Bahasa Jawa

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 4

1. Dolanan tradhisional saliyane diparagakake uga bisa -dicawisake kanthi wujud wacan.

Salah sijine yaiku wacan dolanan dhakon kang nyritakake babagan panyebutan
dhakon ing saperangan tlatah Nuswantara, bahan kanggo gawe dhakon, ukuran, Ian
carane dolanan. Andharan kaya mangkono kanggo nulis wacan awujud teks ....
a. narasi
b.persuasi
c. deskripsi
d.eksposisi
2. Ing ngisor iki sing ora nuduhake struktur teks narasi yaiku ....
a. deskripsi bagean
b.paraga
c. latar
d.alur
3. Jinising maca kang ancase nangkep wacan tinulis Ian ora tinulis banjur maragakake
asile wacan mau diarani maca ...
a. kritis
b.literal
c. ekstensif
d.kreatif
4. Maca pemahaman klebu jinis maca ...
a. cepet
b.intensif
c. endah
d.ekstensif
5. Kagiyatan maca bisa diarani maca cepet menawa bisa maca … tembung saben
samenit.
a. 150
b.200
c. 250
d.300
6. Jinis maca kaperang dadi maca nywara Ian ing batin. Dene maca ing batin kaperang
dadi Ioro yaiku maca intensif Ian maca …
a. literal
b.ekstensif
c. kritis
d.kreatif
7. Ing ngisor iki sing ora klebu jinis maca pemahaman yaiku maca ...
a. ekstensif
b.literal
c. kritis
d.kreatif
8. Gatekna pratelan ing ngisor!
(1) Gobag sodor
(2) Dham-dhaman
(3) Dhakon
(4) Betengan
(5) Bekelan
Pratelan sing mujudake dolanan kanthi nengenake kakuwatan awak katuduhake
nomer ....
a. (I) Ian (4)
b. (2) Ian (3)
c. (3) Ian (4)
d. (4) Ian (5)
9. Dolanan tradhisional sanadyan nggunakake piranti kang prasaja nanging ngandhut
munpangat kang becik. Ing ngisor iki kang ora nuduhake munpangat kasebut yaiku
a. sarana gladhen kalantipan pikir
b. kanggo sarana nyehatake awak
c. larang Ian angel anggone golek piranti
d. gawe rakete anggone kekan- can
10. Kang ora kudu digatekake nalika gawe karangan yaiku
a. nemtokake tema
b. milih irah-irahan
c. basane sing becik
d. nulis nganggo aksara Latin
11. Nalika nyritakake wacan obahing awak kudu digatekake. Upamane ora kena kaku Ian
salumrahe bae. Kang kaya mangkono diarani ...
a. wirama
b.wiraga
c. wirasa
d.wicara
12. Wong utawa tokoh kang ngalami kedadean diarani ...
a. paraga
b. tema
c. alur
d. amanat
13. Dina Minggu sore ing lapangan ana pasar tiban. Maneka warna wong dodol saka
panganan, klambi, tekan dolanan. Aku mangkat karo mbakyuku jam lima sore tekan
jam pitu bengi. Aku tuku celengan saka lemah kanggo nyelengi turahan sanguku.
Punggelan teks ing dhuwur klebu teks ....
a. deskripsi
c. persuasi
b. eksposisi
d. narasi
14. Jinise teks maneka warna, salah sijine wacan eksposisi. Dene kang diandharake yaiku
a. kahanan objek
c. panemu
b. proses
d. kedadean
15. Sipat pawarta kang tegese lagi bae utawa lagi kedaden, isih anget, isih rame dadi
rerasaning wong akeh diarani ....
a. faktual
b. aktual
c. lugas
d. objektif
16. Pawarta iku ngandharake babagan kedadean utawa kahanan kang dumadi ing
sawijining daerah. Upamane pawarta kang ngabarake anane lindhu ing daerah
Indonesia Ian ngandharake kahanan ing kana. Saka katrangan kasebut bisa klebu
jinis pawarta ...
a. dinan
b.lumrah
c. dadakan
d.cerita
17. Ing ngisor iki mujudake dolanan sing nganggo Olah pikir yaiku ….
a. dhakon
b. dhelikan
c. benthik
d. lompat tali
18. Teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadean kanthi saka wiwitan
nganti pungkasan diarani ...
a. deskripsi
b. narasi
c. cerkak
d. argumentasi
19. Ing ngisor iki irah-irahan kang bisa kanggo nulis wacan narasi yaiku
a. Endahe Taman Sekolahanku
b. Carane Gawe Tempe Dhele
c. Omah Joglo ing Daleme Pak- dhe
d. Preinan Sekolah Menyang Daleme Simbah
20. Ing ngisor iki kang ora klebu jinis paragrap miturut dununge ukara pokok yaiku .
a. paragrap deduktif
b. paragrap induktif
c. paragrap narasi
d. Baragrap campuran
21. Paragrap sajroning wacan bisa kaaran becik menawa ngandhut rong perangan. Salah
sijine yaiku koherensi sing tegese …
a. nyambung babagan wujude
b. kabeh ukara sajroning paragrap nyengkuyung gagasan utama
c. ora nyambung karo tema
d. ukara nyawiji cundhuk karo wewujudane
22. Gatekna pratelan ing ngisor iki!
(1) Dongeng
(2) Novel
(3) Crita pengalaman pribadi
(4) Cerkak
(5) Biografi
Sing klebu narasi ekspositoris, yaiku nomer .
a. (1) Ian (2)
b. (2) Ian (4)
c. (1) Ian (3)
d. (3) Ian (5)
23. Ing ngisor iki kang ora klebu te- tengere pawarta, yaiku . ..
a. adhedhasar kasunyatan
b. ora kena mehak sapa bae
c. kudu kapisah karo panemu
d. ora nyata kedadeane
24. Ing ngisör iki kang nuduhake pa-warta crita yaiku ....
a. kobongan alas
b. pawarta kuliner daerah
c. banjir
d. kacilakan ing pariwisata
25. Omahku sanadyan ora amba nanging asri. Ing ngarep ana wit pelem Ian ngisore
digawe cakruk cilik dening Bapak. Menawa awan mangsa ketiga bisa thenguk-
thenguk karo nglaras. Kanca-kancaku seneng dolanan ing cakruk. Teks ing dhuwur
klebu jinis teks
a. narasi
b. persuasi
c. deskripsi
d. eksposisi

B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi bener!


1. Dongeng, cerkak, Ian fabel klebu tuladhane narasi ....
2. Crita babagan kahanan alam sing diweruhi nalika piknik bisa dicawisake kanthi
wujud wacan ....
3. Katrampilan basa saliyane nulis yaiku ...
4. Wujud narasi sing mung menehi katrangan lugu utawa apa anane diarani narasi ...
5. Maca intensif luwih nengenake babagan ..... tinimbang .....
6. Ing teks deskripsi nggambarake sawijining objek kanthi ....
7. Nalika dolanan dhakon dibutuhake bocah cacah ....
8. Unsur pawarta sing ngandharake babagan apa kang ana ing pawarta yaiku ...
9. Jinising karangan ana limang perangan yaiku ....
10. Minangka pawongan kang bisa menehi katrangan babagan dumadine sawijining
kedadean diarani ....
C. Wangsulana pitakon-pltakon ing ngisor ikl kanthi patltls!
1. Dolanan tradhisional iku bisa kanggo sarana dolanan. Uga bisa dicawisake kanthi
wujud wacan. Kepriye menawa arep nyritakake babagan kasebut kanthi wacan
deskripsi?
2. Dolanan iki katindakake dening bocah wolu kang kapantha dadi rong kelompok,
papat-papat, Papan sing kanggo dolanan Iatar amba sing digarisi kothakan
ambasing cacahe enem kothak. Telu ing sisih tengen Ian telu ing sisih kiwa. Ing
tengah ana garis kanggo sodore. Dene sing jaga ing garis mburi kothak. Miturut
katrangan ing dhuwur, apa jinis dolanan sing dikarepake?
3. Kepriye jinise panutup pawarta?
4. Apa bae paugeran sing kakandhut ing alinea pambuka sajroning pawarta?
5. Sebutna paragrap miturut panggonane ukara pokok!

You might also like