Download as doc, pdf, or txt
Download as doc, pdf, or txt
You are on page 1of 6

TP.

2019/2020

Mapel : BAHASA DAERAH Hari,tgl : Senin, 16 September 2019


Kelas : IX (sembilan) Waktu : 09.15 - 10.15 WIB
----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Wacanen sing teliti
Banjir Kali Lamong Kapan Mandhege

Puluhan taun kali Lamong mbanjiri warga ing sakiwa tengene. Bupati Gresik, Walikota Surabaya, Gubernur
Jawa Timur, wis bola-bali ganti, nanging durung bisa ngatasi banjir kali ing Surabaya iku. Saben taun warga kecamatan
Benjeng, Menganti, Cerme mesthi keleban banjir, sing sok nuwuhake kurban jiwa.
Lagi taun iki masalah banjir kali Lamong dirembug bareng dening Bupati Gresik Sambari Halim Radianto
lan Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini. Anggone ngrembug bab kali Lamong iki ing Balekota Surabaya dhek tanggal
10 Februari 2015. Rapat dipimpin Risma lan Sambari, ditekani anggota DPRD Surabaya, Balai Besar Wilayah Sungai
Bengawan Solo (BBWS). Ing Forum iki kita njaluk kasaguhane BBWS nanggulangi banjir sing wis puluhan taun kuwi,
ngendikane Pak Sambari marang BBWS
Diserang ngiwa nengen, Kepala BBWS Yudhi Pratondho kandha yen BBWS nganggarake dana gedhene Rp
10 Miliar kanggo normalisasi sedimentasi kali Lamong. Kamomgka manut etungane total dana sing dibutuhake 900
miliar. Manut kandhane Yudhi rencanane kali Lamong bakal diambakake. Yen saiki ambane udakara 10 meter, mengko
bakal diambakakenganti 30 meter, saengga bisanampung banyu luwih akeh. Nanging mbutuhake wektu sing rada suwe.

1. Manut wacan ing ndhuwur kapitunane/akibate saka dumadine banjir, yaiku...


A. lahan tetanen padha kelem C. tambak iwak padha kintir
B. akeh penyakit sing nyerang manungsa D. akeh kurban jiwa

2. Ing ngisor iki sing ora kalebu kecamatan kang kerep kena banjir, yaiku... .
A. Benjeng B. Menganti C. Benowo D. Gresik

3. Manut wacan ing ndhuwur sing ngrembuk babagan banjir saka kali Lamong yaiku... .
A. anggota DPRD Gresik C. Bupati Gresik
B. Walikota Surabaya lan Bupati Gresik D. warga masyarakat Surabaya

4. Titimangsa nalika ngrembug babagan banjir, yaiku... .


A. 11 Februari 2015 B. 12 Februari 2015 C. 10 Februari 2015 D. 13 Februari 2015

5. Rencana sing bakal ditindakake dening BBWS kanggo normalisasi sedimentasi kali Lamong yaiku... .
A. gawe tanggul ing sapinggire kali Lamong
B. kali Lamong bakal diambakake nganti 30 meter
C. ngedhuk dasare kali Lamong sing cethek supaya ora banjir
D. kali Lamong bakal diambakake ditambahi nganti 10 meter

6. Tema iku kalebu salah siji unsur intrinsik drama. Tema bisa uga diarani… .
A. masalah utama kang dadi sumber crita C. judul drama
B. Karakter kang diduweni paraga D. gagasan utama ana ing drama

7. Wong kang nyritakake kahanan panggung / nyritakake crita wiwitan sadurunge drama diwiwiti, diarani… .
A. figuran B. narator C. tokoh utama D. tokoh pembantu

8. Pacelathon utama kang ditindakake dening siji paraga ing ndhuwur panggung, diarani… .
A. prolog B. monolog C. dialog D. epilog

Sore iku watara jam papat, Rahma siswa SMP kang dadi peraih nilai tertinggi ing sekolahe lagi lungguhan ing teras
omahe. Atine nggresah. Praupane katon bingung.

9. Saka cuplikan prolog kasebut sing kalebu setting wektu yaiku… .


A. sore iku watara jam papat C. Rahma lagi lungguhan ing teras omahe
B. atine nggresah, praupane katon bingung D. Rahma kang dadi peraih nilai tertinggi

10. Saka cuplikan prolog kasebut sing kalebu latar panggonan, yaiku… .
A. sore iku watara jam papat C. Rahma lagi lungguhan ing teras omahe
B. atine nggresah, praupane katon bingung D. Rahma kang dadi peraih NEM tertinggi
11. Setting utawa latar swasana ati, yaiku… .
A. apa bae kang kadadeyan kang ana ing sakitare parga
B. apa bae kang dirasakake paraga ing crita kasebut
C. ana ing ngendi papan kadadeyane crita iku
D. wektu kadadeyane crita kasebut

12. Tokoh utawa paraga kang dadi sumbere crita utawa kang dicritakake saka wiwitan nganti pungkasan diarani…
A. tokoh utama B. tokoh pembantu C. tokoh protagonist D. tokoh figuran

13. Paraga lan watake (tokoh lan penokohan) diperang dadi telu, yaiku... .
A. tokoh utama, tokoh biasa, tokoh pembantu
B. tokoh figuran, tokoh tokoh dialog, tokoh crita
C. tokoh utama, tokoh pembantu, tokoh figuran
D. tokoh figuran, tokoh paraga, tokoh biasa

14. Para paraga wiwit dikenalake watake, uga pandhapuke, yen ing drama ana ing perangan… .
A. koda B. orientasi D. resolusi D. komplilasi

15. Ing ngisor iki sing kalebu struktur teks asil observasi, yaiku… .
A. pambuka, isi, penutup C. pambuka, isi, dudutan, penutup
B. pambuka, isi, dudutan D. salam pambuka, isi, penutup

16. Sawijining aksi/ solah bawa, utawa crita kang dipentasake dening paraga-paraga diarani….
A. sesorah C. geguritan
B drama D. panembrama

17. Drama khayalan kang lumrahe nyritakake kesaktene salah sawijining wong yaiku…..
A. drama modern C. drama khayalan
B. drama kolosal D. drama tradhisional

18. Ing ngisor iki sing ora kalebu unsure intrinsik (fisik) drama yaiku….
A. amanat C. paraga
B. adegan D. alur

19. Ing ngisor iki kang kalebu unsure intrinsik (struktur batin) yaiku….
A. tema C. paraga
B. adegan D. alur

20. Para paraga diadhepake ing prakara (konflik) dhewe-dhewe nganti klimaks, kalebu struktur teks drama sing diarani…
A. komplikasi C. resolusi
B. koda D. oreintasi

21. Pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake amrang pamiarsa, kalebu struktur teks drama sing diarani….
A. tema C. dudutan
B. amanat D. irah-irahan

22. Para paraga wis nemokake cara kanggo ngrampungake prakarane (peleraian), kalebu struktur teks drama sing
diarani…
A. komplikasi C. resolusi
B. koda D. oreintasi

23. Ringkesane crita drama diarani… .


A. sinopsis B. plot C. skenario D. improvisasi

24. Paraga drama sing dadi punjere lakon diarani… .


A. paraga protagonist C. paraga utama
B. paraga tritagonis D. paraga antagonis

25. Naskahe drama diarani…


A. sinopsis B. plot C. skenario D. improvisasi

26. Supaya swarane bisa kepenak, wong sing ngatur…. dudu pinter temenan
A. setting B. sound system C. scenario D. dialog

27. Perangan kang nerangake pengerten (definisi) umum saka bakune andharan (pokok persoalan) kang dirembug kalebu
pangereten saka struktur teks laporn observasi sing diarani….
A. pambuka B. dudutan C. isi D.panutup
28. Perangan kang isine dudutan (kesimpulan) lan pangajab (harapan) utawa panyaruwe (saran) tumrap kahanan saka asil
observasi sing wis ditindakake, kalebu pangerten saka struktur teks laporan observasi sing diarani….
A. isi B. dudutan C. pambuka D. panutup

29. Masalah sing paling angel kang diadhepi paraga-paraga ing crita ( puncak permasalahan ) diarani… .
A. alur maju B. konflik C. klimaks D. leraian
30. Ing ngisor iki sing ora kalebu ciri-ciri basa ing teks palaporan asil observasi yaiku….
A. isi teks kudu objektif
B. ditulis adhedhasar kasunyutan (fakta) nalika nindakake pengamatan
C. isi teks ora ngemot bab-bab kang nyimpang saka kasunyutan
D. isi teks kudu subjektif

31. Mobah mosiking polatan para paraga jroning main drama, yaiku diarani… .
A. mimik B. improvisasi C. montase D. konflik
32. Tetembungan sing diucapake ing panutuping drama, yaiku… .
A. montase B. epilog C. sinopsis D. konflik
33. Paraga drama nalika guneman ijen ing panggung, yaiku… .
A. prolog B. monolog C. plot D. epilog
34. Pasulayane gagasan paraga drama kanthi siji lan liyane jroning drama, yaiku… .
A. konflik B. mimik C. montase D. monolog
35. Paraga drama sing mung dienggo genep-genepan wae… .
A. figuran B. asisten sutradara C. sinopsis D. audience
36. Crita drama sing lumakune utawa critane mundur, yaiku… .
A.skenario B. flash back C. montase D. konflik
37. Mobah mosike paraga drama kanthi dadakan manut situasi lan kondisi… .
A. improvisasi B. flash back C. audience D. mimik
38. Dadi pelawak iku kudu duwe… … sing apik supaya ora kentekan omon.
A.skenario B. konflik C. improvisasi D. dialog
39. Amarga pengeras swarane kurang cedhak, mulane… …e ora sepira krungu
A. monolog B. dialog C. sound system D. lighting
40. Urut-urutane crita wiwitan nganti pungkasane crita utawa drama iku diarani… .
A.skenario B. plot C. sinopsis D. setting
41. Sebutane wong-wong sing padha nonton drama, yaiku… .
A.setting B. flash back C. audience D. montase
42. Paraga drama sing dadi pepalang paraga liyane, diarani… .
A.paraga ritagonis B. paraga utama C. paraga antagonis D. paraga protagonis
43. Iguh pratikele anggone mernata pagelaran drama diarani… .
A.skenario B. plot C. montase D. setting
44. Wong sing nulis… … drama iki saiki wis seda
A.skenario B. sutradara C. konflik D. dialog
45. Sapa ta sing dadi … … jroning pementasan drama iki, ide critane kok apik
A.paraga utama B. paraga protagonis C. sutradara D. skenario
46. Sawise nonton drama, aku diutus buguru nggawe… … critane drama
A.skenario B. sinopsis C. improvisasi D. flash back
47. Manut pambijine para… …pagelaran bengi iki kalebu kasil
A.sutradara B. audience C. paraga utama D. asisten Sutradara
48. Aku yen didadekake… …ya gelem, amarga mesthi disenengi penonton.
A.sutradara B. figuran C. paraga utama D. paraga protagonis
49. Wong sing ngatur lan mimpin lumakune drama, yaiku… .
A.paraga utama B. paraga tambahan C. asisten sutradara D. sutradara
50. Tata lampu jroning pementasan drama
A. setting B. lighting C. sound system D. audience

Sing Sapa Jujur Bakal Mujur


Wacanen sing teliti
Miturut Arijanto, ketua Progam Studi Pengobatan Tradisional Fakultas Kedokteran UBAYA, yen godhong
sukun kena kanggo obat penyakit liver ( ati ), yaiku Hepatitis B.
Miturut kepala Poli Obat Tradisional, obat kanggo Hepatitis larang regane, mula dicoba nganggo obat
tradisional utawa herbal sing regane murah lan ora ana efek sampinge.Ngobati hepatitis nganggo godhong
sukun iku kudu tlaten lan rada suwe, saben dina diombe nganti sesasi terus-terusan, jamu godhong sukun iki
bisa diterusake diombe nganti penyakite waras.
Miturut panalitene para ahli, godhong sukun ngandhung zat saponin, polifenol, asam hidrosianat, kalium,
asetilcolin, tannin, riboflafin, phenol. Kalium bisa mecah watu ing ginjal nganti ajur lan dibuwang bareng
karo banyu seni. Godhong sukun bisa nglarutake watu ginjal lan purin, lan nglarutake kotoran-kotoran sing
ana ing njero ginjel. Dadi godhong sukun iya kanggo nglancarake seni lan ngresiki ginjel.
Sing bisa kanggo obat ora mung godhong sukun, wohe sukun sing dikukus bisa ngudhunake kadhar gula
darah, mula becik kanggo wong sing nandhang diabetes.

1. Zat kang kinandhut ing godhong sukun iku akeh banget, Zat kang bisa mecah watu ginjel, yaiku… .
A. phenol B. kalium C. riboflavin D. saponin

2. Tanduran sukun kang becik kanggo wong kang nandhang diabetes, yaiku… .
A. wohe B. godhonge C. oyote D. wite

3. Wong kang nandhang penyakit hepatitis luwih becik dicoba diobati kanthi cara tradisional/herbal, amarga…
A. ora ana efek sampinge lan cepet waras C. regane murah lan golekane luwih gampang
B. warase luwih cepet lan regane ora larang D. regane murah lan ora ana efek sampinge

4. Mupangate godhong sukun yaiku… .


A. ngobati diabetes amarga bisa ngudhunake kadhar gula darah
B. nglarutake kotoran ing ginjel lan ngobati diabetes
C. nglancarake seni, ngresiki ginjel lan ngobati penyakit hepatitis
D. mecah watu ginjel lan ngudhunake kadhar gula darah

5. Tanduran sukun kang bisa ngudhunake kadar gula darah yaiku… .


A. wohe B. godhonge C. oyote D. wite

44. Balia, ya, adhiku kareben bisa kumpul sakulawarga. Tembung balia ing ukara iku, nduwei teges… .
A. saupama bali B. muga-muga bali C. mrentah bali D. sanajan bali

45. Ukara ing ngisor iki, sing kalebu ukara agnya, yaiku… .
A. nulisa soal aku bisa langsung nggarap C. panasa ta, supaya klambiku enggal garing
B. diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine
D. udana ngrecih, aku tetp budhal amarga wis akeh sing ngenteni

46. Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara sambawa : sanajan, yaiku… .
A. nulisa soal aku bisa langsung nggarap C. panasa ta, supaya klambiku enggal garing
B. diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine
D. udana ngrecih, aku tetp budhal amarga wis akeh sing ngenteni

47. Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara sambawa : muga-muga, yaiku… .
A. nulisa soal aku bisa langsung nggarap C. panasa ta, supaya klambiku enggal garing
B. diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine
D. udana ngrecih, aku tetp budhal amarga wis akeh sing ngenteni

48. Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara sambawa : upama, yaiku… .
A. nulisa soal aku bisa langsung nggarap C. panasa ta, supaya klambiku enggal garing
B. diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine
D. udana ngrecih, aku tetp budhal amarga wis akeh sing ngenteni

49. Ing ngisor iki sing ora kalebu struktur teks lapuran observasi, yaiku… .
A. pambuka B. isi C. panutup D. dudutan

50. Ing ngisor iki sing ora kalebu cirri-ciri basa ing teks pelapuran asil observasi, yaiku… .
A. isi teks kudu obyektif C. ditulis adhedhasar kasunyatan ( fakta )
B. isi teks kudu subyektif D. isi teks ora ngemot bab-bab kang nyimpang, saka kasunyataan

You might also like