Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 5

JAKA TARUB

Duk nalika semana, ing sawijining desa ana sadengah wong Randha sing arane Mbok
Randha Tarub. Mbok Randha Tarub ora kagungan putra. Wiwit garwane seda, dheweke
rumangsa kasepen. Mulane dheweke mutusake mupu anak lanang kanggo ngancani. Sawise
dewasa, bocah lanang mau diwenehi aran Jaka Tarub.

Sawise gedhe Jaka Tarub dadi nom-noman sing seneng te- tulung. Saben dina gaweyane
ngrewangi Mbok Randha tetanen ing tegalan. Saka tetanen ing tegalan iku asile kena kanggo
panguripane wong sakloron. Mbok Randha asih banget marang Jaka Tarub lan nganggep kaya
anake dhewe.

Suwening suwe, Jaka Tarub wis dadi priya dewasa. Praupane nyengsemake, tindak
tanduke ya becik. Akeh wong wadon sing padha ngarep-arep supaya bisa dadi bojone. Nanging,
Jaka Tarub durung kepengin omah-omah, dheweke isih kepengin nyeneng- nyenengake Mbok
Randha sing wis ngopeni wiwit blyen tekane saiki. Jaka Tarub saya mempeng anggone nyambut
gawe, saengga asil sawah tegalane saya akeh. Mbok Randha duwe kekarepan aweh pambiyantu
yen ana tangga teparo sing padha mbutuhake.

Ing sawijining dina, Mbok Randha ngendika marang Jaka Tarub, "Jaka Tarub anakku,
Simbok ngerti manawa sejatine kowe wis wangun omah-omah lan uga akeh para wanita nom-
noman sing kepengin dadi sisihanmu. Simbok uga wis kepengin selak bisa momong putu."

"Tarub dereng pengin, Mbok," wangsulane Jaka Tarub.

"Nanging simbok wis tuwa, nek samangsa-mangsa simbok mati, sapa sing arep ngurus
awakmu?" pitakone Mbok Randha maneh.

"Inggih sampun ta, Mbok, sakpunika sami dipunlampahi ke- mawon, menawi umur
sampun wonten ingkang ngatur. Ingkang baken kita piyambak terus ndedonga supados
dipunparingi gesang ingkang panjang," ujare Jaka Tarub.

Ing dina candhake, nalika tangi turu, Jaka Tarub rumangsa gumun, geneya Mbok Randha
ora tinemu ing pawon. Kamangka, biyasane sadurunge plethek srengenge, Mbok Randha wis
ubet ing pawon. Jaka Tarub metu saka omah tumuju menyang kebon buri, nanging uga ora
nemokake Mbok Randha.

"Mbok! Mbok!" pangundange Jaka Tarub kanthi rasa dheg- dhegan.

"Neng pawon ora ana, neng kebon buri ora ana, kira-kira neng ngendi ya? Apa, aja-aja
isih neng jero kamar?" pangirane Jaka Tarub.

Dheweke banjur nyoba bali neng omah lan mlebu kamare Mbok Randha.
"Oalah, Mbok, wonten mriki ta, tiwas kula padosi dumugi pundi-pundi," ujare Jaka
Tarub.

"Iya, anakku. Simbok wiwit mau ana kamar kene. Simbok jaluk ngapura ya awit ora bisa
nyepakake lawuh. Simbok ora kuwat tangi," pangandikane Mbok Randha kanthi awak lemes.

"Boten punapa-punapa Mbok, mangke Tarub badhe nyawis- aken piyambak," jawabe
Jaka Tarub sinambi ndemek bathuke Mbok Randha.

Jaka Tarub kaget banget sawise mangerteni kahanane Mbok Randha. "Badanipun Simbok
benter sanget, dipuntengga sekedhap nggih Mbok. Tarub badhe mendhet ron dhadhap serep
wonten ing kebon wingking kangge ngleremaken bentere Simbok," ujare Jaka Tarub.

"Iya Tarub, kana gek ndang njupuka, Simbok wis ora betah," pangarep-arepe Mbok
Randha.

Kanyatan Allah SWT wis nimbali Mbok Randha luwih dhisik. Satekane ing omah Jaka
tarub nemoni Mbok Randha wis kapundhut dening Kang Kuasa.

"Oalah Mbok! Mbok! Kenging punapa kok boten nengga kula? Sakpunika kula kantun
piyambakan, sampun boten gadhah sinten-sinten malih wonten ing donya punika," mangkono
panggrantese Jaka Tarub karo tansah nangis.

Sawise ditinggal Mbok Randha, Jaka Tarub dadi aras-arasen nyambut gawe. Dheweke
wis ora gelem maneh makarya nggarap sawah tegale. Miturut pamikire wis ora ana gunane mane
dheweke kangelan nyambut gawe amarga rumangsa ora ana sing diopeni kajaba awakke dhewe.

Saiki Jaka Tarub nduweni kasenengan anyar, yaiku bebedhag kewan neng alas. Nuju
sawijining dina Jaka Tarub mangkat bebedhag. Dheweke kepingin bebedhag kidang amarga
bengine dheweke ngimpi mangan daging kidang, mulane dina iki dhewe kepengen banget
muindako impene mau Jaka Taruh banjur lunga bedhag neng tlatah Gunung Keramat. Ing
Gunung Keramat ana sawenehing tlaga. Tlaga kuwi sok dienggo adus dening widodari.
Widodari-widodari iku asale saka kayangan lan mudhun neng bumi kanthi migunakake
slendhang. Sawise rampung adus para widadari padha bali maneh menyang kayangan nganggo
slen- dhang iku uga.

Nalika lagi ngaso ing sangisoring wit-witan, sacedhaking tlaga, Jaka Tarub krungu
remeng-remeng swara geguyonan para widodari. Jaka Tarub deleng saka samburine
gegrumbulan lan kapincut karo kaendhahan rupane para widodari iku. Kadereng dening rasa
kapincute, Jaka Tarub jupuk slendhange salah siji- ning widodari.

"Nimas, ayo padha cepet-cepet dinggo slendhange amarga wis sore, lan awakke dhewe
kabeh kudu ndang padha bali me- nyang kayangan," mangkono kandhane widodari sing paling
tuwa marang salah sijining widodari. Widodari kang cacahe enem mau banjur padha nganggo
slendhange dhewe-dhewe, lan wis siaga bali menyang kayangan. Nanging, ana salah sijining
widodari sing ora nganggo slendhange.

"Nimas, ana ngendi slendhangmu? Ayo gek ndang cepet-cepet dienggo, awakke dhewe
kudu enggal bali menyang kayangan," ujare widodari sing paling tuwa.

"Nyuwun pangapunten, Kakang Mbok, slendhangku ora ana," ujare widodari mau.

Widodari liyane padha ibut ngrewangi nggoleki slendhange sing ilang, amarga yen ora
nganggo slendhang kuwi widodari mau ora bisa melu mabur ball menyang kayangan. Nanging,
pungkasane padha pasrah amarga wis digoleki tekan ngendi endi tetep ora ketemu.

Widodari sing paling tuwa banjur kandha, "Nimas Nawangwulan, aku ora bisa nunggoni
kowe suwe suwe ya, iki wis peteng lan aku kabeh kudu ndang cepet bali menyang kayangan.
Mbok menawa pancen wis nasibmu kudu keri ana ing kene. Kuwatna atimu ya."

Sawise kuwi widodari-widodari iku terus padha mabur tumuju kayangan.

Sapungkure widodari-widodari sing cacahe enem mau, Dewi Nawangwulan rumangsa


kaweden, amarga saya suwe saya peteng, lan wis ora ana sapa-sapa ing sacedhaking tlaga mau.
Dheweke nangis sesenggukan ngrasakake nasibe.

Gandheng wis ora ana sapa-sapa maneh, Jaka Tarub wani metu saka pandhelikane, yaiku
saka sawalike gegrumbulan. Ndeleng dedeg-piadege Jaka Tarub, Dewi Nawangwulan banjur
kaweden.

"Panjenengan sinten?" ujare Nawangwulan kanti swara ndredheg.

Ora usah wedi, jenengku Jaka Tarub, omahku ora adoh saka tlaga kene. Aku ana alas iki
bebedhag kidang. Sapa jenengmu? Kena apa kok ana ing papan kene?" pitakone Jaka Tarub.

"Jenengku Dewi Nawangwulan. Mau aku adus neng tlaga iki, nanging slendhangku ilang,
wusana aku banjur ora bisa bali menyang kayangan," ujare Dewi Nawangwulan.

"O, ngono ta. Ayo padha digoleki bareng-bareng slendhang- mu," ujare Jaka Tarub karo
ethok-ethok melu bingung lan banjur nggoleki slendhange Nawangwulan.

Jaka Tarub banjur mratelakake, menawa slendhange Na- wangwulan ora bisa
ditemokake, mbok menawa kabur kagawa angin embuh tekan endi.

Krungu katrangane Jaka Tarub mau, Nawangwulan banjur nangis lan ujar, "Sangsara
tenan nasibku, apa aku pancen kudu mapan ing bumi? Banjur aku kudu mapan ana ngendi? Aku
ora ngerteni papan sakiwa tengen kene," grantese Nawangwulan.

"Omahku ora adoh saka tlaga kene, sanajan elek, nanging isih kena kanggo ngeyup saka
panase srengenge lan tetesing udan," pangajake Jaka Tarub.
Gandheng wis ora ana pilihan maneh, Nawangwulan banjur gelem dijak mara ana ing
omahe Jaka Tarub. Sawise sauntara wektu manggon ing omahe Jaka tarub, gancaring carita, Jaka
Tarub lan Nawangwulan banjur padha omah-omah lan kaparingan putra ayu, kang diparingi
tetenger Dewi Nawangsih.

Salawase omah-omah, Dewi Nawangsulan tansah nganggo kasektene. Ing atase sak las
beras dimasak bisa dadi sega sak wakul.

Ing sawijining dina, Nawangwulan meling marang Jaka Tarub, "Kakang, kula nembe
adang sekul, nyuwung tulung nggih geninipun ampun ngantos pejah. Kula badhe dhateng tegalan
pados janganan. Lan panjenengan ampun ngantos mbikak tutup kukusan punika!"

Sapungkure Nawangwulan, Jaka Tarub kepengin mangerteni geneya garwane meling


kaya mangkono. Dheweke banjur nerak piwelinge bojone kanthi bukak tutup kukusan. Bareng
dibukak. sajroning kukusan mung ana sak las beras.

"Mulane beras ning lumbung ora tau entek, jebul bojoku kuwi bisa dadekake sak las
beras dadi sak wakul sega," batine Jaka Tarub.

Sakbaline saka tegalan, Nawangwulan gage-gage mbukak tutup kukusan. Nanging


dheweke kaget, amarga beras sing mung sak las mau isih wutuh ing jero kukusan.

Deweke ngerti yen bojone wis mbukak tutup kukusan, mulane kasektene ya banjur ilang.
Wiwit saka kadadeyan iku mau, saiki manawa adang sega ya padha karo wong umum, mulane
beras ing lumbung ya cepet entek.

Bareng berase wis entek, Nawangwulan lunga menyang lumbung arep jupuk beras,
nanging dheweke kaget banget, nalika weruh slendhange sing biyen dienggo mabur menyang
kayangan. Nawangwulan banjur nesu-nesu, bareng ngonangi dene bojone dhewe sing wis ana
nyolong slendhange.

"Kakang, kula kedah wangsul dhateng kayangan! Kula titip Nawangsih. Kula nyuwun
dipun damelaken gubug wonten ing tengah sabin lan mangke Nawangsih dipuntilar kemawon
wonten ing gubug wau. Kula badhe dhateng saben dalu kangge nyusoni, lan menawi sampun
rampung mangke lajeng kabekta wangsul malih dhateng griya. Nanging piweling kula, kakang
sampun ngantos nyaketi kula malih," ujare Nawangwulan.

Nawangwulan banjur duweni krenteg kudu bali menyang kayangan, lan bakal teka neng
bumi mung saperlu nyusoni Nawangsih. Jaka Tarub isih jaluk supaya Nawangwulan ora prelu
bali menyang kayangan. Nanging, Nawangwulan wis ora gelem dipenggak maneh.

Sapungkuring bojone, Jaka Tarub banjur malah dadi panutane wong desa kana kanthi
sebutan Ki Ageng Tarub. Desane mau banjur diwenehi tetenger Desa Tarub, mlebu tlatah
Kecamatan Pangkah, Kabupaten Tegal.
LEGENDA CANDI PRAMBANAN

Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe banget sing jenenge Prambanan. Rakyate prambanan
iku uripe iso ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka.

Nanging ana waktu kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka
lan kabeh pasukane mati amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan kabeh pasukane mati
amergo kena karo senjatane Bandung Bondowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng
amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.

Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu
banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso
nglamar Roro Jonggrang.

"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.

Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi


permaisurimu, tapi ana syarate."

"Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.

"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.

Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise
ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake
karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro
Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang
langsung ngumpulno dayang-dayange.

Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno
bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung
mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1.

Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke.
Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.

You might also like