Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Kena Tilang

Ning kampung Tinja ono uwong sek jenenge Pak


Budi. Pak Budi nduwe montor Ninja Abang. Pak Budi
seneng banget nduwe motor kuwi. Nek numpak montor
mesti biyayakan. Serong kiri, serong kanan, nabrak
kandang pitik, nabrak jemuran, malah tambah seneng

. “ Bud, kowe ki mesti nek numpak montor kok


seneng biyayakan. Kowe ora wedi mati po piye??? ”
ditakoni Pak Otong. “ Rapopo ora ana polisi dadine ora
bakal ketauan. Nek ketauan gari nyuap rampung.” “
Yowislah sak bahagiamu.”bales Pak otong.

Sesoke Pak Budi numpak ninja abang meneh. “ Ah,


bosen aku numpak montor ning kampung. Saiki aku tak
ning dalan gedhe wae.” Tiba-tiba Pak Otong teka. “ Bud,
kowe ameh neng ngendi?? Ojo lali nggawa helm, stnk,
karo SIM nek ana razia.” Jarene Pak Otong. “Tong, kowe
ki rasah sok sok ngandani. Aku iso ngebut. Nek ana tilang
gari mlayu.” Bales Pak Budi. “ Kowe ki mesti angel nek
diandani. Yowes lah, ati-ati ojo biyayakan.” “ Kowe ora
sah ngatur-ngatur.” bales Pak Budi.

Pas neng dalan, ndilalah ana tilang. “ Hwarakadah,


malah ana tilang. Mampus aku.” Pak Budi panik. Banjur
ndelok dompet. “ Wah, piye ki duitku kok gari sewu.” Piye
le nyogok ki??” “Yowis lah, tak ngebut sing santer ben ora
kena tilang.” Pak Budi langsung tancep gas. Klakson
tengen kiwa. Nganti nubruk becak. “Woyy, nek numpak
montor ati-ati” Pengendara liyane padha mbengoki Pak
Budi. “Sori-sori kesusu.” Bales Pak Budi.

Gara-gara ngebut, Pak budi ora ndelok ana lubang


ning ngarepe. “Gedubrak, preng, klontang. Miauuww.”
Montor Pak budi tiba nganti spione pecah, banne copot
nganti kena kucing. “ Pak-pak panjenengan mboten
menapa-menapa?” Ditakoni Pak Polisi. “ Aku rapopo.”
Jawab Pak Budi. “ Bapak wonten surat-surat kendaraan
menapa mboten? Nembe enten razia.” Takon Pak Polisi “
Waduh suratku ketinggalan kabeh e pak. Aku kudu piye?”.
“Kudu ditilang” Jawab e Pak Polisi. “Tenane” Omong e Pak
Budi.” Tenan lah” Jawab e Pak Polisi. “Nyo Pak, dinggo
sangu” Jawab Pak Budi karo ngei duit.”Opo iki?” Jawab
Pak Polisi.”Iki dinggo sangu” Jawab Pak Budi.”Maksut e
dinggo nyogok?” Jawab Pak Polisi.”Iyo Pak”Jawab Pak
Polisi.”Wegah, koe wis ditilang karo nyogok,ayo melu aku
ning kantor polisi” Jawab Pak Polisi.”Ojo Pak” Jawab Pak
Budi.”Kudu, koe uwis ditilang lan ameh nyogok aku”Jawab
Pak Polisi karo nggowo Pak Budi ning kantor polisi.

Ing kantor polisi, Pak Budi ditakoni karo Pak Polisi


“Ngopo koe ngebut lan ra nggawa STNK,SIM, lan liya-
liyane?”. “Aku mau buru-buru, dadi ne lali nggawa STNK,
lan liya-liyane” Jawab Pak Budi. “Dek e ameh nyogok aku”
Jawab Pak Polisi sing nilang Pak Budi. “Tenan?” Jawab
Pak Polisi. “Tenan” Jawab Pak Polisi sing nilang Pak Budi.
“Iki kudu kei hukuman sing abot, kena pasal-pasal UUD,
mlebu penjara wae” Omong e Pak Polisi sing nakoni.”Ojo
Pak” Jawab Pak Budi.”Mlebu!!!” Jawab Pak Polisi.

Sesok e, Pak Budi disidang, lan entuk hukuman 10


taun ning penjara gara-gara ra nggawa STNK,SIM, lan liya-
liyane, lan Pak Budi ameh nyogok Pak Polisi. Pak Budi
nyesel amarga dek e numpak motor ngebut,ra nggawa
SIM,STNK,lan liya-liyane, lan ameh nyogok Pak Polisi.

Akhir e Pak Budi wegah ngebut,wegah ra nggawa


SIM,STNK,lan liya-liyane, lan wegah nyogok Polisi meneh.
Nama : 1. Hanif Abdillah /17

2. Rifat Rizky Adi Nugroho /31

3. Rio Bintang Adi Putra /32

4. Romy Renaldi /33

You might also like