PENILAIAN HARIAN 1 Bhs

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

PENILAIAN HARIAN 1 BAHASA JAWA KELAS 3 SDN GELURAN 3

TAHUN PELAJARAN 2022/2023


Kelas 3… Nama :
Wulangan 5. HEMAT ENERGI Nilai

I. Pilihen siji wangsulan sing paling bener!


1. Saben esuk Wati nyirami kembang. Tembung ing ukara iku kang kagolong tembung kriya yaiku....
a. Wati b. nyirami c. kembang
2. Ing ngendi olehmu tuku buku crita ? Ukara iku kagolong ukara....
a. Andharan b. pitakon c. pakon
3. Ukara ing ngisor iki kang kagolong ukara pakon yaiku....
a. Tulung patenana TV ne yen wis gak ditonoton!
b. Geneya lmpune mati , Pak?
c. Bendungan Sutami mapan ing desa Karangkates Kecamatan Sumberpucung Kabupaten Malang.
4. Kang diarani bathok yaiku....
a. Banyuneklapa kang rasane legi kemrenyes.
b. Kulite klapa kang kanggo gawe kesed
c. Cangkange klapa kang atos sajrone sepet
5. Usaha gawe areng bathok saliyane bisa nambahi pengasilane kulawarga uga bisa nyengkuyung program pamarintah bab....
a. Hemat energi b. pendidikan c. kesehtan
6. Kang kagolong ukara andharan ( crita ) yaiku....
a. Dhik, tulung jupukna blender! C. ing ngendi blendere kok simpen mbak?
b. Aku lan adhikku gawe roti tart.
7. Bu Handoko ... menthog pitu. Tembung sing bener kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku....
a. Duwe b. gadhah c. kagungan
8. ... kok nganti tiba? Tembung pitakon kanggo njangkepi ukara sing bener yaiku....
a. Sapa b. geneya kapan
9. Mateni lampu sing ora kanggo, mateni kran banyu sawise wisuh, berati wis kagolong irit....
a. Lampu b. banyu c. energi
10. Dhek wingi Ella tuku rujak. Jejere ukara kasebut yaiku....
a. Dhek wingi b. Ella c. Rujak

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki supaya dadi ukara sing genep lan bener!
11. Sing kagolong BBM yaiku....
12. .... regane bensin larang?
13. .... anggonmu tuku elpiji?
14. Adhiku ngetung bebek ing kali. Lesane ukara kasebut yaiku....
15. Wingi Juna karo Bima nyekeli meri. Katrangan ukara kasebut yaiku....

III. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki nganggo jawaban sing bener!
16. Gawea 2 wae tuladha ukara pakon sing bener!
17. Gawe ukara nganggo tembung “energi”.
18. Bapak nonton bal- balan ing TV.
Ukara kasebut dadekna basa krama sing bener!
19. Bapak ngunjuk kopi ing teras.
Jlentrehna miturut pola ukarane!
Jejer :
Wasesa :
Lesan :
Katrangan :
20. Kepriye carane gemi ing energi iku?

You might also like