Teks Sesorah

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

Tugas sesorah

Najma Caya Zakiyah


XIPA 2/25

Assalamualaikum warrahmatulahi wabarakatuh

Sugeng siyang Bapak Camat lan Bapak Lurah ingkang kula khurmati.

Sugeng siyang ugi katur dhumateng para warga Desa Bangunjaya ingkang kula tresnani.

Sumangga kita sami-sami ngunjokaken puja lan raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos,
awit saking kanugrahanipun kita saged kempal wonten papan ngriki tanpa wonten alangan.
Para rawuh ingkang kinurmat.
Menawi kita wawas sesarengan, kita asring manggihi tumpukan larahan ing pundi-pundi. Menawi larahan
menika boten dipunproses kanthi leres tembe wingkinge saged dados sumber perkawis ingkang
mutawatiri.
Tuladhanipun dumadose banjir lan sumber dumadose penyakit ingkang mbebayani kados demam
berdarah, muntaber, lsp.
Sejatosipun wonten maneka cara kagem ngawekani perkawis ingkang disebabaken larahan punika. Salah
satunggile inggih menika ngowahi larahan dados kompos.
Ngenani tata caranipun inggih punika
Nyiapaken jogangan.
Milih larahan ingkang gampang bosok.
Salajenge larahan ingkang gampang bosok lajeng dipendhem.
Ditengga antawis 1-2 wulan ngantos larahan dados lemah.
Menawi sampun lemah, kompos sampun saged digunakaken.
Kula kinten cekap semanten atur kula. Menawi wonten kirang langkunge. Kula nyuwun agunge
pangaksami. Wassalamualauikum warahmatullahi wabarrakatuh.

You might also like