Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Cerita Wayang

A. Pemahaman Cerita Wayang


Wayang menika ngadahi teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika
saking tembung Ayang-ayang minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang
menika cekakaan saking tembung “WAyahe sembahYANG” ingkang tegesipun wayanipun Sholat.
Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “WAHANANE HYANG” Tembung
Wahana tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung Hyang tegesipun Gusthi ingkang hakarya
jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios
Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun Rāmâyaṇa saking tembung
Rāma dalah Ayaṇa ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening Walmiki
(Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan Byasa atau
Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging
carios Ramayana saha Mahabharata menika rikala ing tlatah Jawa lajeng kagubah malih dening para
winasis, pramila menika wonten bedha-bedhanipun antawisipun carios Ramayana saha Mahabharata
ingkang saking India kaliyan ingkang wonten ing Jawa. Dene wayang piyambak miturut sumber ingkang
wonten, minangka kabudaya asli Jawa ingkang sampun wonten saderengipun carios Ramayana saha
Mahabharata mlebet ing Jawa. Geser gumantining jaman sabanjuripun sumbering carios wayang boten
namung saking Mahabahrata saha Ramayana, ananging ugi wonten babon carios wayang sanesipun
kadosdene carios Panji, carios seta, cariso saking Timur tengah lsp. Bedha-bedganing babon carios wayang
menika amargi ngrembakaning donya pagelaran wayang. Pramila menika jininsing wayang boten namung
wayang Walulang utawi golek nanging sansaya kathah. Tuladhanipun wonten wayang beber, wayang
kancil, wayang pothehi lsp. Dipuntingali saking bahan ingkang dipunagem kangge ndamel wayang,
wayang kaperang dados pinten-pinten jinis, antawisipun inggih menika Wayang Beber, Wayang Golek,
Wayang Suket, Wayang Gethuk, Wayang Klithik, Wayang Kulit.

A. JENIS-JENIS WAYANG
1. Wayang beber
Inggih menika wayang ingkang dipuntontonaken kanthi migunakaken mori ingkang dipunsungging banjur
dipunbeber, bilih sampun paripurna lejeng dipungulung malih. Wayang menika salah satunggalipun
nyariosaken lelakonipun Jaka Kembang Kuning kaliyan Dewi Sekartaji.

2. Wayang Purwa
a. Wayang Thengul
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kajeng (kawangun wong/boneka). Wayang Thengul
adatipun mendet lakon (crita) Wayang Menak (Amir Hamzah).
b. Wayang Purwa Gedhog (Wasana)
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kulit (lulang). Wayang Gedhog (Wasana) adatipun mendet
lakon (crita) Raden Panji Inu Kertapati lan Dewi Sekartaji.
c. Wayang kulit purwa
Ringgit ingkang dipundamel saking lulang (kulit kewan ternak kadosdene Lembu, mahesa utawi Mendha),
nyriosaken lakon Mahabharata saha Ramayana.
d. Wayang Golek Menak Yogyakarta
• Wayang Ménak inggih menika wayang ingkang cariosipun adhedhasar lakon ménak. Wayang ménak
adatipun ngangge wayang golèk (wayang golèk ménak), nanging ugi wonten ingkang ngangge wayang
kulit. Sapérangan tiyang uga mastani wayang tengul.
• Wayang golèk ménak inggih menika wayang ingkang dipunparingi sandhangan kadosdene wayang kulit
purwa, inggih mneika kanthi ngangge jamang, kuluk, sumping, saha sapanunggalanipun. Gandhèng
cariosipun mendet seking carios ménak ingkang aslinipun seking Persia, pramila paraga wayangipun
kadosdene tiyang Arab, inggih mneika nganggem jubah.
e. Wayang Krucil
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kulit (lulang) cilik-cilik (kawangun tangane wudhar siji,
tangan sijine malang kerik). Wayang Krucil adatipun mendet lakon (carios) Babad (kaya kethoprak)
f. Wayang Kulit Betawi/ Tambun
• Wayang Betawi utawa wayang Tambun inggih menika wayang kulit khas Betawi ingkang sumebar ing
tlatah Jakarta, Tangerang, Bogor saha Bekasi. Para ahli sejarah ngira bilih wontenipun wayang menika
kawiwitan nalika Sultan Agung nyerang Jakarta. Gamelan ingkang dipunginaaken kadosdene wayang kulit
Banyumas kadosdene gambang saha calung. Ing babagan tembang, sabetan, saha lakon wayang kulit
betawi kadosdene wayang golek Sundha. Lelagon khas Betawi ugi saged mlebet kanthi sae. Lumrahipun
ngginaaken basa Betawi ingkang égalitèr, caturan ing antawisipun para paraga wayang boten nganggo
tatakrama kadosdene basa Jawa. Urut-urutanipun jejer ugi saged dipunwolak-walik. Pagelaran saged
dipunwiwiti kanthi gara-gara. Ingkang dados ciri wancinipun inggih menika caturan ing antaranipun
dhalang kaliyan para pamirsa kadosdene ing lenong.
g. Wayang wong
wayang ingkang dipunparagaken kaliyan tiyang kanthi njoged sarta dipungameli. Wayang Wong adatipun
mendet lakon carios Ramayana saha Mahabharata.

3. Wayang Madya
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kulit (lulang). Wayang Madya adatipun kapendet saking
lakon utawi carios Mahabharata (mendet lakon Parikesit saha turun-turunanipun, kadosdene Yudayana,
Gendrayana, Sudarsana dumugi Jayabaya). Wayang Madya nate kondang nalika jaman Kraton Demak saha
Pajang.
4. Wayang Gedhog / Klitik
Inggih mneika wayang ingkang kadamel saking kejeng gepeng. Wayang Klithik adatipun mendet lakon
utawa carios Damarwulan.
5. Wayang menak
Inggih mneika Wayang ingkang kadamel saking kajeng (kawangun tiyang/boneka). Wayang Menak
adatipun mendet lakon utawa carios dakwah agama Islam (mendet lakon Wong Agung Jayengrana,
Umarmaya saha Umarmadi).
6. Wayang Modern
a. Wayang Wahana
Inggih menika wayang ingkang kadamel saking kulit utawi lulang saha kawangun tiyang. Wayang Wahana
adatipun mendet lakon utawa carios kahananipun gesang samenika.
b. Wayang Kancil
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kulit utawi lulang. Wayang Kancil adatipun mendet lakon
utawi carios kancil.
c. Wayang Wahyu
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kulit utawi lulang saha kawangun tiyang. Wayang Wahyu
adatipun mendet lakon utawi carios Pawartos Injil (Piwulang Agama Kristen lan Khatolik).
d. Wayang suluh (Pancasila)
Inggih manika wayang ingkang kagawe saka kulit atawi lulang saha kawangun tiyang. Wayang Suluh
adatipun mendet lakon caritoas gesang saha pagesangan tiyang ing sabendintenipun.
e. Wayang Dongeng
Wayang dongeng menika boten namung kangge lare alit, naging ugi para wiranem, saha tiyang sepuh.
Wayang dongèng ing mriki migunakakén paraga awujud kéwan. Paraga kéwan ing mriki dipunparingi
jeneng miturut jenising kéwan kasebat. Pagelaran Wayang Dongèng diiringi gendinging gamelan saha
lelagon dolanan lare. Pentas wayang dongèng boten wonten paugeran utawi pathokanipun kadosdene
pagelaran wayang kulit. ing wayang dongèng kathah ngrembag babagan lingkungan saha sosial. Wayang
dongeng, kejawi dadi tontonan ugi saged dados tuntunan.
f. Wayang potehi
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kajeng (kawangun tiyang/boneka nanging wujudipun alit-
alit). Wayang Potehi adatipun mendet lakon/ carios Babad Cina (Kraton Tar-Tar).
g. Wayang Jemblung
Inggih menika Wayang ingkang kadamel saking kajeng (kawangun tiyang/boneka). Wayang Jemblung
adatipun mendet lakon utawi carios Babad (kadosdene kethoprak). Wayang Jemblung sumebar wonten ing
tlatah Pesisir Ler Jawa (Blora, Cepu saha Bonjonegara).

Struktur Teks Cerita Wayang


1. Pambuka (Orientasi)
Pambuka dalam bahasa Indonesia adalah pembuka.
Bagian ini berfungsi untuk memperkenalkan karakter, suasana, dan pembukaan cerita yang mengarah ke
cerita selanjutnya.
2. Pasulayan (Komplikasi)
Pasulayan dalam bahasa Indonesia adalah konflik.
Pada bagian ini teks cerita wayang memuat perkembangan segala sesuatu yang menjadi masalah.
Selain itu, pada bagian ini juga dipaparkan hal-hal yang dihadapi tokoh cerita pewayangan.
3. Pangudhare (Resolusi)
Pangudhare dalam bahasa Indonesia adalah penyelesaian.
Pada bagian ini, semua masalah-masalah yang menjadi konflik terselesaikan.
4. Panutup, Dudutan (Coda)
Panutup atau dudutan dalam bahasa Indonesia adalah penutup atau kesimpulan.

You might also like