Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

PESAN ISMAIL UNTUK UMAT MANUSIA

KHUTBAH JUMAT PERTAMA


‫ َو َو َع َد لِ ْل ُمتَ َم ِّس ِكي َْن بِ ِه‬،‫اَ ْل َح ْم ُدهللِ الَّ ِذىْ َج َع َل ااْل ِ ْساَل َم طَ ِر ْيقًا َس ِويًّا‬،ِ‫اَ ْل َح ْم ُدهلل‬
‫ َشهَا َدةَ َم ْن‬،ُ‫ك لَه‬ َ ‫ َأ ْشهَ ُد َأ ْن الَ اِلَهَ اِالَّ هللاُ َوحْ َدهُ اَل َش ِر ْي‬.‫َويَ ْنهَ ْو َن ْالفَ َسا َد َم َكانًا َعلِيًّا‬
‫ف‬ُ ‫ص‬ ِ َّ‫ َوَأ ْشهَ ُد َأ َّن َسيِّ َدنَا َح ْم ًدا َع ْب ُدهُ َو َرس ُْولُهُ ْال ُمت‬.‫هُ َو َخ ْي ٌر َّمقَا ًما َوَأحْ َس ُن نَ ِديًّا‬
‫ق ْال َو ْع ِد‬ َ ‫صا ِد‬ َ ‫ان‬ َ ‫ص ِّل َو َسلِّ ْم َعلَى َسيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد َك‬ َ َ‫ اَللَّهُ َّم ف‬.‫صبِيًّا‬ َ ‫ار ِم ِكبَارًا َو‬ ِ ‫بِ ْال َم َك‬
‫صحْ بِ ِه الَّ ِذي َْن يُحْ ِسنُ ْو َن ِإ ْسالَ َمهُ ْم َولَ ْم يَ ْف َعلُ ْوا َش ْيًئا‬ َ ‫ َو َعلَى آلِ ِه َو‬،‫ان َرس ُْوالً نَبِيًّا‬ َ ‫َو َك‬
‫ص ْينِ ْي نَ ْف ِس ْى َوِإيَّا ُك ْم بِتَ ْق َوى‬ ِ ‫ اُ ْو‬،ُ‫اضر ُْو َن َر ِح َم ُك ُم هللا‬ ِ ‫ فَيَا َأيُّهَا ْال َح‬،‫ َأ َّما بَ ْع ُد‬،‫فَ ِريًّا‬
‫ فَقَ ْد فَا َز ْال ُمتَّقُ ْو َن‬،ِ‫هللا‬
َّ ‫ يَا اَيُّهَا الَّ ِذي َْن آ َمنُ ْوا اتَّقُ ْوا هللاَ َح‬،‫َّحي ِْم‬
‫ق‬ ِ ‫ بِس ِْم هللاِ الرَّحْ َم ِن الر‬: ‫قَا َل هللاُ تَ َعالَى‬
‫تُقَاتِ ِه َوالَ تَ ُم ْوتُ َّن ِإالَّ َواَ ْنتُ ْم ُم ْسلِ ُم ْو َن‬
Jamaah shalat jum’at Rahimakumullah,
Lebeting momentum khutbah Jum’at dinten punika, mboten bosen-bosen khatib berwasiat
dhateng sedaya jamaah wabil khusus dhateng dhiri khatib pribadi supados senantiasa
ningkataken ketakwaan dhateng Allah SWT.
Takwa inggih punika ajrih kangge nglanggar larangan Allah lan terus berkomitmen
kangge nglampahaken sedaya perintah-ipun.
Dados insan ingkang bertakwa, sesambetan kaliyan allah nglangkungi wujud terus
ngibadah menyembah-ipun, inggih punika ayahan lan misi utami gesang ing donya. Bab
punika wonten lebeting al-Qur’an serat adz-dzariyat ayat 56:

َ ‫ت ْال ِج َّن َوااْل ِ ْن‬


‫س اِاَّل لِيَ ْعبُ ُد ْو ِن‬ ُ ‫َو َما َخلَ ْق‬
Artosipun: “Aku ora nyiptakake jin lan manungsa kejobo dheweke kabeh beribadah
marang ingsung (Allah).”
Sawentawis sesambetan kaliyan sesami manungsa ugi kedah tansah kita wujudtaken ing
ndalem welas asih lan sami-sami ngurmati.
Kelawan nyebar welas asih dhateng sesami manungsa, kita nggih badhe nggadhahi posisi
khusus ing mripat manungsa saha ing sisi Allah yakni dados tiyang disayang dening Allah
SWT. Lebet hadits saking Abdullah bin ‘Amr, Rasulullah SAW bersabda:

ِ ْ‫ ارْ َح ُموا َم ْن ِفي اَأْلر‬،‫ون يَرْ َح ُمهُ ْم الرَّحْ َم ُن‬


‫ض؛ يَرْ َح ْم ُك ْم َم ْن فِي‬ َ ‫َّاح ُم‬
ِ ‫الر‬
‫ال َّس َما ِء‬
Artosipun: “Wong-wong kang penyayang bakal disayangi Allah kang Maha Penyayang.
Sayangono sapa kang ana ing dhuwuring bumi, niscaya siro kabeh bakal disayangi
dening sapa kang ana ing langit.” (HR. Tirmidzi). 

Jamaah Jum’at rahimakumullah,


Minongko dados Agami Rahmatan lil alamin, Islam mucalaken umatipun kangge
senantiasa nyebar welas asih lan sami-sami tulung-tinulung lebet kesaenan. Islam nglarang
umat manungsa kangge sami-sami nyakiti punapa malih ngantos ngicalaken nyawa tiyang
sanes.
Bab punika sampun dipuntuladhani dening Allah nglangkungi criyos dipun-gantosipun
Nabi Ismail kaliyan mendo nalika badhe disembelih dening Nabi Ibrahim.
Kita perlu nyadari menawi tekad Nabi Ibrahim kangge pragat Ismail, ingkang dipuntumuti
kaliyan keikhlasan Nabi Ismail kangge dipundadosaken kurban, wiwitan saking ketaatan
lan ketakwaan piyambakipun dhateng Allah Swt.
Punapa ingkang dipunlampahaken piyambakipun sedaya sanes amargi emosi lan
kebencian. Ananging punika termasuk ujian kangge Ismail lan Ibrahim kangge
ngetingalaken komitmen ketakwaan dhateng Allah.
Nanging sasampunipun sumerep kwalitas ketakwaan kekalihipun, Allah lajeng maringi
hikmah ingkang agung sanget kangge kekalihipun lan kangge sedaya umat manungsa ing
donya, inggih punika larangan netesaken getih manungsa.
Allah SWT lebet Firman-Ipun ngelarang keras tiyang ingkang mejahi tiyang sanes kaliyan
wangsulan neraka jahanam. Bab punika wonten lebet serat an-nisa’ ayat kaping 93:

‫ب هّٰللا ُ َعلَ ْي ِه َولَ َعنَه‬ ِ ‫َو َم ْن يَّ ْقتُلْ ُمْؤ ِمنًا ُّمتَ َع ِّم ًدا فَ َج َزاُؤ ه َجهَنَّ ُم َخالِ ًدا فِ ْيهَا َو َغ‬
َ ‫ض‬
‫َواَ َع َّد لَه َع َذابًا َع ِظ ْي ًما‬
Artosipun: “Barang sapa mateni siji kang beriman karo sengaja, mula balasane yaiku
neraka jahanam, dheweke kekal ing jerone. Allah murka marang dheweke, lan ngelaknat
sarta nyedyakake azab kang gedhe kanggo dheweke.”

Jamaah Jum’at Rahimakumullah,


Perlu kita emut, menawi kawontenan agami mliginipun agami Islam ing donya punika
dipunkonjuk kangge mujudaken kedamaian, sanes kangge sami-sami nyakiti punapa malih
mejahi.
Punika tamtunipun dados bahan renungan kita supados terus usaha nyegah icalipun nyawa
manungsa tanpa dosa akibat paten-nitaten. Sumangga kita jagi dhiri kita lan keluwargi kita
saking perbuatan-perbuatan jahat kados sami-sami netesaken getih.
Kita kedah mendhet ibrah lan teladan saking dipun-gantosipun Nabi Ismail kaliyan
setunggal kewan, inggih punika kita kedah mejahi sifat kewan ingkang wonten lebet dhiri
kita.
Insting kewan punika namung mejahi kelawan tarung nalika berselisih kaliyan kewan
sanesipun. Punika ingkang mboten angsal kita lampahaken. Kedah wonten ruang
komunikasi, sehingga kita mboten sami kaliyan kewan nalika wonten konflik.
Sumangga, warnai gesang kita kaliyan kebahagiaan lan welas asih. Keburukan lan
kesaenan lebet gesang ing tengah-tengah masyarakat punika dipunwiwiti saking saben
individu ingkang wonten ing lebetipun. Bilih setunggaling masyarakat dipunisi dening
pribadi-pribadi ingkang tresna kesaenan, mila laladan kasebat ugi badhe diselimuti
kesaenan, kerukunan, ketenteraman, lan perdamaian.
Nanging sa-wangsulipun, bilih setunggaling ldaerah tansah dipunliputi masalah, gesang
ing lebetipun mboten tenteram lan kebak kaliyan keawonan, keranten sedaya punika
saleresipun asalipun saking pribadi-pribadi negatif ingkang wonten ing lebetipun.
Kita kedah dados jiwa-jiwa ingkang sae saha mampu maringi kesaenan lan manfaat
kangge tiyang sanes, sakepripun hadits Rasulullah ingkang masyhur sanget ingkang
diriwayatkan saking jabir punika:

ِ َّ‫اس َأ ْنفَ ُعهُ ْم لِلن‬


‫اس‬ ِ َّ‫َخ ْي ُر الن‬
Artosipun “Sak apik-apik e manungsa yaiku wong kang manfaat kanggo manungsa
(liyane)”
Mugi-mugi punapa ingkang dipunaturaken punika saged dados pangemut kita sedoyo lan
mugi-mugi manfaat. Amin

‫ َونَفَ َعنِي َوِإيَّا ُك ْم بِ َمافِ ْي ِه ِم ْن آيَ ِة َو ِذ ْك ِر‬،‫آن ْال َع ِظي ِْم‬


ِ ْ‫ك هللا لِي َولَ ُك ْم فِى ْالقُر‬ َ ‫بَا َر‬
‫ َوَأقُ ْو ُل قَ ْولِي هَ َذا‬،‫ْال َح ِكي ِْم َوتَقَبَّ َل هللاُ ِمنَّا َو ِم ْن ُك ْم تِالَ َوتَهُ َوِإنَّهُ هُ َو ال َّس ِم ْي ُع ال َعلِ ْي ُم‬
ِ ‫فَأ ْستَ ْغفِ ُر هللاَ ال َع ِظ ْي َم ِإنَّهُ هُ َو ال َغفُ ْو ُر الر‬
‫َّحيْم‬

You might also like