Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Suluk Baka

1. Teks Sastra Jawa Pesisiran


 Anggota Kelompok:
 Sinta Fitri Novia (002)
 De Ajeng P.R (008)
 Icha Maharani (022)
 Ringkesan isi teks:
Suluk Baka menika ngrembag ngenani kekuasaan saka Gusti Allah ingkang
dipuncriyosaken dhateng tembang kinanthi. Ing sajroning suluk menika, criyos saking kekuasaan
gusti dipunibarataken kados dhalang lan wayang. Perumpamaan antawis dhalang lan
wayangipun kayadene Gusti ingkang dados dhalang lan kawula (manungsa) dados wayangipun.
Dhalang kalih wayang menika sami sesambetan, sami kalihan manungsa lan Gusti sing padha
terkait. Kakalihipun boten saged dipunpisahaken.
Dalang menika dipunibarataken kadasta Nabi, Rasul, lan Gusti Allah, amarga
sedayanipun menika ‘tiyang ingkang gadhahi kuasa’, ingkang padha kaya dhalang ing donya
nyata. Ing suluk menika uga dipunsebutaken yen manungsa asalipun saka Gusti lan wangsulipun
uga dhateng Gusti. Arti saka kawula, utawa manungsa, inggih menika “berasal dari pangeran,
yang juga merupakan pangeranmu, dan berupa gambaran dari Hyang Widdhi yang terdiri atas
badan. Manusia senantiasa diawasi oleh tuhanmu”.
Gesang manungsa ing suluk menika diibarataken kados kathah bab. Kadosta kaya;
1. Ngampil banyu kalih ember.
2. Ngampil geni kalih bekal geni.
3. Kodok kang nutupi omahe.
4. Keris sing mlebu teng selubung keris.
5. Perahu sing ana ing segara.
6. Jaran sing mlayu cepet ing kandange.
7. Wong bisu sing mareni perdebatan.
8. Wong buta sing dadi petunjuk dalan.
9. Lsp.
Saking bab kasebat, ngibarataken bab sealit napake mawon, bab ingkang ditutup-tutupi
mawon, bab ingkang disimpen. Nadyan menika bab ingkang ala utawa becik, Gusti bakale
ngertos lan nyumerepi.Amargi Gusti ngawasi menapake mawon ingkang kita tindhaken.
Ing suluk menika, Gusti dipuncriyosaken ngengken manungsa kangge “ngabdi, ngengken
nalika dikengken, uga dadi hamba sing dihambai”. Miturut kula, penggalan menika nyeritakaken
yen Gusti menika sampun ngengken sedaya hambane kedah manut lan dados hamba ingkang
nurut marang Gustine. Manungsa uga kedah ngrenungi dhiri piyambak kangge isyarat yen
dheweke niku manungsa sing luwih saka manungsa liyane. Nalika manungsa boten paham
ngenani satunggaling babagan ing sajroning Quran (kitab suci), manungsa saged taken marang
manungsa sing luwih paham ngenani kitab menika, mila manungsa menika saged ugi nyerap
ilmu saka kitab kasebut. Manungsa kedah nyempuranakake ibadahe. Nalika ibadahe sampun
sempurna, manungsa ora oleh kejebak ing keuripan donya sing sawetara iki. Manungsa kedah
ngerti apik ala ne donya lan ora oleh kejebak nganti ilang arah.
Sajroning suluk kasebut uga jlentrehaken ngenani bab kang uga wigati sanget kagem para
manungsa, inggih menika yaiku, katha manungsa kang klintu, kang ngrasa yen raga menika
kekal lan nyebabake kesesatan, yen kita berpedoman kaliyan kebecikan, yen kita rajin ibadah
marang gusti lan ora kajebak hal kang ala (wujud kang tunggal kasebut) nganti tilar saking donya
menika.
Ing sajroning suluk menika, ugi dipunjlentrehaken ngenani marine utawa pedhote
hubungan antara dhalang lan wayang padha kaya pedhote manungsa lan Gustine. Miturut kula,
pedhote hubungan menika kaya ilange rasa wedi manungsa marang gustine, ilange rasa percaya
manungsa marang gustine, ilange ibadahe manungsa marang gustine, uga akehe sikap ala ing
sajroning dhiri manungsa kuwi.
Ing sajroning suluk menika ugi dijlentrehaken ngenani manungsa sing ora oleh ragu
marang keadaan saka Gustine. Gusti pancen ora ana wujude, nanging Gusti uga ana ing kabeh
babagan ing sakelilinge manungsa. Gusti menika kekal lan ora bakal ilang. Gusti menika
sampurna lan ora perlu disempurnakaken. Gusti menika Esa utawa tunggal sing kathah mulyane.
Menungsa menika namung sepele lan ora nduweni kuasa punapa. Amarga manungsa
menika namung sagunung daging sing dipungerakaken kaliyan Gustine lan namung nyilih raga.
Manungsa ora oleh nduweni sikap sombong, amarga manungsa menika namung ibarat papan
tulis sing bisa dihapus kapana.
 Nilai sing kinandhut ing teks kasebut:
 Spiritual:
1. Manusia tidak boleh ragu terhadap keadaan yang sudah diberikan
oleh tuhannya.
2. Kekuasaan dari Tuhan.
3. Tuhan menyuruh manusia untuk mengabdi, melakukan
 Filosofis:
1. Manusia dan Tuhan di ibaratkan seperti dalang dan wayangnya.
2. Manusia di ibaratkan sebagai;
a. Ngampil banyu kalih ember.
b. Ngampil geni kalih bekal geni.
c. Kodok kang nutupi omahe.
d. Keris sing mlebu teng selubung keris.
e. Perahu sing ana ing segara.
f. Jaran sing mlayu cepet ing kandange.
g. Wong bisu sing mareni perdebatan.
h. Wong buta sing dadi petunjuk dalan.
2. Judul artikel:
 Judul ingkang dipuntemtukaken kalih kelompok 5 menika, “Sambung raketing
Tembang Macapat Durna ing Nilai Spiritualitas Suluk Baka”.
3. Rumusan masalah:
 Apa hubungan nilai spiritual ing sajroning Suluk Baka kalih tembang durna?
 Apa implementasi saka nilai spiritual salebeting Suluk Baka ing kehidupan sehari-
hari?
4. Teori:

5. Metode:
 Kelompok 5 menika damel metode “Studi Pustaka”

You might also like