Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 6

PEMERINTAH KOTA PASURUAN

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


UPT SMP NEGERI 9 PASURUAN
Jl. KH. Mansyur 141 Telp. ( 0343 ) 424151 Pasuruan
e-mail : spenixpas@yahoo.co.id
Website : www.smpn9pasuruan.sch.id
A. NPSN : 20535438

LEMBAR SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER


TAHUN PELAJARAN 2023-2024

Hari/tanggal : Kls : IX
Mata Pelajaran : Pukul : 07.30-09.00

B. Wangsulana kanthi milih salah siji jawaban kang bener!


Gatekna wacan ing ngisor iki!
REKAYASA UWUH

Uwuh sing ana ing masyarakat bisa kaperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan anorganik.
Uwuh organik yaiku sawenehing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, upamane sisa
panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses
prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-liyane. Sakabehing uwuh mau
menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa nyebabake
lelara.
Kanthi nggunakake Teknologi Tepat Guna, uwuh sing ana ing masyarakat jebul bisa migunani
maneh. Ngupaya uwuh iki bisa kaperang dadi telu, yaiku kanthi didhaur ulang, didadekake kompos, lan
didadekake barang dadi utawa barang kerajinan. Ngupaya uwuh kanthi dhaur ulang biasane awujud
uwuh sing arupa uwuh anorganik. Dene carane nggawe dhaur ulang iki kanthi diobong banjur sisane
obongan didadekake lemah urug. Cara kaping pindho yaiku uwuh didadekake kompos. Nggawe
kompos iki bisa kanthi cara nglumpukake uwuh organik banjur ditutup kanthi rapet. Sawise uwuh
organik bosok dadi lemah, sisa uwuh mau bisa digawe rabuk tetanduran. Kaping telu nggunakake uwuh
supaya dadi barang kerajinan. Nggunakake uwuh supaya dadi barang kerajinan iki bisa awujud saka
uwuh organik lan uwuh anorganik. Uwuh organik bisa didadekake barang kerajinan upamane tas saka
enceng gondhok. Uwuh anorganik upamane plastik bungkus panganan bisa digawe tas utawa barang
kerajinan liyane. Sing cetha menawa masyarakat bisa kreatif, uwuh sing maune dadi reretu saka
rekayasa malah bisa miguna lan nduweni nilai tambah.

1. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku....


a. Jinise Uwuh c. Rekayasa Uwuh
b. Paedahe Uwuh d. Bebayane Uwuh
2. Uwuh bisa kaperang dadi….
a. 2 b. 3 c. 4 d. 5
3. Uwuh organik bisa diolah dadi ....
a. kompos b. bahan urugan c. fosil d. watu akik
4. Plastik, wesi, kaca kalebu uwuh ....
a. organik b. anorganik c. campuran d. gas
5. Uwuh sing ora diopeni kanthi becik bakal nuwuhake sakehing masalah kajaba....
a. ambu ora enak b. lelara c. reretu d. kompos
6. Struktur laporan asil observasi kaperang dadi 3, yaiku....
a. definisi umum, deskripsi bagean, deskripsi manfaat
b. definisi laporan, deskripsi bagean, deskripsi manfaat
c. definisi umum, deskripsi bagean, deskripsi laporan
d. definisi umum, deskripsi asil, deskripsi manfaat
7. Perangan sing mujudake simpulan utawa dudutan saka asile observasi diarani....
a. definisi umum c. deskripsi manfaat
b. deskripsi bagean d. deskripsi laporan
8. Perangan utawa bagean sing nerangake ciri-ciri, barang, tandha, lan sapanunggalane diarani....
a. definisi umum c. deskripsi manfaat
b. deskripsi bagean d. deskripsi laporan
9.
Umume tomat kang ana ing pasaran, wujude saemper cilik, rasane legi semu kecut lan
seger. Mula ya bisa kanggo nyuda rasa ngelak. Kajaba saka itu, sejatine tomat uga bisa kanggo
antiseptic usus, pencahar (ngusadani bebelen), ngundhakake nepsu mangan, ngrangsang enzim
lambung, lan nglancarake aliran empedu menyang usus. Malah ana uga panaliten nuduhake yen
Priya kang ajeg dhahar tomat kang dimasak, bisa nyuda risiko kanker prostat nganti 45%.

Perangan ing dhuwur kalebu....


a. definisi umum c. deskripsi manfaat
b. deskripsi bagean d. deskripsi laporan
10.
Virus corona utawa SARS-Cov-2 mujudake virus kang wiwitan diidentifikasi ing taun
2019, Wuhan, Cina. Infeksi penyakit iki sinebut Covid-19. Dijupuk saka www.corona.jakarta.id,
Covid-19 mujudake penyakit kang bisa njalari gangguan ing sistem pernafasan lan radang paru
kang disebabake dening infeksi Severe Acute Respiratory Syndrome Coronavirus 2 (SARS-Cov-2).
Perangan ing dhuwur kalebu....
a. definisi umum c. deskripsi manfaat
b. deskripsi bagean d. deskripsi laporan
11.
Gejala kang thukul maneka werna. Infeksi penyakite uga maneka werna, wiwit saka
gejala flu biasa kaya watuk, pilek, nyeri tenggorokan, nyeri otot, nyeri sirah, nganti komplikasi
abot kaya pneumonia utawa sepsis, malah uga bisa tanpa ana gejala babar pisan.

Perangan ing dhuwur kalebu....


a. definisi umum c. deskripsi manfaat
b. deskripsi bagean d. deskripsi laporan
12. Laporan asil observasi kudu ditulis adedhasar….
a. fakta kang ana c. panemu dhewe
b. imajinasi d. pamanggih liyan
13. Laporan kudu tumata, saengga gampang diwaca lan dipahami dening pamaos. Iki ngebaki
prinsip….
a. cetha b. akurat c. sistematis d. objektif

Wacanen kanthi setiti punggelan teks drama ing ngisor iki!


Lutung Kasarung

Ana sawijining krajan sajrone Pulo Jawa. Krajan iku dipandhegani dening raja kanthi asma Prabu
Tapa Agung. Raja kagungan putri cacah loro: Purbararang lan Purbasari. Sawijining dina krana raja wis
rumangsa tuwa, panjenengane banjur mutusake yen minangka gantine mengko yaiku putri kang
wuragil.
Prabu Tapa Agung : “Aku wis tuwa. Aku wayahe lengser keprabon. Aku bakal menehake
palungguhanku iki marang kowe, Purbasari.”
Purbararang : (nesu) “Kula punika putri rama ingkang nomer setunggal. Kedahipun
ingkang nggantosi palenggahaning rama, kula, Purbararang, sanes
Purbasari!”
Ïndrajaya : “Inggih Rama. Kedahipun Purbararang ingkang kajibah nglajengaken.”
Prabu Tapa Agung : “Ora bisa! Keputusanku iki ora kok saka panemuku dhewe. Nanging entuk
wangsit saka wong nimpuna. Mula saka iku keputusanku wis bunder lan
ora kena mbokganggu gawe!”
Kanepsone ramane ora kena dibendung agawe Purbararang nduweni niyat arep nyilakani adhike,
Purbasari. Dheweke arep njaluk tulung marang dukun supaya nyilakani adhike.
Purbararang : “Sabdanen Purbasari supaya kadunungan rupa ala lan nggegirisi!”
Dukun : “Kasinggihan Ndoro Putri. Nanging punapa imbalanipun menawi sampun
saged kasembadan?”
Purbararang : “Aku arep menehi emas akeh banget angger rupane Purbasari dadi ala.”

14. Cacahe paraga ana ing teks drama Lutung Kasarung ana….
a. 3 b. 4 c. 5 d. 6
15. Purbasari yaiku putri kang….
a. pambarep b. panengah c. panggulu d. wuragil
16. Dene Purbararang yaiku putri kang….
a. pambarep b. panengah c. panggulu d. wuragil
17. Watak saka Purbararang yaiku….
a. seneng tetulung b. grapyak c. iri dengki d. wicaksana
18. Prabu Tapa Agung bakal menehake krajan marang Purbasari amarga….
a. Purbasari nduweni tanggung jawab.
b. Prabu Tapa Agung luwih saying marang Purbasari.
c. Prabu Tapa Agung oleh wangsit saka wong nimpuna.
d. Purbararang ora gelem dadi ratu.
19. Drama iku nggambarake panguripan lan watak liwat….
a. crita utawa dongeng c. acting utawa dhialog
b. crita utawa syair/guritan d. acting utawa lawakan
20. Drama iku mujudake….
a. dhialog sing direkam c. dhialog sing disiyarake
b. dhialog sing dipentasake d. dhialog sing dibukokake
21. Wong kang ngatur lumakune drama diarani….
a. editor b. produser c. sutradara d. koreografer
22. Ngomong antarane rong paraga utawa luwih ing panggung diarani….
a. dhialog b. monolog c. epilog d. prolog
23. Ing ngisor iki sing ora kalebu setting/latar yaiku….
a. wektu b. plot c. panggonan d. kahanan
24. Pesen moral kang kinandhut ing crita diarani….
a. alur b. tema c. amanat d. paraga
25. Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita kang digelar ing pementasan drama diarani….
a. tema b. alur c. setting d. amanat
26. Mobah mosike paraga kanthi dadakan manut situasi lan kondisi jroning main drama diarani....
a. audience b. improvisasi c. flash back d. Mimik
27. Sing diarani epilog yaiku....
a. pacelathon antarane rong paraga utawa luwih
b. pacelathon dhewean
c. pacelathon ing njero ati
d. pacelathon ing pungkasane drama
28. Kegiatan micara ana ing sangarepe wong akeh kanthi tujuan tartamtu diarani....
a. ceramah b. iklan c. sesorah d. crita
29. Ing ngisor iki sing kalebu jinis-jinise pidhato yaiku....
a. pidhato persuasif, pidhato argumentatif, pidhato informatif, pidhato deskriptif
b. pidhato naratif, pidhato argumentatif, pidhato ekspositif, pidhato deskriptif
c. pidhato persuasif, pidhato argumentatif, pidhato informatif, pidhato naratif
d. pidhato persuasif, pidhato ekspositif, pidhato informatif, pidhato deskriptif
30. Pidhato sing tujuane menehi pawarta diarani....
a. pidhato argumenttif c. pidhato informatif
b. pidhato deskriptif d. pidhato persusif
31. Nalika bapak kepala sekolah pidhato njlentrehake persiapan ANBK, kang dadi tujuan pidhato
yaiku….
a. mangaribawani supaya siswa gelem ngeloki kekarepane sing pidhato
b. menehi pangerten lan informasi marang siswa ngenani sawijining bab
c. menehi panglipur marang siswa supaya siswa seneng lan marem
d. ora ana tujuane, mung kanggo ngisi wektu longgar wae
32. Ing ngisor iki sing ora kalebu langkah-langkah pidhato yaiku....
a. nemtokake tema (underan) c. nggoleki narasumber
b. nemtokake tujuan d. ngumpulake bahan
33. Nyampekake pidhato tanpa persiyapan luwih dhisik lan mung ngnadelake sakehing pengalaman
lan wawasan dang didarbeni. Iki migunakake pidhato….
a. ngapalake c. impromptu/serta merta
b. maca naskah d. ekstemporan
34. Pidhato kanthi cara ngapalake wose banjur ngrembakake wicara diarani….
a. ngapalake c. impromptu/serta merta
b. maca naskah d. ekstemporan
35. Nalika sing pidhato ngucap puji syukur ing ngarsane Gusti Pangeran, iki kalebu ing perangan….
a. salam pambuka b. pambuka c. isi d. panutup
36. Pesen utawa pangajak, pangajab, panyuwunan pangapura, kalebu ing perangan….
a. salam pambuka b. pambuka c. isi d. panutup

37.
Adhik-adhik ingkang kula tresnani, kula tansah njurung dongalan pamuji mugi-
mugi ingkang taksih wonten ing pawiyatan mriki tansah pikantuk pangayomanipun
Allah SWT. Samanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu, mugi-mugi kula sakanca
saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.

Punggelan pidhato ing dhuwur kalebu perangan….


a. salam pambuka b. pambuka c. pangarep-arep d. panutup
38.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu
guru ingkang satuhu kula bekteni, mitra kula kakung punapa dene estri ingkang kula
tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang
sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sadaya, saengga
ing wekdhal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng boten wonten alangan
satunggal punapa.

Punggelan pidhato ing dhuwur kalebu perangan….


a. salam pambuka b. pambuka c. pangarep-arep d. panutup
39. Kula angaturaken agunging panuwun dhumateng para Bapak dhalah Ibu Guru ingkang sampun
nggulawenthah kula sakanca wiwit kelas pitu ngantos sapunika sampun lulus kelas sanga.
Tembung nggulawenthah ing ukara dhuwur tegese ....
a. ngayomi lan ngayemi c. ndhaku lan ngadhopsi
b. nuturi, nyeneni, lan ngandhani d. ndhidhik, mbimbing, lan ngopeni
40. Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa
kaleksanan iku kalebu ing perangan….
a. salam pambuka b. pambuka c. pangarep-arep d. panutup

Gathekna tembang macapat ing ngisor iki!


Tembang sinom

Pepujanku nusantara
Bumi kelahiran mami
Sun sesuwun mring pangeran
Ing siang pan tara ratri
Tebihna tulah sareh
Antuk nugraha hyang agung
Tata tentrem raharja
Adil makmur kang sejati
Kondhang kombul,kuncara mring manca praja

41. Ing ngisor iki kang mujudake paugerane tembang sinom dhuwur kae yaiku....................
a. 8i, 8a, 8e, 8a, 8a, 8u, 8a c. 8a, 8i, 8a, 8i, 7e,8u,7a,,8i,12a
b. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a d. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
42. Tembang sinom ana dhuwur kae nyritakake ngenani.............
a. Golek nusantara c. Surasane bocah sing lagi bangga marang negri
b. Rasane bocah lagi sedih d. Rasa syukur marang bumi nusantara sing misuwur
43. Tibaning swara ( dhong-dhinging swara ) ing saben pungkasaning gatratembang macapat
diarani..............
a. Guru wilangan c. Guru swara
b. Guru sastra d. Guru lagu
44. Paugerane tembang macapat kang ngatur cacahing larik / baris saben sapada diarani...............
a. Guru lagu c. Guru gatra
b. Guru wilangan d. Guru basa
45. Tembang ing ngisor iki kang kalebu tembang macapat yaiku...................
a. Balabak b. Wirangrong c. Pangkur d. Jurudemung
46. Aksara rekan khususe kanggo nulis tembung kang asale saka basa...
a. Dhaerah b. Melayu c. Indonesia d. Arab
47. Titikane aksara rekan yaiku..
a. Dijupuk saka aksara Latin
b. Dijupuk saka aksara Dewanagari
c. Dijupuk saka aksara Arab
d. Dijupuk saka aksara Jawa diwenehi cecak telu
48. mc f+iki/ bub/ slt\
Ukara ing ndhuwur diwaca dadi….
a. Maca Quran bubar ngaji. c. Maca dzikir bubar salat.
b. Maca tasbih mari salat. d. Maca koran bubar mangan.
49. Tembung zakat fitrah yen ditulis ing aksara Jawa kang bener, yaiku...

a. j+iki/akB/ c. j+ktP+itáh

b. j+ktpi+táh d. j+ktP+itRh

50. Tembung alam ghaib yen ditulis ing aksara Jawa kang bener, yaiku...

a. almG+aib\ c. almg+aib\

b. alm\g+aib\ d. alMg+aib\

SAPA SING JUJUR BAKAL LUHUR WEKASANE

You might also like