Cerkak Bahasa Jawa

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Kena Tilang

Ning kampung Tinja ono uwong sek jenenge Pak Budi. Pak Budi
nduwe montor Ninja Abang. Pak Budi seneng banget nduwe motor kuwi.
Nek numpak montor mesti biyayakan. Serong kiri, serong kanan, nabrak
kandang pitik, nabrak jemuran, malah tambah seneng

. “ Bud, kowe ki mesti nek numpak montor kok seneng biyayakan.


Kowe ora wedi mati po piye??? ” ditakoni Pak Otong. “ Rapopo ora ana
polisi dadine ora bakal ketauan. Nek ketauan gari nyuap rampung.” “
Yowislah sak bahagiamu.”bales Pak otong.

Sesoke Pak Budi numpak ninja abang meneh. “ Ah, bosen aku
numpak montor ning kampung. Saiki aku tak ning dalan gedhe wae.”
Tiba-tiba Pak Otong teka. “ Bud, kowe ameh neng ngendi?? Ojo lali
nggawa helm, stnk, karo SIM nek ana razia.” Jarene Pak Otong. “Tong,
kowe ki rasah sok sok ngandani. Aku iso ngebut. Nek ana tilang gari
mlayu.” Bales Pak Budi. “ Kowe ki mesti angel nek diandani. Yowes lah,
ati-ati ojo biyayakan.” “ Kowe ora sah ngatur-ngatur.” bales Pak Budi.

Pas neng dalan, ndilalah ana tilang. “ Hwarakadah, malah ana


tilang. Mampus aku.” Pak Budi panik. Banjur ndelok dompet. “ Wah, piye
ki duitku kok gari sewu.” Piye le nyogok ki??” “Yowis lah, tak ngebut sing
santer ben ora kena tilang.” Pak Budi langsung tancep gas. Klakson
tengen kiwa. Nganti nubruk becak. “Woyy, nek numpak montor ati-ati”
Pengendara liyane padha mbengoki Pak Budi. “Sori-sori kesusu.” Bales
Pak Budi.

Gara-gara ngebut, Pak budi ora ndelok ana lubang ning ngarepe.
“Gedubrak, preng, klontang. Miauuww.” Montor Pak budi tiba nganti
spione pecah, banne copot nganti kena kucing. “ Pak-pak panjenengan
mboten menapa-menapa?” Ditakoni Pak Polisi. “ Aku rapopo.” Jawab
Pak Budi. “ Bapak wonten surat-surat kendaraan menapa mboten?
Nembe enten razia.” Takon Pak Polisi “ Waduh suratku ketinggalan
kabeh e pak. Aku kudu piye?”. “Kudu ditilang” Jawab e Pak Polisi.
“Tenane” Omong e Pak Budi.” Tenan lah” Jawab e Pak Polisi. “Nyo Pak,
dinggo sangu” Jawab Pak Budi karo ngei duit.”Opo iki?” Jawab Pak
Polisi.”Iki dinggo sangu” Jawab Pak Budi.”Maksut e dinggo nyogok?”
Jawab Pak Polisi.”Iyo Pak”Jawab Pak Polisi.”Wegah, koe wis ditilang
karo nyogok,ayo melu aku ning kantor polisi” Jawab Pak Polisi.”Ojo Pak”
Jawab Pak Budi.”Kudu, koe uwis ditilang lan ameh nyogok aku”Jawab
Pak Polisi karo nggowo Pak Budi ning kantor polisi.

Ing kantor polisi, Pak Budi ditakoni karo Pak Polisi “Ngopo koe
ngebut lan ra nggawa STNK,SIM, lan liya-liyane?”. “Aku mau buru-buru,
dadi ne lali nggawa STNK, lan liya-liyane” Jawab Pak Budi. “Dek e ameh
nyogok aku” Jawab Pak Polisi sing nilang Pak Budi. “Tenan?” Jawab
Pak Polisi. “Tenan” Jawab Pak Polisi sing nilang Pak Budi. “Iki kudu kei
hukuman sing abot, kena pasal-pasal UUD, mlebu penjara wae” Omong
e Pak Polisi sing nakoni.”Ojo Pak” Jawab Pak Budi.”Mlebu!!!” Jawab Pak
Polisi.

Sesok e, Pak Budi disidang, lan entuk hukuman 10 taun ning


penjara gara-gara ra nggawa STNK,SIM, lan liya-liyane, lan Pak Budi
ameh nyogok Pak Polisi. Pak Budi nyesel amarga dek e numpak motor
ngebut,ra nggawa SIM,STNK,lan liya-liyane, lan ameh nyogok Pak
Polisi.

Akhir e Pak Budi wegah ngebut,wegah ra nggawa SIM,STNK,lan


liya-liyane, lan wegah nyogok Polisi meneh.
Nama : 1. Hanif Abdillah /17

2. Rifat Rizky Adi Nugroho /31

3. Rio Bintang Adi Putra /32

4. Romy Renaldi /33

You might also like