Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

1.

Tembang macapat kang asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu
angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha diarani …
a. Mijil
b. Sinom
c. Kinanthi
d. Dhandhanggula
e. Pangkur
2. Surasane pupuh Pangkur pada sepuluh in Serat Wedhatama yaiku ….
a. Tumindak kang becik
b. Kabeh manungsa bakale bali menyang gusti
c. Golek ngelmu kudu sabar
d. Seneng tetulung
e. Wong kang cepet oleh ngelmu
3. Kang ora kalebu paugerane tembang macapat yaiku ….
a. Guru lagu
b. Guru wilangan
c. Guru gatra
d. Dhing-dhing
e. Guru swara
4. Ing ngisor iki kang ndhuweni guru wilangan lan guru lagu 8i yaiku …
a. Mangkono ngelmu kang nyata
b. Sanyatane mung weh reseping ati
c. Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
d. Ugungan sadina dina
e. Aja mangkono wong urip
5. Watak nesu ing tembang Pangkut trep kanggo…..
a. Nyritakake rasa gregetan
b. Ngandharake apa wae
c. Ngandhut rasa seneng
d. Wiwitan perang
e. Crita kang laras
6. Panulisan tembung ing ngisor iki kang bener, yaiku ….
a. Tanda
b. Duwet
c. Bathuk
d. Duwur
e. Dungkul
7. Unrus intrinsik cerkak yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjerone cerkak ing antarane
ing ngisor iki, kajaba ….
a. Tema
b. Paraga
c. Budaya
d. Setting
e. Amanat
8. Sambung sinmbunge perangan crita siji akro perangan liyane ing crita iku mau saengga
mujudake urutan kang logis diarani ….
a. Amanat
b. Lelewaning basa
c. Alur
d. Tema
e. Paraga
9. Alur cerkak duwe perangan ing ngisor iki, kajaba ……
a. Pengenalan
b. Penyelesaian
c. Konbflik
d. Pacelathon
e. Klimaks
10. Nilai kang kamot sajroning cerkak kang ana sesambungane karo tata laku pasrawungan ing
antarane pawongan sijinlan liyane diarani …
a. Nilai etika
b. Nilai religious
c. Nilai moral
d. Nilai budaya
e. Nilai social
11. Sing diarani lelewaning basa yaiku …
a. Basa sing digunakake pangripta ing sajroning crita
b. Kalungguhane pangripta sajroning crita
c. Perangan sing nerangake papan utawa wektu kelakone kedadeyan ing crita iku
d. Karakter utawa sikap sing diduweni saben paraga sajroning crita
12. Nilainkang kamot sajroning cerkak kang ana sesambungane karo tumindak becik lan ala
minangka dhasar panguripan manungsa lan masyarakat yaiku ….
a. Nilai etika
b. Nilai religious
c. Nilai moral
d. Nilai budaya
e. Nilai social
13. Ing ngisor iki titikane pawarta, kajaba ……
a. Narik kawigaten
b. Tinemu ing akal
c. Basa kang nengsemake
d. Informasi jumbuh karo rumus 4W+1H
e. Stuktur basa trep

Tari dolalak kalebu dolanan bocah kang bisa tinemu ing kabupaten Purworejo. Dolalak saka
tembung ‘do’ lan ‘la’, ing jaman kunane karepe joget iki kairing mung rong titi laras do lan la. Saiki
tarian iki kairing alat musik modern, kayata keyboard, lan lagu-lagune saiki luwih werna-werna.
Dolalak ing jaman kunane dipragakake wong lanang kanthi sragam ireng lan clana cekak, kaya adate
bocah.
Saiki sing joget ora mung wong lanang anangingbuga ana para remaja estri kanthi sragam
sing werna-werna. Para penari iso ndadi (kesurupan) kanthi tingkah sing aneh-aneh. Tarian dolalak
kalebu tarian pergaulan wong nom. Sing duweninkarep mupuk rasa solidaritas lan paseduluran.
Mula dolalak wajib dilestarikake lan dikembangke amarga ngandhut nilai-nilai kearifan local kang
ana ing tlatah Purworejo.
14. Tari Dolalak kuwi kesenian asli saka …
a. Semarang
b. Rembang
c. Purworejo
d. Yogyakarta
e. Surakarta
15. Dolalak kaperang saka tembung …
a. ‘dol’ lan ‘lak’
b. ‘do’ lan ‘lak’
c. ‘do’ lan ‘la’
d. ‘lak’ dan ‘dol’
e. ‘do’ lsn ‘la’
16. Nasibe kesenian Dolalak ing wektu saiki, yaiku ….
a. Mrihatinake
b. Entuk kawigaten mirunggan
c. Bocah enom saiki seneng marang Dolalak
d. Bocah enom saiki wis pra pasti seneng marang Dolalak
e. Dolalak mujudake kesenian sing wis kuno tumrape generasi saiki
17. Ing jaman kunane, tari dolalak ditindhakake dening …
a. Bocah lanang
b. Bocah wanom
c. Nom-noman
d. Bapak-bapak
e. Ibu-ibu
18. Kang bisa kapethik saka kesenian Dolalak, yaiku ….
a. Bisa mupuk semangat peseduluran lan solidaritas
b. Ndadekake pasulayan ana sajroning bebrayan
c. Nuwuhake rasa egois kedaerahan
d. Nuwuhake rasa pengen menang dhewe
e. Nuwuhake rasa panalangsa
19. Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. Lawange wis ora bisa
diinepake, tur teyengen pisan. Rak-rakane yaw is padha peyok. Mula yaw is ora kuat
nyangga buku-bubku utawa piranti liyane kanga rep disimpen ana kono.
Wacan ing ndhuwur kalebu perangan teks …
a. Eksposisi
b. Deskripsi
c. Narasi
d. Argumentasi
e. Persuasi
20. Pigunane pendhapa ing omah joglo yaiku kanggo ….
a. Nampa tamu
b. Masak
c. Nggelar wayang kulit
d. Rerembungan kulawarga
e. Nindakake ibadah
21. Ruwangan kang mapan ing mburi dalem agung yaiku …
a. Gandhok
b. Krobongan
c. Pendhapa
d. Pringgitan
e. Teras
22. Bebasan “Lambene satumang kari samerang” nduweni teges …..
a. Mungsuh kang isih sanak dulur
b. Nindakake penggawean ala sarana kongkonan
c. Prakara cilik dadi gedhe
d. Aweh pitutur bola-bali, nanging ora digugu
e. Akeh omong, nanging ora ona nyatane
23. Tembung kang suda cacahe aksara utawa tembunge. Umume kang suda iku aksara kang
mapan ing satengahe tembung. Tembung dadenane uga ora duwe teges anyar, diarani ….
a. Tembung sarojs
b. Tembung garba
c. Tembung plutan
d. Tembung entar
e. Tembung camboran
24. Tegese saloka “Kebo bule mati setra” yaiku …
a. Mungsuh kang isih sanak dulur
b. Nindakake penggawean ala sarana kongkonan
c. Aweh pitutur bola-bali, nanging ora digugu
d. Akeh omong, nanging ora ana kenyataan
e. Wong pinter nanging ora ana sing nganggokake
25.

Aksara latine yaiku ….

a. Jaman biyen
b. Jaman edan
c. Jaman perang
d. Jaman cilik
e. Jaman modern
1. Jlentrehna paugerane tembang pangkur!
2. Gatekna tembang pangkur ing ngisor!
Jinejer ing Wedhatama,
Mrih tan kembang kembenganing pambudi,
Mangka madyan, tuwa pikun,
Yen tan mikani rasa,
Yekti sepi sepa lir sepah asamun,
Samasane pakumpulan,
Gonyak ganyuk nglelingsemi,
Apa wos kang kamot sajroning tembang pangkur ing ndhuwur!

3. Apa kang dikarepake alur ing sajroning cerkak iku?


4. Sebutna jinise paraga ing cerkak!
5. Apa kang diarani pawarta iku?
6. Pawarta ing ngisor iki salinen menyang basa krama alus!
Chikungunya ing Trenggalek dumadi ing Kecamatan Dongko, suruhm, Kampakm lan
Watilimo. Sing akeh kena penyakit yaiku ing Kecamatan Dongkoh nganti 522 kasus. Ana ing
Kecamatan mau, sing kena chikungunya yaiku desa Pringapus, Ngerdani, Sumberbeing, lan
desa Dongko. Kanggo Kecamatan Suruh sebaran chikungunya dumadi ing desa Nglebo lan
Wanakarta.
7. Apa maknae saka guru ing omah adat Jawa?
8. Apa kang diarani bebasan iku? Wenehana tuladha!
9. Tulisen nganggo aksara jawa!
Budaya kuwi asli budine manungsa. Nalika jaman sansaya maju, pamikirane manungsa ya
melu jumangkah maju. Semono uga budaya kang ana ya melu ngrembaka ngetutake ilining
jaman lan ngetutake pemikirane manungsa kang sansaya maju.
10. Gawea ukara kanggo tembung ing ngisor iki banjur tulisen menyang aksara jawa!
a. Mlaku
b. Setya

You might also like