Naskah Jawa Drama Tlaga Warna?

You might also like

Download as docx, pdf, or txt
Download as docx, pdf, or txt
You are on page 1of 6

Naskah Drama Telaga Warna

Tokoh-tokoh Drama
Raja Prabu
Ratu
Putri Gilang Rukmini
Penasehat
Pengawal
Tukang Perhiasan
Rakyat
Rakyat
NARATOR

Babak 1
Narator : Jaman biyen ana kerajaan ing Jawa Kulon sing tentrem lan
makmur. Kraton mau dipimpin dening raja sing apik lan
wicaksana. Ora gumun, yen negara iki makmur lan tentrem.
Ora ana wong sing keluwen ing negara kasebut. Sang Prabu
asma Prabu Prabu. Nanging kulawarga kraton ora duwe anak.
Penasehate Prabu menehi pitutur marang raja lan ratu supaya
bisa ngangkat anak.
Ratu : ( lagi murung lan nanges )
Raja Prabu : “ Weslah Bu,aja murung lan nanges terus. Yen sampeyan terus
sedhih kaya ngene,aku uga bakal sedhih pisan.”
Ratu : “ Yok nopo kulo ora sedhih tuanku, wis pirang-pirang taun kita
omah-omah nanging durung dikaruniai anak.”
Panasehat : “Paduka, kula ngaturaken supados Paduka anggenipun ngangkat
satunggal anak.”
Ratu : “ Ora,aku ora gelem duwe anak angkat.”
Raja Prabu : “ Iyo,aku yo ora setuju yen ngangkat anak. Gawe kita anak
kandung luwih apik ketimbang anak angkat.”
Penasehat : “Yen paduka ora kersa ngangkat anak, kepriye yen paduka
tindhak semedi neng alas , ndonga supaya cepet diparingi anak?"
Raja Prabu : (mikir-mikir pituture penasehate) "Bener kowe penasehat aku
wis suwe ora lunga kanggo semedi, mbok menawa iki wektu
sing pas kanggo aku semedi lan nyuwun anak marang Gusti
Allah."
Penasehat : “Inggih Pak, kula badhe nyuwun dhumateng para pengawal
supados nyiapaken tindhake sang mulya".
Babak 2
Narator : Ratu isih asring surem lan nangis . Sang Prabu uga sedhih
ndeleng garwane nangis.
Raja Prabu : “ Weslah Bu seng sabar , mengko kita bakal nduwe anak.”
Ratu : “ Nggeh, Tuanku.”

Babak 3
Narator : Saengga, ing sawijining dina Raja Prabu arep menyang alas
kanggo ndonga supaya cepet dikaruniai anak maring Gusti
Allah.
Raja Prabu : “ Wes yo Bu,aja sedhih maneh. Aku bakal usaha terus.Aku arep
menyang alas kanggo semedi supaya kita cepet dikaruniai anak.”
Ratu : “ Yo weslah yen ngunu. Yen pancen Tuan kudu lunga menyang
alas kanggo semedi,Kula uga ndonga pisan . Ati- Ati ing alas
Tuanku.”

Babak 4
Narator : Sawise pirang-pirang sasi banjur semenjak Raja Prabu ndonga
ing alas, panyuwune sang Raja dikabulake dening Gusti Allah .
Sang Ratu pun ngandhut. “
Ratu : “ Prabu, kula ngandut …” (karo wajah sing berseri- seri).
Raja Prabu : “ Apa bener iku …???” ( Karo nada sing rodok ora percoyo).
Ratu :“ inggih bener Tuanku… . kula sampun teng Tabib Kraton, lan tabib
ngomong menawi kula ngandut.”
Raja : “Apa bener?? Iki bakal dadi kabar sing paling apik ing kerajaan
kita.”
Babak 5
Narator : Sawise 9 sasi kapungkur Ratu ngandut , Ratu pun nglairake
Putri sing ayu banget.Para warga pun akeh sing ngirimake
dolanan kanggo Sang Putri.
Ratu : ( nggendong bayi ) “Delengen anak kita. Dheweke lucu lan ayu
banget . Kula ngarepake supaya gedhene dadi Putri sing ayu lan
apik atine kaya rupanipun .”
Raja Prabu : “ Iyo,Bu .Kita kudu bersyukur akhire kita dikaruniai anak.
Ratu : “ Inggih , Prabu. Kula bersyukur nduwe Putri sing ayu tenan iki.”
Raja Prabu : “ Iyo Bu, putri kita uga manis lan nggemesake !Yen ngunu,yo opo
lek putri kita wenehi asma Gilang Rukmini ? Setuju opo ora ?
Ratu : “ Kula setuju setuju wae Prabu “

Narator : Akhire Putri iku diwenehi asma Gilang Rukmini.


Babak 6
Narator : Sawektu Raja lan ratu lagi bahagia,dumadakan teka
penasehat…..
Penasehat : “ nyuwun sewu Baginda Raja,niki dugi para warga ,ngirimake
aneka hadiah kanggo Sang Putri . Para warga sedaya tumut
seneng lan ngucapake selamet atas kelairan e Putri Baginda.
Raja Prabu : “ iyo,suwun . “

Narator : Ora mung keluwarga kraton sing bahagia ,nanging rakyat


uga tumut bahagia mirengake kabar kasebut.

Babak 7
Narator : Sayange , Gilang Rukmini ora diasuh sacara becik dening Prabu
Suwartalaya lan Ratu Purbamanah .Katresnane Raja dan Ratu
kang tansah maringi apa wae sing dikepingini dening Sang Putri
mau nyebabake sang anak iku mau gedhene dadi Putri kang
manja banget.Yen kekerepane otra dituruti , dheweke bakal
nesu lan jarang dheweke uga ngomong kasar marang wong
tuwane . Nanging masyarakat lan wong tuwane isih sayang
marang Sang Putri .

Putri : “Ibu ,kula purun saekor jaran!!”


Ratu : “ Kita wis duwe jaran akeh ing peternakan sayang.”
Putri : “ Ora, aku ora gelem sing ono ing peternakan! Aku pengen jaran warna
putih sing nduweni bulu kang endah.”
Ratu : “ Kita wis nduwe 54 jaran ,nak. Dolano karo jaranmu sing wis ono,nak.”
Putri : “ Ora, aku ora gelem. Ancen wong tuwo medhit.”
Ratu : “ Ahhh, nak…. apa sing kowe omongake . Apa pantes kowe ngomong
koyo ngunu nang wong tuwo, anak ku?”
Putri : “ Aaahh…weslah, ancen wong tuwo ora ono gunane.”(nyurung ibune
sampe tiba)

Narator : Sang Putripun ninggalake ibune sing lagi nangis karo


lungguh sawise ndeleng kelakuane anak e iku.

Babak 8
Narator : Ora kerasa 17 tahun umur sang putri, dheweke tuwuh dadi
sang Putri sing paling ayu ing negara iku. Kabeh rakyat lunga
menyang kraton kanggo menehi hadiah marang sang putri.
Hadiah iku akeh banget lan dikumpulake ing njero kraton.
Sang Raja mundut emas lan permata sathithik kanggo digowo
menyang ahli tempa perhiasan kanggo digawe dadi kalung.
Satekane ing panggonan ahli perhiasan…
Raja : “ Pak, apa kowe bisa nggawe kalung sing paling endah kanggo
putriku sing daktresnane.”
Ahli perhiasan : “Mesti wae saged ,Tuanku. Kanthi rena kula badhe
ngelakokake. Monggo Tuanku ngentos sakedhap . Kalung
pesenan Tuan badhe kula damelaken.”
Raja : “ Matur nuwun.”
Ahli perhiasan : “ Sami- sami Tuanku.”
Pengawal : “Nyuwun pangapunten dhuh sang Prabu, punapa kirane mengko
tuan putri saged nampa hadiah ingkang sampun sang Raja
siapake? apa ora luwih apik e pak duka raja pitakon luwih dhisik
hadiah apa ingkang Tuan Putri pengeni? Mengeti , napa wae
ingkang sampun diparingake saking sang raja lan ibu ratu ora nate
dipunaosi dening sang putri.”
Raja : “aku yakin wektu iki putri ku ora bakal nolak hadiah kalung saka
aku. Kerono aku wero wes suwe putriku pengen kalung mutiara.”
Pengawal : “Inggih pak duka raja. Hamba nyuwun pangapura sampun lancang
ngandika.”(nunduk njaluk ngapura)

Narator : Sakwise pirang-pirang wektu ngenteni, kalung iku pun dadi.


Kalung iku endaaah banget.
Ahli perhiasan : “ Nyuwun Sewu Prabu,kalung e sampun rampung Kulo
damelaken,Niki kalung e .
Raja :“ Wah,delengen iki pengawal, Iki yaiku kalung sing paleng endah
sing tau tak delok. Becik banget kowe nggawene.”( karo ndelokake
kalung iku menyang pengawal).
Pengawal : “inggih paduka raja iki kalung ingkang endah sanget , tuan putri
mesti rena nampinipun.”(karo ekspesi ragu-ragu)
Ahli perhiasan : “ Matur nuwun sanget, Tuanku . Kangge sang putri hamba
badhe numindakake napa wae.”

Narator : Sawise iku Raja bali ing njero kraton lan kalung sing endah iku
disimpen kanggo diwenehno menyang putri kesayangane wektu
dheweke ulanng tahun sesok.

Babak 9
Narator : Keesokan dinane, dina ulang tahun sang putripun teka. Para
warga kumpul ing plataran kraton. Sawektu Raja lan Ratu
teka , para warga nyambut karo bebungah. Sambutan anget
tambah krungu ,wektu Sang Putri sing ayu jelita muncul ing
ngarepe wong akeh. Kabeh wong ngagumi keayuan e .
Rakyat-rakyat : ( suara bengokan lan tepuk tangan )
Rakyat 1 : “ Waaahh….ayu tenan ya,putrine Prabu Suwartalaya?”
Rakyat 2 : “ Iya,aku dadi iri ndelenge .”

Narator : Raja terus ngadek saka kursine . Kalung sing endah wis dicekel
ing tangan e.
Raja Prabu : “ Anakku Gilang Rukmini, dina iki dina ulang tahunmu sing
kaping-17.”
Putri : “ Nggeh bapak…., aku ngarepaken hadiah sing paaaaliiing endah
ing ulang tahunku kaping-17 iki.”
Ratu : “ Sugeng ambal warsa anakku.”
Putri : “ Inggih ibu…”
Raja Prabu : “Anakku, bapak wis nyiapno hadiah sing paling endah. Iki kalung
permata sing paling endah sak ndonya mung kanggo anak ku
tercinta.”

Babak 10
Narator : Raja Prabu enggal-enggal menehake kalung iku marang
putrine, nanging sang putri kaya ora seneng nerimo kalung iku.
Putri : “ hemm. Kalung apa iki Pak. Kalung iki elek nemen, aku ora gelem
nggawe ing guluku seng ayu iki, kalung iku mung bakal nggawe
guluku dadi gatel wae . Huh ancen kalung elek !!!” (kalung e
diuncalno )
Rakyat 1 : “ Haaahh…??? kalung kang endah banget teko emas permata iku
diuncalake ngunu wae marang Sang Putri ? ”
Rakyat 2 : “Lha mangkane iku.Tenan, aku ora nyangka Putrine baginda Raja
nglakoni perkara iku. “

Babak 11
Narator : Kalung sing endah iku akhire rusak . emas lan permatane
sumebar ing plataran kraton. Kabeh warga sing teka ing acara
iku kaget. Kabeh podo meneng. Suasana ing plataran kraton dadi
hening. Dumadakan Ratu Purbamanah nanges ndeleng
kelakuane anak e iku .
Ratu : ( nanges )

Babak 12
Narator : Dumadakan ana sumber banyu muncul teko plataran kraton,
percikan banyune dadi genangan banyu ing plataran kraton.
Rakyat 1 : “ ono banyu! Ono banyu!
Rakyat 2 : “ Haahhh? Dumadakan banyu iki dadi blumbang cilik?”
Rakyat 1 : Duduk!!! Iki banjir!!!
Narator : Kabeh wong padha wedhi banget lan nyalahake perkara
kasebut marang Sang Putri.
Rakyat 1 : “ Apa sing wis kowe lakoni Putri ala! Kowe wis mbebayani kabeh
rakyatmu.Delengen ulahmu iki!”
Rakyat 2 : “ kerana ulahmu sing durhaka menyang wong tuwo,saiki kabeh
rakyatmu sing nanggung akibat e!”
Rakyat 1 : “Gusti Allah wis murka ,sang putri bakal kelelep dhewe karo
keangkuhan e!”
Rakyat 2 : “ayo cepet kita nyelametake awak kita!” (ambek mblayu Karo
Kabeh wong ninggalake kraton)
Narator : Sang putri ajrih banget nganti getun kabeh tumindak alane.
Nanging genangan mau wis dadi tlaga sing gedhe banget lan
nglebur kabeh kraton.
Miturut masyarakat lokal, tlaga kasebut diarani "Tlaga Warna". Tlaga
kasebut ana ing wilayah puncak. Ing dina sing cerah, kita bisa ndeleng
Tlaga sing kebak warna sing apik lan endah banget. Werna asale saka
wewayangan alas, tetuwuhan, kembang, lan langit ing sakubenge tlaga.
Nanging jare wong-wong, warna-warna kasebut asale saka kalung Putri
sing sumebar ing dhasar tlaga.

You might also like