Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 3

YAYASAN PENDIDIKAN KRAMA ATMAJA SEMARANG

SD ISLAM PRIMADANA
TERAKREDITASI A
Jl. Singa Utara No.40 Semarang 50198 Telp. (024) 76740636
Email: sdislamprimadana@gmail.com

Wacan ngisor iki kanggo njawab pitakonan nomer 1-4!

\l Jaran Kepang

Kaya adat saben taun, kanggo mengeti dina kamardikan


ing desa Sentono Tawangsari, Kecamatan Kerjo,
Kabupaten Karanganyar nanggap jaran kepang.
Jaran kepang digawe saka pring kang diirat utawa dibentuk
dadi dolanan awujud jaran. Dolanan kang awujud jaran mau
ditumpaki dening sawijining wong kang dadi paraga.
Paraga mau banjur njoged dibarengi unine gamelan kang rancak.
Rancake gamelan nambahi jogede para paraga dadi tambah luwes tur marak ati.
Jaran kepang dianaake ing lapangan bal-balan. Akeh wong kang padha kumpul ing
lapangan kanggo nonton jaran kepang. Bocah-bocah cilik sing nonton katon seneng banget.
Nanging, ana uga kang keweden amarga ana paraga jaran kepang sing kesurupan. Bocahe
ndelik ing mburine kanca-kancane karo nutupi mripat. Nanging, sadhela-sadhela uga mbukak
mripat, kepengin ngerti polahe jarang kepang.

1. Saka apa jaran kepang digawe?


_______________________________________________________________________

2. Ana ngendi tonton jaran kepang dianakake?


_______________________________________________________________________

3. Apa kang panyebab bocah-bocah keweden nonton jarang kepang?


_______________________________________________________________________

4. Para paraga jaran kepang jogede katon tambah luwes amarga …


_______________________________________________________________________

5. Menawa sing takon iku wong sing luwih tuwa, basa sing digunakake yaiku basa …
_______________________________________________________________________

6. Paragraf sing isine nggambarake samubarang objek, papan panggonan, utawa kadadean
tratemtu diarani …
_______________________________________________________________________
YAYASAN PENDIDIKAN KRAMA ATMAJA SEMARANG
SD ISLAM PRIMADANA
TERAKREDITASI A
Jl. Singa Utara No.40 Semarang 50198 Telp. (024) 76740636
Email: sdislamprimadana@gmail.com

7. Tujuwa maca teks deskripsi yoiku …..


________________________________________________________________________

8. Teks deskripsi isine nggambarake samubarang ….


________________________________________________________________________

9. Kapan tradisi Syawalan dianake?


________________________________________________________________________

10. Ana ngendi papan panggonan sing kanggo Syawalan?


________________________________________________________________________

Wacan ngisor iki kanggo njawab pitakonan nomer 11-15!

\l Laire Gathutkaca

Pandhawa kuwi ana lima cacahe. Pambarepe Puntadewa,


dadi ratu ing Ngamarta. Mula banjur karan Prabu Puntadewa
ing Ngamarta. Dene adhi-adhine ana papat: Raden Werkudara,
Raden Permadi, lan si kembar Raden Nakula lan Sadewa. Pandhawa lima
iku padha luhur bebudhine, padha seneng tetulung, seneng mbelani
ing kabeneran.
Raden Werkudara nduweni panguwasa ana ing Jodhipati, sing uga karan Tunggal
Pamenang. Putrane Raden Werkudara sing lair saka Dewi Arimbi, awujud raseksa, jenenge
Raden Tetuka utawi Raden Gathutkaca. Dewi Arimbi iku pancen raseksi.
Kadang pandhawa padha katon sedhih lan prihatin. Marga Raden Tetuka iku kajaba
awujud raseksa, nganti telung taun lawase isih mbopong ari-arine. Ari-arine mau ora bisa
dipedhot nganggo piranti apa bae. Apa maneh nganggo wilah, gegaman lan pusaka wae ora
tedhas. Nganggo kuku pancanakane Werkudara iya ora pasah
Ing sawijining dina Bathara Narada rawuh ing Jodhipati. Nggawa pusaka warangka
tumbak Kyai Kuntawijayadanu, tumbaske wis ora ana jalaran direbut dening Raden Karna.
Ari-arine Raden Tetuka bisa dipedhot nganggo warangka Kyai Kuntawijayadanu. Warangka
ilang manjing ana wetenge Raden Tetuka. Bathara Narada bali menyang kayangan ngajak
Raden Tetuka. Raden werkudara lan Permadi uga wis ana ing kayangan.

11. Ana piro cacahe pandhawa?


YAYASAN PENDIDIKAN KRAMA ATMAJA SEMARANG
SD ISLAM PRIMADANA
TERAKREDITASI A
Jl. Singa Utara No.40 Semarang 50198 Telp. (024) 76740636
Email: sdislamprimadana@gmail.com

_______________________________________________________________________

12. Raden Gathutkaca putrane …… karo ……


_______________________________________________________________________

13. Kaya apa wujude Gathutkaca nalika lair?


_______________________________________________________________________

14. Amarga apa pandhawa padha katon sedhih lan prihatin?


_______________________________________________________________________

15. Sapa kang pambarep saka pandhawa?


_______________________________________________________________________
16. Adipati karna kagungan pusaka panah naminipun Senjata Kunta.
Basa ngoko ukara ing dhuwur yaiku ….
________________________________________________________________________

17. Pamane Gathutkaca aran Kalabendana.


Basa krama ukara kuwi yaiku …..
________________________________________________________________________

18. Gathutkaca iku kalebu darah Pandhawa.


Basa krama ukara kuwi yaiku …..
________________________________________________________________________

19. Ingkang jejuluk Satriya Pringgondani inggih punika Raden Gathutkaca


Basa ngoko ukara ing dhuwur yaiku ….
________________________________________________________________________

20. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi jawaban kang trep!
Ngoko Krama
darah ……
gaman ……
swiwi ……
mati ……
ganti ……

You might also like