Geguritan LGP3

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 1

API UNGGUN

Karipta dening : Mahsun Isma’il, S.Ag, MM

Binarung/ sumiliring angin ngancik ratri


Dakcoba ngrantam/ mosiking ati
Sumamburat/ keslomot mubaling geni
He…!, para kanca/ padha waspadakna
Sejatine Api Unggun iku/ dudu brahala
Apa maneh/ obong-obong kayu mung saderma

Mangertia….!, dulur!
Geni...kang disumet ing wanci ratri iku/ pratandha colok
Minangka pratandha/ kanggo sapa wae/ kang mbutuhake pepadhang
Mulading geni/ kang kinupeng jawat asta
Iku dadi pangaribawa/ angeting sesrawungan
Dadekna iku/ minangka paugeraning uripmu

Dadia manungsa/ kang bisa aweh sesuluh/ sajroning pepeteng


Bisa aweh teken/ marang wong kang kelunyon
Bisa nyilihi songsong/ marang wong kang kudanan
Bisa caos unjukan/ marang wong kang ngelak
Lan bisa mbiyantu tedha/ marang wong kang lagi nandhang keluwen
Ayo padha digugu/ dhawuhe para winasis/ yen urip iku/ ngugemi darma
bekti
Ngrungkebi/ prentahing Gusti
Manpangati/ marang sakabehing dumadi

Dulur…, jamane owah gingsir


Wis akeh kali/ kang ilang kedhunge
Akeh pasar/ ilang kumandhange
Kaline dadi kalen/ kang kurang ilen-ilen
Pasare dadi pasren/ kang kurang sesajen
Ananging dulur…, lumantar murup mubaling api unggun
Lilanana/ aku nduwe panyuwun
Paseduluranku lan paseduluranmu
Muga tansah/ bisa kinepung wakul
Nglanggati/ getering ati
Hangesti/ jejeging nagari

You might also like