Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 3

Sumatif Tengah Semester Ganjil

SMA YPI DARUSSALAM CERME


TAHUN PELAJARAN 2023 – 2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : X (Sepluh)

Hari / Tanggal : Rabu, 04 Oktober 2023 Waktu : 60 Menit

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

1. Apa bedane artikel karo teks berita, jlentrehake!


2. Jinise artile ana 5, coba sebutke 3 wae lan jlentrehake kanthi singkat!
3. Ukara lamba yaiku ukara tunggal kang kasusun saka jejer (J) lan wasesa (w), dene ukara camboran yaiku
ukara kang gagasane luwih saka siji yaiku ana jejer (J), Wasesa (W), Lesan (L), utawa katragan (K) kang
luwih saka siji.
Ukara ing ngisor iki kalebu ukara apa banjur wenehana katrangan ?!
a. Komponen iki mbebayani banget
b. Sampah elektronik kudu kaolah luwih dhisik
c. Saben dina ewon jenis barang elektronik diproduksi lan kaimpor
4. Apa kang diarani wayang sajrone kabudayan Jawa?
5. Kanggo apa kita prelu nyinau carita lan pagelaran wayang purwa?
6. Paraga sing nyengkuyung pagelaran wayang ana 3, coba sebutna lan jlentrehna!
7. Apa bedane basa ngoko lugu lan ngoko alus, jlrentrehna kanthi menehi tuladha!
8. Coba sebutke penganggone basa krama alus digunakake ing ngendi wae!
9. Nggawea rong ukura nggunakake basa karma alus
10. Ukara ing ngisor iki ngoko lugu banjur owahana dadi ngoko alus
-Dhimas weruh ora ya, yen mengko sida gladhen tari lan wayagan
Sumatif Tengah Semester Ganjil
SMA YPI DARUSSALAM CERME
TAHUN PELAJARAN 2023 – 2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : XI (Sebelas)

Hari / Tanggal : Rabu, 04 Oktober 2023 Waktu : 60 Menit

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!


1. Apa bedane geguritan lan tembang macapat ? Jlentrehake!
2. Sebutke lan jlentrehake 3 wae struktur laire geguritan!
Kanggo soal nomer 3 lan 4
Uripku
Dening : Apria Berliyanti

Nglamun sigar ing pucuk himawan


Nalika warsa mbanjiri pangrasan
Uripku
Saya suwe saya ngambang
Ilang
Ora nemu dalan

Dhuh Gusti
Paringana kula kesabaran
Kanggo nerusake panguripan
Ngalor ngidul sampun kula lakoni
Jakarta Surabaya sampun kula liwati
Ora ana wangsulan sing mesthi
3. Geguritan ing ndhuwur kasebut gancarake kanhti nggunakake basamu dhewe!

4. Geguritan ing dhuwur kanthi irah-irahan “Uripku” anggitane Apria Berliyanti wenehana andhegan!
Tandha andhegan bisa mbok deleng ing tabel ngisor iki.

5. Apa kang diarani upacara adat, jlentrehake!


6. Apa maksud lan tujuane ditindakake upacara adat bersih desa (sedekah bumi)?
7. Apa kang dikarepake cengkir gadhing digambari tokoh pewayangan “kamajaya-Dewi Ratih utawa
Arjuna-sembrada sajrone upacara adat tingkeban?
8. Apa sing diarani upacara adat tedhak siten, jlentrehake!
9. Sajrone upacara adat tedhak siten ana piranti lan ubarampe sing kudu ditindakake. Coba sebutke piranti
lan ubarampene kasebut!
10. Apa kang dimaksud upacara adat ruwatan, jlentrehake kanthi gambling!
Penilaian Tengah Semester Ganjil
SMA YPI DARUSSALAM CERME
TAHUN PELAJARAN 2023 – 2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : XII (Dua Belas)

Hari / Tanggal : Rabu, 04 Oktober 2023 Waktu : 60 Menit

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!


1. Jlentrehake pambedane prolog, dhialog, pandom, lan epilog sajrone drama!
2. Jlentrehake kanthi menehi tuladha pambedane sandiwara Sejarah lan sandiwara tragedhi!
3. Jlentrehake kang diarani unggah-ungguh basa ing sajrone teks pacelathon!
4. Sebutke titikan (ciri-ciri) lan panganggone basa ngoko alus !
5. Ukara ing ngisor iki salinen nganggo krama alus!
a. Kowe mangana dhisik menawa arep lunga.
b. Bapak weruh surat banjur dijpuk.
6. Jlentrehake pambedane cerkak lan novel!
7. Kepriye basa kang digunakake sajrone teks cerkak?
8. Sudut pandang kaperang dadi 2, coba sebutna lan jlentrehake kanthi menehi sapethik tuladha!

9. Sapa bae paraga kang nindakake pacelathon kuwi lan kepriye panemune Farah marang kepemimpinane
Pak Guntur?
10. Jlentrehake unggah-ungguh basa kang digunakake dening Farah lan apa bae kang kudu digatekake
nalika guneman supaya trep karo unggah-ungguh basa Jawa!

You might also like