Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS)

TAHUN PELAJARAN 2021/ 2022


UPT-SATDIK SOLAH DASAR NEGERI JEMBER LOR 01
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : ............................................
Kelas : 5 Nomor : ............................................
Hari / Tanggal : Nilai : ............................................

I. Berilah tanda silang (X) pada alternatif jawaban yang kamu anggap benar di lembar jawaban!
Wacanen kang patitis, kanggo mangsuli gladhi nomor 1-7!

Isih jam setengah wolu isuk ing alun-alun wis kebak uwong. Dina iki ana Festifal Dolanan
Tradisional sa- kabupaten. Pesertane para siswa SD saka 9 kecamatan. Sing bakal tetandingan yaiku
wakil saka kecamatan-kecamatan mau.
Dolanan tradisional kang dilombakake, yaiku egrang, balap karung, gobag sodor, patil lele,
betengan,dhakon, lan gedrik. Bima wis siaga kanthi egrange. 8 peserta saka kecamatan liyane
mengkono uga. “Prriiiittt...!” Swara aba-aba sempritan muni banter. Bocah-bocah enggal munggah
egrange lan jumangkah banter-banteran mlaku.

1. Manut isine, supaya bener wacan ing ndhuwur becike diwenehi irah-irahan….
A. Festifal Dolanan Tradisional
B. Dolanan Ing Alun-Alun
C. Ramen-Ramen ing Alun-Alun
D. Bima Dolanan Egrang
2. Ing alun-alun isih isuk nanging wis kebak uwong, amarga ….
A. akeh wong olah raga
B. ana pasar malem
C. ana Festifal Dolanan Tradisional sa- kabupaten
D. Bima arep lomba egrang
3. Maceme dolanan sing bakal dilombakake ing Festifal Dolanan Tradisional yaiku egrang, balap karung,
gobag sodor, ….
A. sepak bola, basket, betengan, lan gedrig
B. basket, balap karung, betengan, lan gedrig
C. balap karung, gobag sodor, lan sepak bola
D. patil lele, betengan,dhakon, lan gedrik …
4. Pesertane kang bakal melu lomba ing kegiatan Festifal Dolanan Tradisional ana … kecamatan
A. 6
B. 7
C. 8
D. 9
5. Bima manut wacan, arep melu lomba ….
A. balap karung
B. egrang
C. gedrig
D. dhakon
6. Latar wektune manut crita ing ndhuwur yaiku ….
A. jam setengah wolu isuk
B. wayah awan-awan
C. jam pitu wayah budhal sekolah
D. sore wayah sholat asar
7. Kang dadi paraga utama ( tokoh) ing wacan ndhuwur jenenge ….
A. Bocah-bocah
B. Para siswa
C. Bima
D. Uwong
8. Gambar ngisor iki nuduhake dolanan tradisional, jenenge dolanan ….

A. Patil lele
B. Gobag sodor
C. Balap karung
D. lumpatan
9. Biasane cacahe bocah sing nindakake dolanan saka soal nomor 8 iku ana….
A. 5
B. 6
C. 7
D. 8
10. Teks wacan kang isine ngandharake (nyritakake) kedadean kanthi runtut saka wiwiwtan nganti
pungkasan, kalebu jinise teks ....
A. Narasi
B. Dheskripsi
C. Pawarta
D. Surat kabar
11. Dolanan tradisional iku akeh maceme, contone dolanan engrang. Egrang iku ginawe saka ....
A. Kertas
B. Plastic
C. Pring
D. Karet
12. Dolanan tradional becik banget kanggo para siswa margo kebak budi pakerti kang bisa
dikembangake,bisa kanggo sinau tata aturan bebrayan, , bisa ningkate ..... lan .....
A. Menange dhewe lan mentingake awake dhewe
B. Budhi pakerti lan bisa sinau kanggo tulung-tinulung
C. Kekancan kang becik lan guyup rukun karo kanca
D. Wangsulan B lan C bener
13. Gambar ngisor iki nduduhake kedadeyan …..Panyebabe kedadeyan iku saka ….

A. Udan ; alase gundhul


B. Banjir ; akeh wong mbuwang resek nang kali
C. Lemah jugrug ; alase gundhul
D. Kobongan ; akeh wong mbuwang resek nang kali
Pawarta iki kedadeyan nyata, coba semaken banjur wangsulana gladhi nomer 14 - 20!
PEKANBARU, KOMPAS,com – Wiwit dina Rabu, 13 September 2019 nganti saiki prastawa kobongan
alas lan lahan ngupengi wilayah Kutho Pekanbaru,Kabupaten Indragiri Hulu,Dumai, Pelalan lan Riau.
Kondisine keluk e( kukuse)nganti likat (pekat) tambah ala. Ambune keluk karine kobongan alas lan lahan
kroso apek nyesekke dhada lan nggawe mripat perih.
Peringatan dini saka BMKG(Badan Meteorologi Klimatologi lan Geofisika), tingkat pencemarane klebu
kategori kurang sehat nganti level mbebayani. Akeh warga kena penyakit ISPA( Infeksi Saluran Pernapasan
Atas) akut (kronis). Miturut data Dinas Lingkungan Hidup lan Kuhutanan, warga menawa ngisep kukus kang
rada suwi (jangka panjang) bisa nyebabake radang paru, kegagalan fungsi otak nganti kelahiran premature
lan kanker paru
Bibin Sulianto juru bicara BMKG matur kanggo ngurangi dampak bahaya kabut asap saka kobongan
alas lan lahan mau, utamane kanggo bocah-bocah, mula sekolah TK, Paud, lan Sekolah Dasar dipreiake dhisik
watara 3 ndina

14. Kang dikabarake ing pawarta dhuwur ngenani ....


A. Kobongan alas lan lahan
B. Kobongan omah lan kampung
C. Banjir gedhe nerak padesan
D. Lemah jugruk saka gunung
15. Sumbere pawarta kuwi saka ....
A. Pekan Baru Kompas, com
B. Jawa Pos, com
C. BMKG
D. Dinas Lingkungan Hidup
16. Prastawa kobongan alas lan lahan iku dumunung(manggon) ing kutho ….
A. Pekanbaru
B. Dumai,
C. Pelalan lan Riau.
D. Wangsulan A, B, C bener kabeh
17. Wektune kedadeyan kobongan alas lan lahan ing Pekanbaru Riau yaiku ….
A. Rabu, 13 September 2019
B. Wektu iku
C. watara 3 ndina
D. tahun saiki
18. Kang diarani penyakit ISPA tegese penyakit ....
A. Penyakit saluran pencernakan
B. Infeksi Saluran Pernapasan Atas
C. Infeksi saluran kencing
D. Penyakit sesak nafas
19. Dampake kanggo kesehatan, warga kang ngisep keluk likat (kukus) bisa nyebabake ….
A. Akeh warga kena penyakit ISPA
B. bisa nyebabake radang paru
C. nyesekke dhada lan nggawe mripat perih.
D. Wangsulan A, B, C bener kabeh
20. Kanggo ngurangi bahayane kabut asap, banjur bocah sekolah dipreiake, sing matur mangkono kuwi yaiku
….
A. PEKANBARU, KOMPAS,com
B. BMKG(Badan Meteorologi Klimatologi lan Geofisika)
C. Bibin Sulianto juru bicara BMKG
D. Kepala Dinas Lingkungan Hidup lan Kuhutanan
21. Sing maringi peringatan yen kobongan iku wis mlebu kategori kurang sehat nganti level mbebayani yaiku
....
A. BMKG(Badan Meteorologi Klimatologi lan Geofisika)
B. Kepala Dinas Lingkungan Hidup lan Kuhutanan
C. Kepala Sekolah lan guru PAUD
D. Warga masyarakat kutha Pekanbaru
22. Warta/ kabar kang diterbitake kala-kala ora saben dina diarani ....
A. Ariwarti
B. Kalawarti
C. Layang kabar
D. Majalah
23. Majalah Jawa Jaya Baya lan Mekar Sari kalebu jinese layang kabar awujud ….
A. Kalawarti
B. Ariwarti
C. Buku pelajaran
D. TTS ( Teka Teki Silang )
24. Ariwarti yaiku kabar kang diterbitake ….
A. Saben taun
B. Saben sasi ( saben wulan)
C. Saben mingggu
D. Saben dina
25. Kita bisa oleh pawarta saka prastawa kang kita alami dhewe, bisa uga saka ....
A. Maca lan ngrungokake
B. Nulis lan maca
C. Nyawang lan nulis
D. Mangsuli pitakon

You might also like