Jawab Pak Polisi.

"Tenane Pak Polisi iki kudu ditilang, ora ana cara lain sek lebih ringan po?" bales Oga.

" Tenan lah" Jawab e Pak Polisi.

"Nyo Pak, dinggo sangu" Jawab Oga karo ngei duit.

"Opo iki?" Jawab Pak Polisi.

"Iki dinggo sangu.” Jawab Oga


"Maksut e dinggo nyogok?" Jawab Pak Polisi.

"Nyogok? Iki udu nyogok Pak Polisi iki jenenenge berbagi rezeki kepada sesama.” Jawab
Oga.

“iku jenenge nyogok mase.” Bales Pak Polisi.

“Koe ki wis ditilang karo nyogok, ayo melu aku ning kantor polisi" Jawab Pak Polisi.

“Ojo Pak" Jawab Oga.

“Kudu, koe uwis ditilang lan ameh nyogok aku.” Jawab Pak Polisi karo nggowo Pak Budi
ning kantor polisi.

Sak tibane Ing kantor polisi, Oga ditakoni karo Pak Polisi

"Ngopo koe ngebut lan ra nggawa STNK,SIM, lan liya-liyane?".

“Kula mau buru-buru Pak. dadine lali nggawa STNK, lan liya-liyane" Jawab Oga.

“Dek e ameh nyogok aku" Jawab Pak Polisi sing nilang Oga mau.

“Tenane???" Jawab Pak Polisi.

“Tenan" Jawab Pak Polisi sing nilang Oga.

“Iki kudu kei hukuman sing abot, kena pasal-pasal UUD, mlebu penjara wae" Omong e Pak
Polisi sing nakoni.

"Ojo Pak" Jawab Oga

"Mlebu!!!" Jawab Pak Polisi.

Sesoke, Oga disidang, lan entuk hukuman di penjara gara-gara ra nggawa STNK,SIM, lan
liya-liyane, lan Oga ameh nyogok Pak Polisi. Oga yesel amarga dek e numpak motor
ngebut,ra nggawa SIM, STNK, lan liya-liyane, lan ameh arep nyogok Pak Polisi. Saktibane
Bejo nang kantor polis arep nileki Oga di penjara

“Mampus kowe Ga Oga salahe sopo wes tak andani nek numpak motor ki kudu ngati-ati lan
ora grusa grusu.” Tegese Bejo.

“Iyo Jo aku yo nyesel iki amarga wes nyalahin peraturan lalu lintas lan arep nyobo nyogok
Pak Polisi.” Jawab Oga.
“Yo wes nek wes nyesel mogo mogo dadi pelajar dineggo kowe nek dadi menungso ki sek
tertib lan jujur” Jawab Bejo.

You might also like