Download as pdf or txt
Download as pdf or txt
You are on page 1of 5

UKURAN BENERE NGAMAL

: Oleh

Abu Hashif Muhammad Slamet

َ ِّ ‫ت رسلُ َربَِّنَُا بَ ْال َح‬


ُ‫ق‬ ُْ ‫َللا لَقَدُْ َجا َء‬
ُّ ‫ن َهدَانَا‬ ُْ َ ‫ل أ‬ َُ ‫لِل الّذَي َهدَانَُا َل َهذَا َو َما كنّا َلنَ ْهتَد‬
ُ َ ‫َي لَ ْو‬ َُّ َ ُ‫ا ْل َح ْمد‬
َُ ‫ورثْتمو َهُا َب َمُا ك ْنت ُْم ت َ ْع َمل‬
‫ون‬ َ ‫ن َت ْلكمُ ْال َجنّةُ أ‬
ُْ َ ‫َونودوا أ‬

.ُ‫عبْدُه َو َرس ْوله‬ ُّ َ ‫للا َوحْ دَُه لَُ ش ََريْكَُ لَهُ َوأ َ ْش َهدُ أ‬
َ ُ‫ن م َح ّمدا‬ ُْ َ ‫أ َ ْش َهدُ أ‬
ُ ّ‫ن لَُ َإلَ َُه َإل‬

ُ ‫ان َإلَى يَ ْو َُم الدِّ ْي‬


ُ‫ن‬ ُ ‫س‬ ْ َ ‫ى آ َل َُه َوأ‬
ُْ ‫ص َحا َب َُه َو َم‬
َ ْ‫ن ت َ َب َعه ُْم َبإَح‬ ُ ‫عل‬ َ ‫س َلِّ ُْم‬
َ ‫على م َح ِّم ُد َو‬ َ ‫اَللّه ُِّم‬
َُِّ ‫ص‬
َ ‫ل َو‬

ُّ َ‫احدَُة َو َخلَقَُ َم ْن َها زَ ْو َج َها َوب‬


ُ‫ث َم ْنه َما َر َجال‬ َ ‫س َو‬ ُ ‫ن نَ ْف‬ ُْ ‫اس اتّقوا َربّكمُ الّذَي َخلَقَك ُْم َم‬ ُ ّ‫يَا أَيُّ َهُا الن‬
ُ ‫علَيْك ُْم َرقَيبُا‬ َُّ ‫ن‬
َ َُ‫َللا كَان‬ َُ ‫ون َب َُه َو ْاْل َ ْر َح‬
ُّ ‫ام َإ‬ َُ ‫سا َءل‬ َ َ ‫َللا الّذَي ت‬
َُّ ‫ساءُ َواتّقوا‬
َ َ‫َكثَيرا َون‬

‫ َوأ َ َرنَُا‬،‫عه‬
َ ‫ارز ْقنَا اتَِّبَا‬ ُّ ‫ َوأ َ َرنَا ال َح‬،‫ َو َزدْنَا َع ْلما‬،‫علّ ْمتَنَا‬
ْ ‫ق َحقِّاُ َو‬ َ ‫ َوا ْنفَعَنَا بَ َمُا‬،‫ع َلِّ ْمنَا َما يَ ْنفَعنَا‬
َ ‫اللِّه ُّم‬
ُ ‫ارز ْقنَا اجْ َتنَا َب ُه‬
ْ ‫اطلُ َو‬ َ ‫ل َب‬ َُ ‫اط‬
َ ‫ال َب‬
Amma ba’du …

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh.

Mangga kita sami budidaya ningkataken iman lan taqwa dhateng Allah, inggih
punika kanthi nindakaken dhawuh dhawuhipun Allah lan nebihi saha nilar
sedaya awisanipun Allah. Antawis dhawuh kalian awisan Allah punika, satemah
sampun nyata jelas kasebat ing dalem Alquran lan hadits nabi Muhammad SAW.

Sedaya dhawuh menawi dipun tindakaken badhe nuwuhaken raos tentremipun


jiwa, semanten ugi sedaya awisanipun Allah menawi dipun tindakaken tentu
badhe bekto dhateng sengsaraning gesang, melai saking dunya dumugi ing
akherat samangke. Sak lajengipun,
Monggo kita sedoyo tansah ningkataken ketaqwaan utawi raos ajreh dateng
Allah SWT, ajrih dateng bendunipun Allah, ajrih dateng siksonipun Allah lan
ajrih menawi amal ibadah kito mboten dipun tampi dening Allah SWT, sehinggo
kito kagolong tiang engkang rugi.

Ma'asyirol muslimin wal muslimat rahimakumullah


Saben perkawis amaliyah utawi amalan ingkang kita anggep sae mboten mesti
dados sae mungguhipun Allah ta'ala, semanten ugi amalan ingkang kita anggep
bener amargi sampun dangu dipun lampahi, lan sampun terbiasa kaliyan
amalan niku wau, dereng mesti bener mungguhipun Allah ta'ala. Ananging
mboten maknonipun, lajeng kita gadahi pemikiran ; yo pancen benere amalan
apike amalan iku namung gusti Allah kang pirso, awak dewe seng penting
ngamal mboh bener mboh salah iku urusane gusti Allah, pemikiran ingkang
kados mekaten, niku estu-estu keliru. Amargi gusti Allah sampun paring
pitedah dateng kita sedaya babakan amal ingkang sae lan amal ingkang bener.
Kados pundi amalan ingkang sae lan bener, kados pundi amalan ingkang bade
dipun tampi dening Allah ta'ala, sedoyo puniko, Allah ta'ala sampun nerangake
wonten Alqur’an, ugi Kenjeng Nabi Muhammad ُُ‫ ﷺ‬sampun nerangake wonten
ing hadits2ipun. Pramilo kedahipun, kita sedaya ingkang kedah ngangsu
kaweruh supados saget mangertosi sedoyo perkawis meniko. Ukuran benere
amalan mboten ngangge perasaan lan penyonone akal, ukuran benere amalan
mboten ngangge jumlah katahe tiyang ingakang ngamalake, lan mboten
amargi sampun dados kebiasaan. ananging kedah dipun ukur lan ditimbang
kelawan dawuh2ipun Allah ta'ala, dipun timbang kaliyan hadits2ipun Nabi
Muhammad ُُُ‫ ﷺ‬ananging Al qur'an lan haditsipun kanjeng Nabi meniko kedah
dipun pahami kanti sae, mboten dipun tafsiri miturut nafsunipun piyambak,
ananging kedah dipun pahami kanti jalaran keteranganipun poro ulama
robbani, ulama ingkang lurus, kados poro ulama madzhab sekawan lan
penderekipun.

Ma'syirol muslimin wal muslimat rahimakumullah ajmain..


Ing akhirat sakmangke wonten golongan ingkang ngraos deweke sampun
ngamal wonten donyo puniko kelawan amalan ingkang sae lan bener, ananging
kasunyatan ingkang bakal kelampah, amalanipun niku wau mboten dipun
tampi dening Allah ta'ala lan deweke tergolong tiyang kang rugi. Kados
ingkang sampun dipun dawuhaken gusti Allah ta’ala wonten ing surat Al Kahfi
103 - 104
ُ َْ‫ل َسعيُ ُهمْ فِّىْ ٱل َحيَ َٰوةِّْ ٱلدُّنيَا َوهُمْ يَح َسبُونَْ أَنَّ ُهمْ يُحسِّ نُون‬
‫صنعًا‬ َ َْ‫ ٱلَّذِّين‬. ‫ل‬
َّْ ‫ض‬ ْ ً ‫قُلْ هَلْ نُنَبِّئُكُم بِّٱْلَخ َس ِّرينَْ أَع َٰ َم‬
Dawuhono Muhammad, Opo perlu ingsun ngabarake marang siro kabeh
kahanane wong-wong kang paling rugi ing ngamale?

Yaiku wong-wong kang wis muspro ngamale ing panguripane ono donyo iki,
ananging deweke kabeh duweni penyono yen wes ngamal kelawan sak apik-
apike amalan.

Golongan meniko ing dalem ngukur benere amalan ibadahipun nggange


penyono, ngangge perasaan, ngangge kiro2, mboten ngangge ilmu sahinggo
akhiripun dados tiyang ingkang ketipu lan rugi sanget.
Dodos, kaidah utawi rumus ingkang kedah kita sedoyo cepeng inggih puniko :
amalan kang kita anggep sae lan bener mungguhi penyono awak dewe, amargi
wes dadi kebiasaan tor pancen ketingal sae, dereng mesti bener lan sae
mungguhipun Allah ta’ala, kajawi saget dipun buktiaken kelawan dawuh2ipun
Allah ta’ala lan sabdanipun kanjeng nabi ُُ ُ‫ﷺ‬lan dipun perkuat kelawan
dawuh2ipun ulama' salafus shalih.
Pramilo ingkang dados kewajiban kito sedoyo mboten enten maleh kejawi,
ngangsu kaweruh agami kanti estu lan temen supados pirso kanti mantep lan
yakin perkawis ngelmu sak derengipun ngamal. Ngangsu kaweruh agami utawi
ngaos puniko mboten kangge tujuan pados hiburan lan kesenengan, mboten
kangge pados lelucon lan lawakan, mboten kangge kesempatan jalan2 medal
saking griyo, ugi mboten supados kajat donyone kabul keturutan, sedoyo
puniko niat lan tujuan kang keleru, mboten kados ngoten niku tujuanipun
ngaos, ananging tujuanipun ngaos estu-estu kangge pados ngelmu kang
manfaat, kangge ngicalake kebodohanipun awak dewe, supados pirso perkawis
kang bener lan perkawis kang bathil, ugi seget mbedaaken perkawis kang hak
lan bathil niku wau kanti cetho welo2. Rugi banget menawi babakan ngaos
mawon taseh gadah penggalih kangge hiburan pados lawakan lan
sapanunggalane. Banjur kapan? ngaos ingkang bener2 ngaos cocog kaliyan
kersanipun Allah lan Rasululipun ُُ.‫ ﷺ‬Kebutuhan kita sedoyo dateng ngelmu
agami ngungkuli marang kebutuhan kita dateng daharan lan unjukkan. Tujuan
urip wonten donyo puniko kangge ibadah, lajeng ibadah ingkang dipun
perintahaken Allah ta’ala sampun dipun tetepaken, awak dewe mboten saget
ibadah kanti leres kejawi kedah gadahi ilmunipun rumiyen.

Ma'asyirol muslimin wal muslimat rahimakumullah ajma'in


Wangsul maleh wonten kaidah kolo wau, supados langkung gamblang, kawulo
paringi conto. Maos surat al fatihah, puniko minongko amalan ingkang sae,
amargi surat al fatihah seperangan saking surat wonten al qur’an lan malah
dados indukipun Al qur’an. Tentu ganjarane katah sanget menawi dipun waos.
Sholate awake dewe mboten sah menawi ninggalake maos surat al fatihah,
amargi al fatihah bagian saking rukun sholat. Ananging surat al fatihah niku
wau, kedah dipun waos wonten panggenan lan wekdal ingkang tepat. Kados
wekdal sholat surat al fatihah meniko dipun waos nalikone ngadeg sak bakdane
maos dongo iftitah. Menawi surat al fatihah niku wau kok di waos wekdal
rukuk, utawi wekdal sujud, senajan surat al fatihah niku sae lan mesti bener,
malah dadosaken sholate mboten sah. Semonougi maos sholawat saklebetipun
sholat kedah dipun waos nalikane tahiyyat utawi tasyahud. Menawi dipun waos
nalikane ngadek utawi rukuk, malah dadosaken risakipun sholat amargi
anggene maos mboten tepat wekdalipun. Padahal maos sholawat meniko
amalan ingkang sae banget, gede banget ganjaranipun. Ananging menawi
tatacarane anggenipun maos keleru malah saget ngrusak amalan kados sholat
niku wau, lan dipun tolak dening Allah ta’ala. Meniko minongko contoh wonten
saklebetipun sholat. Kaidah puniko saget dipun terapaken wonten ing amalan2
sanesipun, sakjawinipun sholat. Misalipun ziyarah kubur. Ziyarah kubur meniko
amalan ingkang sae, amalan sunnah ingkang sanget dipun anjurake. Ananging
menawi tatacaranipun ziyaroh kubur mboten nyocoki kaliyan petedah saking
kanjeng Nabi shalallahu alaihi wassalam, mongko amalan ingkang asale sunnah
niku wau malah saget dados kedzaliman ingkang gede inggih puniko
terjerumus, kejegur wonten ing jurang kesyirikan. Kados dawuhipun luqman
marang larenipin nalikane paring nasihat ingkang dipun sebat wonten al qur’an
ُ‫انُالشركُلظلمُعظيم‬
Saktemene kesyirikan iku bener2 kedzaliman kang gede.

Kesimpulanipun, amalan ingkang dipun anggep sae dereng mesti sae


mungguhipun Allah. Ugi amalan ingkang secara asal bener, saget dados
amalan ingkang bahayaake, menawi salah ing dalem nerapake.

Pramilo balik maleh, ingkang kedah awak dewe sedaya betahaken inggih
puniko ilmu agami ingkang hak, ingkang cocok kaliyan kersanipun lan
pitedahipun Allah ta’ala. Sahinggo awak dewe sedaya saget ibadah kanti
tenang lan yakin. Akhiripun mugi kita sedaya tansah pinaringan pitulungan
saking ngarsanipun Allah ta’ala saget ngibadah kanti leres lan estu, sedaya
amalan kita dipun tampi dening Allah ta’ala, dodosaken kita sedaya selamet
wiwit wonten donyo dumugi akhirat sakmangke... Aamiin Allahumma Aamiin

ُ‫ي َومِ ْن ُك ْم تِالَ َوتَه‬ ِِّ ‫ت َوال ِ ِّذ ْك ِر اْل َح ِكي ِْم – َوتَقَبَّ َل مِ ن‬
ِ َ ‫آن اْل َعظِ ي ِْم – َونَفَ َعني ِ َو ِإيا َّ ُك ْم ِب َما فِ ْي ِه مِنَ اْآليا‬ِ ‫هللا لي ِ َولَ ُك ْم في ِ ْالقُ ْر‬
ُ َ‫با َ َرك‬
ْ ْ ْ
َ‫سائ ِِر ال ُم ْسلِمِ يْنَ َوال ُم ْس ِل َمات َوال ُمؤْ مِ نِيْن‬ ْ
َ ‫هللا ال َعظِ يْم لي ِ َولَ ُك ْم َو ِل‬ ُ َ ْ
َ ‫إِنَّهُ ه َُو السَّمِ ْي ُع ال َع ِليْم – أق ْو ُل قَ ْولي ِ َهذَا َوا ْستَ ْغفُ ُر‬
َّ ‫َواْل ُمؤْ مِ نَات فَا ْستَ ْغف ُِر ْوهُ إِنَّهُ ه َُو اْل َغفُ ْو ُر‬
.‫الرحِ ي ِْم‬

KHUTBAH KEDUA

ُ‫ُوأَ ْش َهدُأَ ّن‬، َ ‫ُوأَ ْش َهدُأَ ْن َُلُ َإ َلهَُ َإ ّلُللا‬،ُ


َ ‫ُوحْ دَه َُلُش ََريْكَُُ َله‬ َ ‫ِّيُوأَ ْشكره‬
َ ‫الحمدُهللُوأحمدُر َب‬
َ
ُ‫ُو َرس ْوله‬
َ ‫عبْده‬
َ ُ‫نَ َبيّنَاُم َح ّمدا‬
َُ ‫سانُ َإ َلىُيَ ْو َمُال َدِّي‬
ُ ‫ْن‬ َ ‫ع َلىُآ َل َه‬
َ ْ‫ُو َم ْنُتَ َب َعه ْمُ َبإَح‬ َ ‫ع َلىُنَ َب َِّينَاُم َح ّمد‬
َ ‫ُو‬ َ ُِّ‫ص َل‬ ّ
َ ُ‫الله ّم‬
ُ‫لى‬
َ ‫ع‬ َ ‫ُو َحافَظ ْوا‬. َ ‫ط ْن‬ َ َ‫ظ َه َر َو َماب‬َ ‫شُ َما‬ َ ‫اح‬ ُْ ‫ُوذَر‬.
َ ‫والف ََو‬ َ ‫الى‬ َ ‫ُفَيَااَُيُّ َهاالنّاسُ!!ُ َاتّقوللاَُتَ َع‬:ُ‫اَ ّماُبَ ْعد‬
ُ‫ُوثَنُّى‬.َ ‫ُوا ْع َلم ْوااَ ّنُللاَُاَ َم َرك ْمُ َبأ َ ْمرُبَدَأَُفَ ْي َهُ َبنَ ْف َس َه‬.
َ ‫ع َة‬ َ ‫ُو ْال َج َما‬َ ‫ُالج ْم َع َة‬ْ ‫ُوحض ْو َر‬ َ ‫ع َة‬ ّ
َ ‫الطا‬
َُ‫ىُيَا‬ْ ‫لىُالنّ َب‬
َ ‫ع‬ َ ُ َ‫ص ُّل ْون‬ َ ‫ُو َملَئَ َكتَهُي‬ َ ‫للا‬
َ ُ‫َن‬ َ ‫ُو َل ْمُيَزَ ْلُقَائَل‬
ُّ ‫ُا‬:‫ع َليْما‬ َ ‫ُفَقَالَُتَ َع‬.‫َب َملَئَ َك َةُقدْ َس َه‬
َ ‫الى‬
ُ ‫س َِّلم ْواُتَ ْس َليْما‬
َ ‫ُو‬ َ ‫ص ُّل ْوا‬
َ ‫ع َل ْي َه‬ ّ ‫يُّ َه‬
َ ‫اال َذيْنَ ُآ َمن ْوا‬
ُ،‫ع َلىُآ َلُ َإب َْرا َهي َْم‬َ ‫ُو‬ َ ُ َ‫ص ّليْت‬
َ ‫ع َلىُ َإب َْرا َهي َْم‬ َ ُ‫ع َلىُآ َلُم َح ّمدُ َك َما‬ َ ‫ُو‬ َ ‫ع َلىُم َح ّمد‬ َ ُِّ‫ص َل‬َ ُ‫اَ ّلله ّم‬
ُ‫ع َلى‬
َ ‫ُو‬ َ ‫ع َلىُ َإب َْرا َهي َْم‬
َ ُ َ‫ار ْكت‬ َ َ‫ع َلىُآ َلُم َح ّمدُ َك َماُب‬ َ ‫ع َلىُم َح ّمد‬
َ ‫ُو‬ َ ُ‫ار ْك‬ َ َ‫ُوب‬.ٌَ ‫َإنّكَ ُ َح َُم ْيدٌُ َم َج ْيد‬
ُ ٌ‫ُ َإنّكَ ُ َح َم ْيدٌُ َم َج ْي ُد‬،‫آ َلُ َإب َْرا َهي َْم‬
‫ُوُاْل َ ْم َواتَُ َإنّكَ ُ‬
‫ُم ْنه ْم َ‬ ‫ُوالمؤْ َمنَاتَُاْلَحْ يَ َ‬
‫اء َ‬ ‫َُوالمؤْ َمنَيْنَ َ‬
‫ُوالم ْس َل َمات َ‬‫الله ّمُا ْغ َف ْرُ َل ْلم ْس َل َميْنَ َ‬
‫س َم ْي ٌعُقَ َريْبٌ ُم َجيْبُالدّع َْوُةَ ُ‬ ‫َ‬
‫َاُمنَ ُّ‬
‫ُالظل َماتَُ َإ َلىُ‬ ‫َا‪ُ،‬وا ْه َدنَاُسبلَُالس َّل َم َ‬
‫‪ُ،‬ون َ َِّجن َ‬ ‫صلَحْ ُذَاتَ ُبَ ْينَن َ‬ ‫َا‪ُ،‬وأَ ْ‬
‫فُبَيْنَ ُقلوبَن َ‬ ‫الله ّمُأَ َِّل ْ‬
‫ّ‬
‫ارنَا‪ُ،‬‬ ‫َا‪ُ،‬وأَ ْب َ‬
‫ص َ‬ ‫ار ْكُ َلنَاُفَيُأَ ْس َما َعن َ‬ ‫‪ُ،‬وبَ َ‬
‫طنَُ َ‬ ‫اُو َماُبَ َ‬‫ُم ْن َه َ‬ ‫شُ َماُ َ‬
‫ظ َه َر َ‬ ‫اح َ‬ ‫‪ُ،‬و َجنَِّ ْبن ْ‬
‫َاُالف ََو َ‬ ‫ور َ‬ ‫النُّ َ‬
‫‪ُ،‬واجْ عَ ْلنَاُشَا َك َرينَ ُ‬
‫ُالر َحيم َ‬‫ع َل ْينَاُ َإنّكَ ُأَ ْنتَ ُالتّ ّواب ّ‬ ‫َا‪ُ،‬وتبْ ُ َ‬
‫َا‪ُ،‬وذ َ ِّريّاتَن َ‬
‫اجن َ‬ ‫َا‪ُ،‬وأَ ْز َو َ‬
‫َوقلوبَن َ‬
‫ا‪ُ،‬وأَتَ َم ْم َهاُ َ‬
‫ع َل ْينَُا ُ‬ ‫َلنَعَمَكَ ُمثْنَينَ ُبَ َهاُ َ‬
‫ع َليْكَ ‪ُ،‬قَابَلَينَ ُ َل َه َ‬
‫ُواجْ عَ ْلنَاُ َل ْلمتّقَينَ ُ َإ َماما ُ‬
‫َاُوذ َ ِّريّاتَنَاُق ّرةَُأَعْين َ‬
‫اجن َ‬‫َاُم ْنُأَ ْز َو َ‬
‫َربّنَاُهَبْ ُ َلن َ‬

‫الله ّمُإنّاُنَسْأَلكَ ُالهدَىُ‪ُ،‬والتُّقَىُ‪ُ،‬والعَف َ‬


‫َافُ‪ُ،‬وال َغنَى ُ‬ ‫ّ‬

‫ارُ ُ‬ ‫عذ َ َ‬
‫ابُالنّ َ‬ ‫ُوقَنَاُ َ‬
‫سنَة َ‬ ‫ُوفَ ْ‬
‫يُاْل َخ َرةَُ َح َ‬ ‫َربّنَاُآتَنَاُفَيُالدُّ ْنيَاُ َح َ‬
‫سنَة َ‬
‫سانُ َإ َلىُيَ ْو َمُالدِّ ْي ُ‬
‫نُ‬ ‫صحْ بَ َهُوَُ َم ْنُتَبَعَه ْمُبَإَحْ َ‬ ‫ع َلىُآ َل َه َ‬
‫ُو َ‬ ‫ُو َ‬ ‫ص ّلىُللاُ َ‬
‫ع َلىُنَبَيَِّنَاُم َح ّمد َ‬ ‫َو َ‬
‫ب ْ‬
‫ُالعَا َل َميْنَُ ُ‬ ‫ُهللُر ِّ َ‬ ‫آخرُدَع َْوانَاُأَ َن ْ‬
‫ُال َح ْمد َ‬ ‫َو َ‬

You might also like