Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 6

TEKS MC DAN PIDATO TEMU MANTEN

1. Pengertian Upacara Adat Jawa Temu Manten

Salah sijine bagian upacara adat jawa temu manten yaiku, upacara nemokake pengantin kakung lan
putri. Upacara temu manten dilaksanakake sawise upacara ijab kobul, yaiku acara sing paling penting ing
upacara temu manten. Upacara temu manten minongko perlambangan sih katresnan lan kasetianing
antarane penganten kakung lan putri dalam keadan wis sah. Wektu upacara temu manten tiyang sepuh
pengantin jaler ora dipun paringi rawuh.

2. TEKS MC TEMU MANTEN

Assalamualaikum Wr. Wb.

Pranatacara Temu Manten

Para rawuh ingkang kula hormati, para kaluarga temanten ingkang bahagia, sumangga. kita sedaya
ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Kang Maha Agung, ingkang sampun maringi kita sedaya nikmat
lan rahmat sahingga kula lan panjenengan saget kempal wonten dinten niki kanthi sehat wal'afiat.
Shalawat kaliyan salam sumangga ugi kita aturaken dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad SAW,

Kita sedaya kempal wonten papan menika kangge sareng-sareng mirsani adicara temu mantenipun
Nimas Ayu Nanda (putri saking Bapak Bambang) kaliyan Dhimas Bagus Rizal (putra saking Bapak Majid).
Sakderengipun, kula dados pranatacara wonten dinten niki badhe ngaturaken rantamaning adicara
sakmenika, nun inggih:

1. Pambuka

2. Panggih temanten

3. Gantalan

4. Ngidak tigan

5. Ngumbah suku

6. Sinduran

7. Dulangan lan ngunjuk tirta

8. Kacar-kucur

9. Bobot timbang

10.Sungkeman
Para rawuh ingkang kula hormati, adicara kaping pisan inggih menika pambuka. Sumangga adicara
menika dipunbuka sesarengan maos Al-fatihah, mugi-mugi adicara samangke saget lancar, aamiin.
Saklajengipun, adicara kaping kalih, panggih temanten. Sakmenika temanten putri mijil saking papan
anggene mbusanani awak kangge kepanggih temanten kakung. Adicara ingkang kaping tiga, inggih
menika gantalan. Mancik adicara kaping sekawan, inggih menika ngidak tigan. Adicara ingkang kaping
gangsal, ngumbah suku temanten kakung ingkang dipuntindakaken dening temanten putri. Adicara
kaping enem inggih menika sinduran. Lajeng dhateng adicara kaping pitu, dulangan lan ngunjuk tirta
ingkang dipuntindakaken temanten putri kaliyan temanten kakung. Adicara kaping wolu, kacar-kucur,
ingkang nggadahi makna menawi temanten kakung nggadah kawajiban nafkahi kaluarga. Lajeng mancik
adicara kaping songo, bobot timbang Saklajengipun inggih menika adicara sungkeman temanten kakung
kaliyan temanten putri dhumateng bapak kaliyan ibu.

Para rawuh lan kaluarga temanten ingkang bahagia, saking pangestu penjenengan sedaya adicara
panggih temanten dinten niki saget rampung nganthi lancar. Kula aturakaen matur suwun ingkang
kathah dhumateng panjenengan sedaya. Saklajengipun, kula dados pranatacarı ngaturaken
pangapunten ingkang kathah, menawi kula wonten kalepatan lan ugi babagan ingkang kirang trep
dhumateng panjenengan sedaya. Cekap semanten atur kula, mugi-mugi Mbak Nanda kaliyan Mas Rizal
saget mbangun kaluarga ingkang sakinah, mawadah, lan waramah, Aamiin aamiin ya Rabbal'alamin.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

3.TEKS DUKUN MANTEN

A.Umbarampe (alat lan bahan) Lan Maknane

1.Endok pitik mentah:

perlambangan kepala keluarga sing tanggung jawab marang keluarga

2.Banyu kembang:

perlambangan kasih sayang pengantin putri marang pengantin kakung Gantalan

3.Gantalan iki ana isine godong sirih sing njerone diisi piang lan dibungkus godong sirih sing diikat
benang lawe, gantalan iki digawa pengantin kakung lan penganting putri

Gantalan iki lambangake sapa sing kangge ingkan domine nalika keluarga, gantalan yen raup tengen
babangan bebarengan percaya nalika kluwarga pengantin kakung lan kerja bareng tanpa saka ndominasi
nanging kangge ngnekake salah sijine pengantin kakung wong pisanan uatawa wong wadon luwih disek,
mula sing dibukak dhisik sing dominan luweh akeh ing ngatur kaluwarga iki sampek akhir.

4.Kain sindur:
perlambangan sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu saha besan.

5.Dhuwit logam, beras, lan biji-bijian:

perlambangan pengantin jaler saged bertanggungjawab menehi nafkah keluarga.

6.Sega kuning lengkap kaleh lauk:

Pengantin kakung lan putri dulang-dulangan, perlambangan pinganten sak kloron arep urip susah lan
seneng kanthi bebarengan.

B.Urutan Upacara Adat Temu Manten

1) Balangan Gantal (Sirih)

Gantal utawa sirih sing diikat kangge benang putih banjur saling dilempar kaleh pengantin kakung lan
putri. Pengantin kakung lemparaken gantal ning dada pengantin putri lambangake penganting kakung
njupuk ati sang kekasih, lan pengantin putri nunjukake gantal ning lutut penganting kakung lambangake
bakti marang pengantin kakung.

2) Ngidak Tagan (Ngincak Endog)

Ritual ngincak endog pitik mentah kaleh pengantin kakung dilaksanaake lambangake harapan angsal
keturunan ingkang kaleh pengantin. bebarengan. Selanjute, pengantin putri mbasuh suku pengantin
kakung lambangake kasih sayang.

3) Sinduran

Kain sindur warna abrit lan petak lambangake menehi keberanian kanggo pengantin kakung lan
pengantin putri. Kaleh pengantin di balut kain. sindur lan ditindakake menuju ing pelaminan kaleh bapak
pengantin putri.

4) Bobot Timbang

Sakwisih pengantin lenggah ing kursi pelaminan, langsung ritual nimbang anak e dewe lan anak mantu
bapak pengantin putri kangge cara mangku kaleh mempelai. Banjur, ibu pengantin tindak munggah ning
atas panggung kangge nakoni sang bapak, sapa sing luwih abot ning atarane.

5) Ngombe Rujak Degan

Rujak degan yaiku ombenan sing digawe saka serutan kelapa enom. Tradisi iki dilaksanaake secara
gantian, yaiku di ombe dadi siji ning gelas kangge sak keluarga. Dikawiti saka Bapak banjur diterusake
sang Ibu lan diwenehna marang mempelai pengantin. Banyu kelapa iki lambangake banyu suci sing isa
membersihkan rohani sakkabehe anggota keluarga.

6) Kacar Kucur
Ritual iki dilaksanaake pengantin kakung sing nguncuraken dhuwit logam, beras, lan biji-bijian.
Lambangake pengantin kakung bakal tanggungjawab menehi nafkah kangge keluarga.

7) Dhahar Klimah

Ritual iki antara pengantin kakung lan putri dulang-dulangan katahe tiga. kali kangge lambang kaleh
pengantin bakal nulungi siji marang liane lan saling madu kasih sampai tua.

8) Sungkeman

Sakkabehe prosesi upacara adat Jawa bakal diakhiri acara sungkeman, yaiku berlutut marang tiyang
sepuh masing-masing pengantin tanda lambangake penghormatan nanging wis ngerawat anak sampai
wis jalani kehidupan anyar bebarengan pasangan.

4. TEKS PIDATO PIHAK LAKI LAKI

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh

Nuwun, kepareng matur dhumateng sagung poro rawuh.

Langkung rumiyin dhumateng ngarsanipun poro pinisepuh dalah poro sesepuh ingkang satuhu pono ing
pamawas miwah lebdo ing pitutur, soho ingkang dhahat kinabekten.

Poro pangemban pangembating projo dalah satriyaning nagari minongko pandam - pandoming poro
kawulo dasih, soho ingkang tansah tinulat sinudarsono.

Lan dumateng keluargo calon besan nuwun inggih panjenenganipun -bp………………………… sekaliyan
garwo, tuwin poro gotrah keluargo ingkang dhahat kinurmatan.

Sumrambah dhumateng sagung poro adi lenggah , lan poro rawuh kakung sumawono putri ingkang
mboten saget kapiji-piji, ingkang tansah tinangsulan talining pasedhere-an.

Sumonggo kito tansah ngagungaken asmaning pangeran , kanthi ngunjuaken pujo lan puji syukur
wonten ngarsanipun gusti ingkang moho agung (Allah swt )

Gusti ingkang sampun paring sakathahing kaberkahan, karohmatan lan kawilujengan dhumateng kito
sedoyo, sa henggo ing dinten puniko kito saget pepanggihan , lan kulo sekeluargo saget sowan wonten
ing dalem mriki kanthi wilujeng tanpo manggih alangan setunggal punopo,

Saklajengipun , kulo kumowantun matur wonten ngarsanipun sagung poro rawauh, kepareng nigas
kawuryan ndherek nepangaken inggih nami kulo pun ‘ ndoyo “ minongko jejering sesulih saking aturipun
kadang kulo taruno/adhi kulo, nuwun inggih bapak “ sukirno sekaliyan garwo ‘ saking desa…. kec. ………
kabupaten ……., dalah sedoyo brayat keluargo ingkang ndherek sowan wonten ing pahargyan mriki.
Ingkang sepisan, kulo sekeluargo ngaturaken silaturohmi soho salam taklim mugi katur dhumateng poro
pinisepuh lan bapak / ibu calon besan, sumrambah dhumateng sagung poro rawuh sedoyo.

Kaping kalih , sowan kulo anamung badhe hamasrahaken calon pinanganten kakung nun inggih nak mas
“ ................. “ kaleres putro pambajeng saking bapak ……… , mugi keparengo bapak…………………………..
kersoho handhaupaken kaliyan ingkang putri kinasih ingkang sesilih nak mas ayu
………………………………………

Kejawi saking puniko ugi nyuwun pangestu dhumateng poro pinisepuh lan sedoyo poro rawuh , mugi-
mugi sak paripurnaning akad nikah, putro penganten kekalih tansah pikantuk kawilujengan tuwin
karahayon, sahinggo anggenipun badhe lumampah wonten ing gesang bebrayan saget dadoso jodho
ingkang langgeng, bagyo mulyo, tentrem gesangipun, wilujeng donyo lan aheratipun;

Sa-derengipun kulo pungkasi, kulo minongko sesulih saking keluargo saking …………….., kepareng
ndherek kintu dhumateng bp. ……………………………. sekaliyan ibu minggahipun dhumateng sedoyo
pinisepuh, gegandhengan plunan kulo pun nak ............, puniko tasih kagolong lare bodho, bebasan
cubluk hambalilu kothong ing seserepan, pramilo sumonggo kepareng dipun paringono wewarah,
sesuluh, pangertosan, tuwin seserepan, supados sa-mangke dadoso piyantun ingkang saget mikolehi,
migunani lan murakabi tumpramping keluwargo, lan migunani tumraping bebrayan, sumrambah ing
alam sesrawungan.

Mekaten ingkang saget kulo aturaken , purwo madyo wasono, mbok menawi wonteng atur ingkang
kirang tumoto, lan wonten kiranging trapsilo tuwin subosito , kulo tansah nyuwun agunging samudro
pangaksami ingkang mawantu-wantu,

Billahi taufiq walhidayah,Wassalamualaikum Wr.Wb.

5.PIDATO PIHAK PEREMPUAN

Mas (...) kulo pasrahaken kanti pasrah bongkok an, lan inggih nyuwun supados mas (...) puniko dipun
bina, dipun gulo wentah lan dipun arah aken ingkang sak sae-sae nipun ingkang sesuai kalian ajaran
agami Islam supados saget membina rumah tangga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, barokah,
bahagia lahir dan batin. Amin ya Robbal alamin.

Poro bapak poro ibu hadirin sekalian, Ingkang terakhir mbok bileh acara puniko mangke sampun cekap
lan paripurno, kulo sak rombongan pengentar kemanten inggih terus nyuwun pamit lan terus wangsul
dateng dalem ipun piyambak-piyambak,

Pramilo kawulo sak rombongan inggih nyuwun dongo pangestu, mugi-mugi wangsul kulo sak
rombongan awit sking panggenan puniko ngantos dugi griyanipun piyambak-piyambak, tansah dipun
paringi wilujeng, aman, lancar boten wonten setunggal alangan punopo. Amin ya Robbal alamin.Poro
bapak poro ibu hadirin sekalian, Kinten ipun cekap semanten ingkang saget kulo aturaken, kirang
langkung ipun kulo nyuwun agung ipun pangapunten. Wabilahi taufik walhidayah Wassalamualaikum
Warohmatullahi Wabarokatuh

You might also like